Anggitane: Satria Pujangga
(Minggu, 14 Juni 2020 07:19 WIB)

Kesiluran


Pelajaran olah raga wis mari. Lare-lare padha bubar, ana hang nyang cedhing, nyang kantin sekolahan lan balik nyang kelas maning. Isun magih ngeringkesi tembung voli hang mau dienggo olah raga aju sun gawa nyang gudhang. Ring tengahe lakon, Komar nyeluk Isun teka kadohan. Iyane katon gupuh marani Isun. Ring tangane nyekel amplop kelir biru. Isun mandeg ngenteni Komar hang mara nyang Isun.

“Sat, Isun titip surat iki yah. Engko wakaken Anita.," tangane nyelempitaken surat nyang sake triningisun.

“Anita sapa Mar?” Isun magih durung weruh nyang lare hang Iyane tuju.

“Engko bain Sun duduhi.” Komar langsung agage melayu balik maning nyang kelase.

Isun nerusaken melaku nyang gudhang mbalekaken tembung. Sakmarine teka gudhang, Isun balik nyang kelas. Isun ambi Komar saiki wis bida kelas. Magih kelas 1, iyane sak kelas lan sebangku ambi isun. Sun dudut amplop biru teka ring sak.

“Kanggo Anita”, ring ngarep ana tulisane.  Isun magih sing ngerti Anita hang endi. Amplop kelir biru iku sun lebokaken nyang jeru tas aju sun tinggal metu nyang cedhing arep salin kelambi seragam maning.

Ambi melaku, sun ngelirik nyang kelase Komar hang jejer ambi kelasisun. Iyane magih diwulang pelajaran matematika. Kurang 15 menit engkas wayahe ngaso. Abete Iyane mau metu teka kelas alasan arep nyang cedhing. Pikirisun apuwa sing pas ngaso bain nitip surat nyang isun. Kari sing serantan temenan.

Jam 09.45, abane bel sekolahan muni ping pindho tandhane wayahe ngaso. Isun lungguh ring bangku ngarepe kelas nyeja ngenteni Komar metu teka kelase. Sing kari suwe, Komar metu lan langsung bain mara nyang isun. Iyane wis ngerti kadhung isun ngenteni iyane. Agage iyane lungguh ring sandhingisun.

“Engko wakena temenan yah surate.” Komar ngilingaken isun maning.

“Sulungtah, hang Rika maksud iku Anita sapa sih?” Isun magih sing ngerti.

“Iku yah, Anita adik kelase kene hang biyasah mulih bareng Rika,"  ambi nabok lengenisun.

“Owh... Anita kancane Yuli ambi Nining iku tah?” Isun wis ngerti sapa hang dimaksud.

“Byek Isun ngesir nyang lare iku," sing kathik isin iyane nduduhaken perasaane.

“Iya wis engko sun wakaken," sun sanggupi penjaluke Komar.

Mari gesah sedhilut, Komar ngejak isun nyang perpustakaan sekolah. Ring jeru perpustakaan Isun ambi Komar nerusaken gesahe mau. Perpus mula enak dienggo gesah, kadhung ring kantin mesti bain rame sing bisa gesah enak. Komar sun teges, kelendhi kawite sampek iyane duwe rasa dhemen ambi Anita. Iyane cerita kerana saben dina mulih bareng.

“Apuwa Rika gok milih Anita Lik, sing Yuli bain?” Isun mara-mara takon nguweni pilihan.

“Uwis, pokoke atinisun sir nyang Anita.” Iyane sing keneng dibilukaken.

Anita kulite putih, Yuli kulite sing kari putih taping manis lan matane katon landhep. Isun mula sing nguweni pilihan Nining, mergane lare siji iki wis duwe dhemenan. Hang pasti lare telu adhik kelasisun iku katon padha ayune. Bel sekolahan wis muni maning. Isun ambi Komar agage metu teka perpus nuju nyang kelase dhewek-dhewek. Atinisun magih mamang, bener tah Komar iku sir nyang Anita. Polahe hang anter dijak gesah ambi mulih iku Yuli. Endane gesah ambi Yuli saking enggo alasan parek nyang Anita, pikirisun.

***

Pas Jam 1, bel sekolahan muni ping telu. Murid-murid Madrasah Aliyah padha buyar mulih. Sing kathik semayanan, isun, Komar, Yuli, Anita, Nining lan kanca liyane mulih bareng. Kabeh ndharat teka sekolahan nyang panggonane nyegat montor colt. Ambi melaku padha gesah turut dalan. Sing kathik diperintah, Komar langsung bain nyerendhel milu gesah ambi adhik kelas mau. Isun gesah ambi kanca liyane ngetutaken ring mburine.

Panase serngenge hang jemethet sing dirasakaken. Saben dina, melaku ndharat hang adohe sekilo. Kesele awak sing dirasakaken, hang ana ring pikiran agage gadhug panggonan nyegat colt. Ring kana wis ana hang nagenteni, es combor dodolane Man Nok. Gadug kana lare-lare padha tuku es. Isun ngadeg ring terotowar ambi ngombe es. Komar mara maning nyang isun ambi nyekel es combor sak gelas ring tangane.

“Aja lali yah.” Iyane ngilingaken maning.

“Iya, iya. Engko Sun wakaken ring jeru montor bain," saurisun.

“Sip.” Komar ngacungaken jempole.

Montor colt wis teka, lare-lare padha melebu nyang jeru montor. Sak montor isine mung lare sekolah Aliyah kabeh. Sing ring dalan sing ning jeru montor, lare-lare ya tetep bain padha gesah maning. Embuh tah wis hang digesahaken iku kadhang sing ana juntrungane.

Serang ketungkul gesah ngalor ngidul Isun lali nguwakaken surat titipane Komar kanggo Anita. Serta wis mudun isun buru iling kadhung isun dititipi surat ring Komar. Sun pikir kisuk bain wis sun wakaken, magiya ya saben dina kecaruk.

Dina Sabtu, isun kecaruk maning ambi Komar ring sekolahan. Sun sawang Iyane kari seru kepingin weruh surate wis sun wakaken tah durung.

“Wis rika wakaken surate?” langsung bain Iyane takon.

“Sepurane yah, sore Isun lali ketungkul guyon.” Isun rada sing enak nyang Komar.

“Duuh... gedigu agh,” suarane Komar rada susah.

“Uwis tah engko Sunwakaken, aja kuwatir," semaurisun maning.

Isun ambi Komar gesah liya ngomongaken ulangan engko. Kelas isun ambi Komar padha-padha ana jadwal ulangan matematika. Sun buka-buka buku cathetan matematika nggo ulangan engko. Semunu uga Komar, iyane seru temene maca cathetane. Kadhang ya takon nyang isun kadhung ana hang sing paham.

Wayah mulih sekolah wis teka. Ring dalan, Komar sing leren-leren ngilingaken isun bab surat kanggo Anita. Isun iling nyang mamange atinisun apatah Komar iki temenan dhemen nyang Anita.

“Lik, Isun nak takon nyang Rika. Bener tah hang Rika sir iku Anita?”

“Iyok, kelendi sih gok Rika mara-mara takon gedhigu. Rika sir pisan tah?” takone Komar.

“Using lik, Isun mamang nyang Rika iku. Aja-aja Rika luput.” saurisun.

“Luput kelendi?” Komar saya bingung.

“Acak dudingen antarane lare loro iku hang Rika sir.” kongkonisun nyang Komar.

Komar langsung nduding salah siji antarane Anita ambi Yuli hang melaku noring ngarep. Isun langsung gemuyu kepingkel-pingkel sing keneng diendhegaken. Komar bingung nyang polahisun hang nana samparane mara-mara gemuyu kepingkel-pingkel.

“Apuwa Rika gemuyu Sat?” Komar takon nyang isun.

“Luput lik, rika iku kesiluran,” omongisun ambi gemuyu sing mari-mari.

“Kesiluran kelendi maksudrika?” Iyane tambah bingung sing karuan.

“Hang Rika tuding iku mau arane Yuli, dudu Anita,” ambi sun sundhungaken awake Komar.

“Iya tah Sat?” Komar ngendhegaken lakune ambi cengeng nulih Yuli.

“Kelendi, surat iki paca tah sun wakaken Anita?” sun kipas-kipasaken surat ring tanganisun.

“Aja kathik..!” tangane langsung njeragut surat teka tanganisun aju dilebokaken nyang tase.

Turut dalan, Komar sing leren-leren ulihe getun. Iyane sing nyana kadhung hang didhemeni iku Yuli dudu Anita. Rasane wetengisun sampik kariya mules ulihe ngguyu Komar. Ya emane tah surat iku mau durung sun wakaken nyang Anita. Munggane yara paca kesiluran dhemenane. Jare isun sandhal bain bisa kesiluran. Temakena dhemenan ya bisa meh kesiluran, yara aju kelendi?

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf