KKN Ring Desa Penari (bagiyan 1 teka 2)

Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Kamis, 29 Juli 2021 11:28 WIB)
- Laporan



Sapa hang tau weruh berita hang ngangkat cerita “KKN di Desa Penari”? Aju sapa hang tau weruh kadhung panggonane hang ana ring kabar iku ana ring dukuh desa Glagah, kecamatan Glagah? Nah, desa iku ya dadi panggonanisun sak kancaan teka kampus Universitas Airlangga Surabaya cabang Banyuwangi nggelar Kuliah Kerja Nyata (KKN).

Kawitane, makene nggampangaken pegaweyan, isun sak kancaan wis nyulungi arep KKN sakat awal taun ring ulan Januari, sekaliyan golet panggonan hang tepak lan enak hang nggarai pernah. Malah wis nggawe grup WA hang isine nggesahaken papan panggonan KKN saben dinane. Tapi kuwasane Gusti kok hing ana pungkase sampek kanca kancanisun metu siji-siji karepe dhewek hing ana hang pamit. Ale isun ya milu gesah lan hing tau ana niyat nggeningaken kanca-kanca mauka. Ring kana isun ya mikir nong awakisun dhewek nawi ana lupute isun sak suwine bareng-bareng sak grup iku mauka, mbuh teka ucap utawa tingkah lan semaya hang sing enak ring pikiran lan atine lalare iku. Isun hing bangkel, mung ana rasa ngersula merga teka tingkahe kanca mau sampek jumlahe mung dadi telung lare teka hang maune enem. Tapi isun yakin, kanca-kanca metu teka grup hang kawitan hing merga bangkel nang isun, mesthi merga liyane.  

Diajak milu kelompok liya

Isun nggawe grup iku sakat ulan Pebruari, dene KKNe marek lebaran Idul Fitri waktu iku, ring tanggal 29 Juni-25 Juli taun 2020. Bubare grup iku ngarepaken ulan pasa hang ring kana isun mung bisa ndonga nong Pengeran muga bain bisa diganti hang lebih apik lan isun ya mikir bubare grup iku nawi ya wis mula tulise. Sun anteni ahire sampek kira-kira lebaran ulih limang dina, sukure akeh kanca hang nakokaken isun wis nduwe grup KKN tah durung. Ring kana isun kawitane bingung mbalesi kerana hang nakokaken ana lare telu tapi sun akali teka hang sulung-sulungan nakokaken mauka teka pesen WA. Alhamdulillahe teka lare telu mauka hang loro mara-mara ngewurungaken  ngajakisun kerana wis genep utawa wis pas anggotane, hang siji temakaken durung, ya iku wis isun milu kancanisun iku. Hang ngajaki iku kancanisun sak kelas ring kuliyahan, arane Dimas lare dusun Cangkring Desa Pengatigan Rogojampi hang bengen kanca seperjuwangan tepak daptar ulang ambi ospek ring Surabaya.

Serta wis dadi, langsung dianakaken rapat dadakan kanggo persiyapan KKN hang jadwale wis parek sakat mari lebaran. Ring rapat iku padha mikir kabeh kanggo ngelaksanakaken kegiyatan paran bain hang sekirane bisa lancar uga didhemeni ambi masyarakat hususe hang bisa dienggo ring dina mburi lan sing ngelanggar protokol kesehatan. Ring kana temakaken lalare padha nduweni sipat dhemen muyab, dadi ya gedigu sakat ngawiti rapat sampek nemokaken asil ahir sing leren dicampur muyab sithik-sithik, masiyatah kudu serius temenan, iku ya perlu makene sing kari kaku lan tegang. Anane padha dhemen muyab kabeh, asile sak kelompok iku mauka sakkal bisa guyub ring antarane lare siji lan liyane. Hang utama yaiku nggawe aran kelompok KKNisun yaiku “SAGAH WANGI” (Semebyar Arum Glagah Banyuwangi). Sakmarine iku sing lali ya digawe pisan susunan kepanitiyaan makene ana tugas hang ditanggung dhewek-dhewek masiyatah kadhung wis tandang ya tetep digendhong indit. Wis mari kabeh ulihe njangkepi sarat-sarat kanggo KKN, ahire isun ambi lalare sak kelompok milu nyang pembukaan KKN teka kampus pusat nganggo cara virtual.

(logo KKNisun ambi lalare)

Kawitane dina KKN wis dilakoni yaiku pembukaan nyang Desa Glagah hang dipimpin langsung ambi lurahe kana kelawan patuh miloni protokol kesehatan. Alhamdulillah isun sak kancaan diterima apik ambi wong Glagah paran maning nyang target KKN mauka yaiku nyang Dusun Dukuh Talun Jeruk, ambi njaluk idin nyang paman Lasmidi hang dadi tetuwa adat ring Dukuh Talun Jeruk, uwonge geromyoh lan apikan, paran maning tetuwa adate ya cumpu magih pamane salah siji kancanisun hang sak kelompok KKN yaiku Fitri lare jurusan akuntansi UNAIR Banyuwangi.

 

(potrek tepak buru mangkat KKN dina kawitan ambi potrek bareng pak Lasmidi)

 

Mitos hang temekaken kedadeyan

Ring wayah KKN iku, isun wis rungu teka suwara manuk hang padha liwat seliweran ring kupingisun kadhung ring KKN iku dipercaya kadhung bakale ana hang padha ngesir ring sak kelompok mauka utawa cara lare saiki arane “Cinlok” (cinta lokasi). Paran maning kabar hang wis akeh ring media gok dhukuh Talun Jeruk iku arep dadi panggonane cerita “KKN DI DESA PENARI”,  jare pisan dipercaya bakale mesthi ana hang kejimen ring sedawane KKN. Temakaken kabar iku sun rasakaken temenan ring wayah KKN iku, masiya magih ana rasa hing percaya merga sun pikir iku mung ketepakan.

Sithik hang bisa sun ceritakaken yaiku:

Hang kawitan, yaiku pekara ana hang dhemen ring antarane sak kelompok. Ring kana ana lare wadon hang asli teka dhaerah Klatak Banyuwangi, arane Ardha. Temakaken iyane dhemen nyang isun. Lare iku kuliyahe ring UNAIR tapi hang nong Surabaya njuwut jurusan Kesehatan Masyarakat. Isun kawitane kecaruk ambi larene ya mula wis sakkal akrab, mili bain dhung wis gesah, uga muyab, dadi nawi larene ya wis ngerasa pernah ambi isun. Isun dhewek serta isun ngaca sun pikir nong atinisun jeru-jeru ya hing ana kerasa paran-paran nyang larene, tapi isun magih ana rasa ayem lan pernah sakat kecaruk kawitan ika. Rasa dhemen iku kawitane isun sing weruh dhewek teka larene langsung, tapi magih buru weruh teka kanca-kanca liyane sak kelompok hang padha nggeredhoi isun ambi Ardha iku. Sun pikir lalare iku muyab tapi ya ring sak melakune dina ambi bebarengan ngelakoni kegiyatan KKN iku kok kabar iku saya kerasa temenanan. Isun dhewek ya hing arep ngapusi nyang perasaanisun, lan isun kadhung dhemenan ambi lare wadon ya hun terima paran anane. Tapi isun magih duwe  kriteria dhewek, paran maning isun ya magih duwe pantangan teka keluwarganisun kelendi kadhung nggolet dhemenan, ahire ya iku sun cocogaken nyang Ardha mauka. Temakaken sedurunge isun nandur winih welas nong tegalan welas ring atinisun, ana salah siji pantangan hang ana ring Ardha iku hang sing bisa sun alesi. Ring kana isun kepikiran maning nyang larene, kerana isun dhewek hing tega, sakat bengen ya wis tahu ngelarani atine lare wadon hang padha dhemene nyang isun. Iku sun anggep padha ambi isun dhewek hang dilarani. Ring saben dinane malah isun nyang larene ya tuwuk kadhung gesah nong WA. Tapi ring nyatane isun sengidan nyang lalare ambi mikir kelendi carane isun ngomong dhung isun hing bisa nerima welase Ardha tapi aja sampek ngelarani atine .

Ulih pirang dina melaku, temakaken lalare padha nduwe rencana yaiku ngelungguhaken isun ambi Ardha keloron. Dhung KKN biyasahe kumpul ning umahe Fitri ring desa Glagah, dhung wis arep tandang gawe kumpul ring umahe tetua adat. Ring kana uga, ring njero umahe kana isun ambi Ardha dikongkon gesah lan marekaken pekara dhemen-dhemenan iku mauka hang magih kembang-kembang ring awang-awang kasmaran. Ring kana sedurunge isun wis curhat nyang lalare sak kelompok ring mburine Ardha, cumpu kabeh wis diceritakaken nyang Ardha. Ring kana isun terus terang nyang Ardha kelendi perasaanisun nyang larene, hang setemene isun ya bisa nerima welase. Tapi ana alangan pantangan teka keluwarga lan uga ana kriteria hang sing hun dhemeni teka Ardha. Isun ya akhire rungu dhewek teka ucap lambene Ardha hang ngawe-awe dhung saben kecap dibarengi temetese banyu suci hang mili teka endahe matane. Isun hang setemene sing tega ya kudu tega kerana makene welas hang kemambang mauka bisa dijuwut ambi lare lanang liya hang pantes uga hang bisa nandur ring atine makene welase Ardha bisa kewales. Rasa kuwatir akhire bisa ilang kerana gedhine pangertine Ardha nyang kahananisun lan kekarepanisun, uga paran hang sun jaluk bisa iyane terima kelawan jembar dhadha lne, yaiku hun jaluk tetep bisa kancaan lan muyab kaya biyasahe tanpa ana rasa hing enak kerana wis tau dhemen lan didhemeni. Rasa lega ring atinisun lan Ardha wis ngadhemaken pikir lan ati, seteruse sampek saiki ya hubunganisun lan iyane Alhamdulillah apik lan kaya biyasahe bisa muyab dan kancaan kaya dene tepak kawitan kecaruk.

Kapindho,  yaiku kedadeyan kejimen hang dirasakaken ambi kancanisun Ardha. Mula gara-garane larene waktu iku tepak alangan (em), dadi waktu iku larene sakkal hing sadhar lan dileboni ambi jim hang temakaken mula tunggune umah hang tepak iku dienggo rapat ambi kanca-kanca sak marine milu nulungi nyang Festival Kuliner Ring Desa Glagah. Umah hang dipanggoni isun lan lare-lare ngempos iku umahe emboke Fitri hang magih durung dienggo sak marine direnopasi, ya mula umahe gandhengan ring wetane umahe Fitri percis. Bacang-bacangan nyang awake Ardha hang terus umet sing kakaruwan, ambi ngupaya ngewarasaken kancanisun mauka, ketua kelompokisun hang bisa lan weruh anane jim lan uga ditulungi ambi tangga lan sampek nyeluk pak lurah lan pamane Fitri hang dadi tetua adat ring dukuh Talun Jeruk. Sak tekane wong loro mauka Alhamdulillah wis bisa waras, tapi hang nggarai bingung lok sampek emeh jam telu isuk buru aron. Ahire ring kana ditulungi montore Polsek Glagah, pak lurah ngajak isun ngateraken Ardha ambi kancanisun Rijal. Rasa nderedeg lan get-geten magih dirasakaken ring isun lan kanca liyane sakat kedadeyan iku, masiya ya kabeh iku kudu bisa dienggo pengalaman ring dina mburi. Sak marine KKN hang durung mari lan uga keputusan teka ketua lan kesepakatan bareng-bareng, kerana kedadeyan iku kegiyatan hang wis direncanakaken sak marine iku diundur sampek kabeh kanca-kanca iki mau rijig teka nderedege ati lan pikiran hang sing kakaruwan.

(Ana sambungane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : pribadi

Editor: Antariksawan Jusuf