Kerep Juwara Internasional, Koor Gendhing Using Sepi Ring Banyuwangi
Hasan Sentot (dipublikasikan pada Rabu, 15 April 2020 08:05 WIB)
- Esai
Koor utawa Paduan Suara salah siji seni hang bisa diayahi wong akeh, merga ring kana dipara pirang-pirang uwong kelawan nggawa meceme suwara dhewek-dhewek. Kawitane seni koor iki pancen ditemui nang gereja, aju nang acara-acara resmi lan saiki angger-angger ana acara resmi negara, ormas agama lan umum mesti ngawiti nembang Koor mau. Akeh uga gendhing-gendhing duwene organisasi, lembaga digawakaken kelawan cara koor.
Gedhing-gendhing Banyuwangi (wacanen: Using), sak suwene iki kerep dadi juwara noring tingkat regional, nasional lan uga internasional. Naming semono, hang nggawakaken duduk wong utawa lare-lare Banyuwangi. Mahasiswa utawa pelajar teka Universitas liya ring Indonesia, malah akeh-akehe dudu wong Using. Masiya gedigu, lare-lare mau katon gedhe tekade kadhung nggawakaken gendhing koor Basa Using.
Sak durunge, persasat angger Univeritas ring Jawa Timur lan Indonesia umume, mesthi nggawa gendhing Using kanggo milu lomba tingkat internasional. Gendhing-gendhing hang kerep dadi juwara internasional umpaname "Luk-Luk Lumbu", anggitane ruwahe Pak Andang Chatib Yusuf. Aju ana Gendhing "Padha Nginang" anggitane Indro Wilis lan "Umbul-Umbul Belambangan" anggitane Pak Andang lan Pak Bashir. Masalah hang nggawe ngenese ati, kadhange lare-lare hang nggawa gedhing mau sing nyebutaken iku anggitane wong Banyuwangi. Ana maning hang nulis NN (No Name), alae gendhing iku cetha ana aran penganggite. Mengarep, kudu digoleti kelendi carane supaya kedadeyan iku sing dibaleni maning.
Ana cerita teka Priyo Beni Santoso mahasiswa asal Kecamatan Pesanggaran hang kuliah ring Teknik Mesin Universitas Muhammadiyah Malang. Wayah iyane milu kelompok Paduan Suara seru senenge, merga hang dinyanyekaken gendhing Using judule Impen-Impenen anggitane Andi MP. Masiya iyane saben dinane nganggo Basa Jawa ring kampunge, taping seneng nyang Basa Using, merga tau diwulangaken ring SD. Malah kanca-kancane hang akeh teka luar Jawa, ngaku seneng bisa nyanyi koor gendhing Banyuwangi. Jare kancane mau, gendhing-gendhing Banyuwangi enak dienggo latihan vokal, uga kanggo ngerteni dhaerah.
Beni hang aktif ring Ikawangi Malang Raya iki, uga njelaskaken, kadhung komponis paduan suwara ring Malang seneng seru bisa ngangkat gendhing-gendhing Banyuwangi. Sayange kanggo mbukak komposisi mau, sing kabeh ana kuncine. "Lare-lare niku sanggup tumbas sampek rong juta, kadhung notasi lan kuncine gendhing-gendhing wau wonten. Niki hang ngomong tiyang njabane Banyuwangi, naming arang gendhing Banyuwangi niku ndamel notasi lan kuncin," digu ujare Beni nyang penulis.
Beda maning ambi Emy Aniqotul Izza, Mahasiswi Fakultas Ushuluddin, Jurusan Aqidah dan Filsafat Islam, Universitas Islam Negeri Sunan Ampel (UINSA) Surabaya. Iyane tepak acara Gebyar Keluarga Pelajar Mahasiswa Banyuwangi (KPMB) Surabaya, ketiban sampur dadi dirigen paduan suwara. Kebeneran gendhinge Umbul-Umbul Belambangan hang wis tau dingerteni, uga gampang download ring internet. Masalahe, kanca kabeh dudu lare Using, akeh lare Jawa lan Medura. Emy hang aseli Kaligung, Kecamatan Blimbingsari iku meh mutung, merga sing tau ngerti kelendi iku paduan suwara. Macem-macem suwara ya sing ngerti, mung bandha tekad kepingin bisa tampil nggawa gendhing dhaerahe ring ngarepe Wakil Bupati Banyuwangi, Yusuf Widiatmoko.
Emy ambi Beni duwe karep hang padha, munggone ana latihan husus kanggo lare-lare enom nyang bidhang paduan suwara iki, pantese serta menyang nang kadohan, kaya sekolah, kuliyah lan megawe, keneng dienggo bunci kanggo ngenalaken Budaya Using ring dhaerah liya. Emy hang ngaku buru milu lan dipercaya dadi dirigen, atine seneng seru. Paran maning kanca-kancane hang wayah latihan magih grathal-grathul, temekaken serta wayah pentas kompak lan lancar. Kadhung Beni ngaku mongkog seru nyang paduan suwara gendhing Using, merga liwat proses pemilihan hang njelimet sak durunge dienggo materi paduan suwara hang dilombakaken. Malah komponis paduan suara, ati-ati seru arep nguwah utawa nggawe kreasi aransemen gendhing mau dadi gendhing paduan suwara.
Beni nyayangaken, temakaken ring Banyuwangi dhewek sing tau ana lomba Paduan Suwara gendhing Using. Kamangka ring kelompok paduan suwara kampus-kampus, gendhing-gendhing Banyuwangi iku dadi pilihan utama, uga sing sembarang komponis bisa nguwah lan mainaken. Salah sijine alumni ITS Surabaya asal NTT, tau nyang penulis ngaku seneng gendhing Using. Kebeneran wayah dadi Mahasiswa milu kelompok paduan suwara lan nggawa gendhing Umbul-Umbul Belambangan. Sampek saiki iyane sing bisa lali, paran maning serta gendhing-gendhing Banyuwangi populer ring Nusantara. Malah Beni nimpali, kadhung gendhing Banyuwangi iku kesuwur ring njaba aja mung dangdutan, naming nang ranah intelektual kaya paduan suwara kudu tetep dikuwati.
Sabene ana rencana teka Dewan Kesenian Blambangan (DKB), arep nganakaken lomba Paduan Suwara tingkat SMA sak Banyuwangi. Naming sampek seperene, rencana iku nana jeluntrunge. Alae kadhung ditemenani, lewat lomba Paduan Suwara kanggone lare-lare enom, bisa kanggo nambah seneng lan mongkoge lare-lare mau nyang gendhing aseli Banyuwangi. Kaping pindhone, bisa kanggo ngelestarekaken Basa Using iku dhewek. Kelawan cara lomba digi, lare-lare mau pungkasane ya kudu ajar ucap using hang bener, uga ngerteni maknane gendhing, merga akeh ujar hang wis arang ditemoni saben dinane.
Potrek: Juwut teka Youtube.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Foto Courtesy Youtube
Editor: Antariksawan Jusuf