Anggitane: Moh. Syaiful
(Minggu, 16 Mei 2021 06:02 WIB)

Kik Suyit, Jangan Bung lan Pelasan Wader


Angger mari sembahyang Lohor Kik Suyit saba pinggir banyu mburi umahe. Sarunge dicincing ana ring pas pucuke dhengkul, kethu cemeng magih temepel ana ring pelengane. Abete  wis rada miring pucuke. Kethunuk-thunuk melakune naming magih sagah nyangking timba hang isine banyu. Kabeh tanduran disirami sakat pucuk kulon sampek pucuk wetan. Nora mikir iku tandurane sapa. Kabeh tanduran disirami.

Tandurane dhewek pas ana ring mburi umahe. Ana buthe, sawi, ana uga selo hang merambat nyang uwite santen. Jajang benel hang ngerobi tandurane dirempesi rijik. Pokoke aran mburitan umahe katon rijik sembarang tanduran merujuk apik. Dalane uwong nyang banyu uga disapuni saban esuk. Pokoke nggawe dhemen uwong hang adus ana ring dhawuhane Kik Suyit.

Ngarepaken magrib anggere Kik Suyit meleng kicir ana ring ngisore dhawuhane. Kala-kala ulih wader lan uceng. Kadhung rejeki ulih lele lan uling gedhe.

Gediku iku dilakoni saban dina mudhun sedela wayah Asar ngepos sembahyang aju tandang maning sampek ngarepaken Magrib.

“Sing duwe kesel ya aran Kik Suyit iku,” omongane Suwar nyang Awik ana ring dhawuhan ambi nggebek sikile nganggo watu kasab. Sing dhemen nyang Kik Suyit Suwar aruh-aruh meh saban dina.

“Anggera wayah asar wayahe wong adus nggawe kothoran ana ring ndhuwure dhawuhan, alihe ring ngisore kene iyane magih adus!” Suwar gecus.

Uwong sing bisa meneng, iku arane patheng,” saure Awik ambi nyebur selulup nyang banyu hang kening mili gangsar ngeliwati paras kiwa tengene.

“Engkotah godhonge jajang iku melebu nyang dhawuhan, kothor maning banyu iki!” Suwar nggerecek maning omongane.

“Barangan godhong jajang garing belaka madak gawe banyu getuh,” saure Awik ambi mangkat nyebur nyang banyu ambi nyampug godhong jajang hang kala-kala keli nong panggonane iyane adus.

“Sedela bain ya keli ngetanaken,” Awik nerusaken bantahe serta mari ngekum awake ring dhawuhan gaweane Kik Suyit iku.

“Kik! Kik Suyit!”

“Durung mari-mari Kik!” Suwar sing kanti nganteni banyu hang magih mili godhong jajang pecake Kik Suyit rijik-rijik ndhuwur dhawuhan.

“Kadhung sing ana Man Suyit kira-kira arep rijig dhawuhan iki,” Awik ngengetaken Suwar makene sing alok-alok ambi selulup koncar-kancir.

“Kik! Lauta wis, wayahe wong adus iki!” suwarane Suwar melung-melung ngauki Man Suyit.

Man Suyit mung katon mesem ambi ngindhit welasah hang isine godhong jajang garing hang dijumputi merga nimbruki selok tandurane. Godhong jajange dikelumpukaken ana ring sandhinge barongan jajang. Sakwayah-wayah engko bisa dienggo rabuk tandurane kadhung wis ajur dadi lemah.

“Geningna wis, uwonge wis ngarti. Mari gediki iyane adus aju sembahyang magrib ana ring wakape!” Awik ngguthit sarunge Suwar hang magih durung othak-othak mangkat adus.

Pungkasane Suwar mulih kari teka dhawuhan merga kesuwen nganteni Kik Suyit rijik-rijik. Kancane adus wis padha mulih sakat mau.

“Nagud!” Suwar ngucap sing kuwat ngabeti atine hang medhedeg.

***

Mari bedhug lautan megawe, Suwar liwat selompongan umahe Awik. Awik katon lungguh silah ana ring pelanca ambi nyangga piring. Awik madhang dhewekan kari katon doyane sampek meh sing weruh ana Suwar liwat ana ring selompongan umahe.

“War.. Mampira sulung. Ayo madhang,” Awik nawani Suwar temenanan sing mung abang-abang lambe.

“Iwak paran katone kari windhul,” saure Suwar.

“Jangan bung diragi kuning ambi pelasan  wader,” saure Awik ambi nduduhaken piringe nyang Suwar.

“Iya wis, isun nak milu madhang,” Suwar sonder pikir-pikir nyandhak piring aju milu madhang ana ring pelancane Awik.

“Sulung nak takon,” Suwar ngomong ambi muluh-muluh cangkeme.

“Apuwa?” Awik mung semaur cendhek merga gage-gage pulukane ngelebokaken pelasan wader lan jangan bung hang maune kari ana ring piringe. Iwak pungkasan saya enak pungkase madhang gancang-gancang dieplok pisan.

“Iki mau tuku nyang ngendi pelasan wader ambi jangan bung kari wenak?” Suwar negesi.

“Jeh.. Aja nyamah sulung. Iki mau wong wadon isun hang olah-olah, kelendi wenak?”

“Iya Kang.. Kang Awik mulih teka dhawuhan mau isuk dicangkingi wader ambi bung jajang benel,” Suwar rada kaget rungu cerita teka njero pawon.

“Iya iku. Kik Suyit hang nguweni Kang Awik,” Ekah wong wadone Awik nerusaken gesahe teka kadohan.

“Gage-gage sun olah, Kang. Weruh wader kari seger buru ngentas teka kicir, kaya nak cicir ilurisun, Kang,”  Ekah cerita teka pawon pinggire bengahan ambi nerusaken olah-olah ring ndhuwure bengahan.

“Haah?” Suwar meceger nora obah ambi ngerasakaken kaya nak kebaglek ana ring gorokan jangan bung lan pelasan hang buru bain dieleg.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : cercen

Editor: Antariksawan Jusuf