Kiling Using Gambaran Urip Ana ring Donya

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Rabu, 17 Februari 2021 07:55 WIB)
- Esai



Manjer kiling anggone wong Using Banyuwangi iki sing mung sakderma kayadene wong memengan layangan paran maning kaya wong memengan temekeran. Naming arupa wong memengan utawa hobi hang nguweni gambaran urip utawa palsapah urip ana ring donya iki. Miturut wong Aliyan hang nduwe kiling “Si Embah Buyut” bengen, wong manjer kiling iku kanggone pengiling-iling.

Kabeh menungsa hang urip ana ring donya kudu iling. Iling nyang paran? Iling nyang Hang Nggawe Urip ana ring donya iki.

Kayadene kiling hang dipanjer ana ring tengah sawah hang munyeng terus ana ring porose, sakmono uga urip iki hang kudu ajeg kenceng anggone manggon ana ring incere utawa ana ring porose. Kadhung bisa urip mituhu ana ring incere. Manjer kiling hang gediku bisa munyer lan bisa muni enak dirungokaken wong akeh. Bisa uga nggawe seneng wong hang nyawang lan wong hang ngerungokaken. Naming kadhung urip iki luput teka incere bakale sing bisa melaku lan sing bisa manjer.

Munyenge kiling ana ring panjerane mergane ana angin hang bisa nguweni tenaga, sakmono uga urip ring donya iki kabeh menungsa magih butuh ambi tenagane wong liyan. Mula iku menungsa sing bisa urip dhewek. Kabeh magih mbutuhaken bantuwane wong liya.

Kiling iki ana wadonan lan ana lanangane gediku jare Sampur, wong Aliyan hang duwe kiling arane Samudera iki nerangaken. Lanang manggon ana ring incer kiwa wadon manggon ana ring incer tengen utawa sakbalike, gediku Sampur nyeritakaken anane kilinge gawenane iku. Hang bisa ngetokaken suwara mesthi bain hang lanangane naming wadonane uga dianggep penting merga wadonane iki kanggone imbangan. Masiya wadonan iki sing bisa muni mung dienggo imbangane bain naming kadhung sing ana wadonane sing bakal kiling iki munyeng. Iki nduduhaken kadhung wong urip ana ring donya iki wis digawe pasang-pasangan antarane wong lanang lan wong wadon hang kudu bisa urip bebarengan.

Kadhung nggawe kiling lanangane kudu ring ngarep melakune, sakteruse wadonane ngetutaken ana ring mburine. Kaya hang wis diatur ana ring Pengeran Hang Kuwasa kadhung wong lanang iku wis dipastekaken dadi pengarep utawane dadi imam.

Wong nggawe kiling iki padha ambi tuku suwara merga hang dipastekaken benere kadhung kiling bisa ngetokaken suwara. Suwara ubed hang kaya dene suwara helikopter liwat, sing ana pedhote lang sing ana mandhege iku diarani kiling apik, gediku jare Winari, tukang kiling teka Aliyan nerusaken ceritane Sampur ana ring ngisore panjeran kiling Cempokosari Aliyan.

Maceme kiling kadhung dirungokena teka suwara ana rong macem, nomer siji aran kiling celurutan hang unine mung suwara cilik naming akas anggone nyuwara lan hang nomer loro kiling suwara jedhodan yaiku kiling hang unine anteb kaya dene suwarane helikopter hang arep mudhun teka ndhuwuran.

Kiling makene bisa nerima angin langsung sing ana tandhesan teka wit-witan kudune dipanjer mendhuwur lebih teka rolas meter dhuwure. Mesthi bain masange nganggo andha lanang yaiku arupa andha naming mung siji jajange. Patarane andha ana ring kiwa lan tengene jajang hang ngadeg. Andha lanang biyasahe kenceng mendhuwur lan ditaleni nyang uwit hang dienggo cekelan panjere kiling. Sakteruse kiling dipuket ring Jajang Petung utawa Jajang Ori teka ndhuwure uwit dhasarane iku mau.

Manjer kiling kanggone wong Aliyan nyatane netepaken pegaweyan hang ana ring sawah. Kiling hang biayasahe digawe ring mangsa sedurunge udan iki kanggone wong tani dadi kegiyatan nenteremaken ati sedurunge wayah tandur teka. Kadhung ring mangsa angin teka wong tani mangkat nemu senenge merga mari angin teka biyasahe udan sakteruse nututi tekane. Kadhung wis udane teka sawahan bisa kepus maning, banyu bisa amber maning lang mangsa tandur bisa diangkati maning. Ring mangsa udan teka biyasahe kiling wis mangkat perei merga sing ana angine lan mangsane wis ganti mangsa udan mangsa kanggo tandur ring sawahan.  

Sejatine urip iku mung ana ring senenge ati utawa tentereme ati. Seneng lan tentreme iku manggon ana ring njero awake dhewek dudu ana ring donya utawa samubarang hang diduweni kayadene pesugihan lan kaya dene barang hang diduweni. Mula iku kadung wis seneng manjer kiling bisa gawe tentereme ati.  Menungsa hang wis ulih tentereme ati sing bakalan nguwus-uwus ulihe golet donya. Gediku kirane gambaran urip anggone para tukang kiling ana ring Cempokosari Aliyan Rogojampi.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kabar Desa

Editor: Hani Z. Noor