Kesandhung Paesan

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 17 Januari 2025 08:54 WIB)
- Esai



P A E S A N

Aran kuburan mesthi identik ambi paesan, utawa paesan mesthi identik ambi kuburan. Kaya kuburan umum iki, hang ana ring kidule kantor pemda iki. Kelebu wera ukurane iki. Embuh pirang ewu uwong hang wis dipetek ring bumi kene, kelebu emak-bapakisun.
   Nyawang merana-merana katon paesan mecungul nong selane suket-suketan, nong ngisore wit-witan, ana hang ijo, biru, tapi akeh-akehe putih; kontras, mencilak nong antarane ijo-ijoan. Bengen engetisun kawitane TPU iki kelapaan, dhuwur-dhuwur. Saiki kari siji-loro, hang dominan ganti wite jati memei gedhi-gedhi. Sebagiyan serta gedhi kepareken ambi peturone wong mati. Hang nandur sing mikir gadug semono bengen. Delengen dhewek bongkote, hang wis lebih teka sakpelukane wong gedhi ukurane iku dadi nerak, dadi kaya mbongkar kijing hang ana ring iringane kono. Mayite aju kelendi iku ring njero, ring ngisore kono? Muga-muga wis balik dadi lemah maning, gena sing nggoleti hang nandur. Paesane ya katut nggelimpang, bisa bain sebagiyane merga lawas sing disambang aju ilang. Kadhung golet-goletan salah, salahe sapa iki?
   Kene mau emake kanca ninggal, dipetek ring kene pisan. Abete aman, adoh teka wit-witan. Nganteni marine prosesi metek kono mauka, ana salah sijine pelayat hang kesandhung paesan. Jare wong hang ngadeg ring sandhingisun, "Eh! Ale tasemakan. Magih kesandhung." Isun mandheg meneng ambi mesem. Apuwa mesem?
    Isun dadi enget ceritane tangganisun bengen, tau apes gara-gara paesan.
   Tangga iku ceritane nepaki nganggur, memengan nyang kancanane ring kulone Kemasan, ring kulon lurunge. Ya iku kuburan, TPU-ne warga Panderejo. Paran dicekek jak akehan ring kuburan yong dina iku sing ana wong mati ya?
   Ngucut, Ndhuh! Main! Eh, sing duwe wedi main picis nong kuburan, raina. Kadhung ketemon, kadhung misale ana hang lapor kelendi?
    Byek! Sing luput. Sedurunge iku nawi aman-aman bain, teplak-teplek disekseni paesan-paesan. Dina iku embuh naga dinane tiba ring endi, madhepe tangga2 mauka embuh salah madhep nyang endi? Bangete kabeh padha fokus, konsentrasi...
   Grusak! Grusak! Grubyakk...!!
    Wong sak kalangan sak penontone kompak pating gemerudug mubar, buyar kepelayon sak antere, pontang-panting sak kuwate. Golet selamet dhewek-dhewek Kapok sira! Ambi setane kuburan pira bain akehe sing wedi, ambi pulisi sukur sithik bain keciran sing karuwan.
   Ceritane, ana hang selamet, lolos, ana hang sing. Tangganisun hang wektu iku wis kelebu tuwek, termasuk hang kalah sprint lari cepat. Iyane kecandhak pak pulisi, diborgol tangane, diunggahaken pikep. Hang ngguyokaken, hang nggarai isun mauka mesem dhewek, wis melayune edheng magih kesandhung...paesan!

Iskak Basuki

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Iskak Basuki

Editor: Hani Z. Noor