KKN Ring Desa Penari (bagiyan 2, entek)

Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Jumat, 30 Juli 2021 08:03 WIB)
- Laporan



Genep emeh sak ulan iku mauka Alhamdulillah isun ambi kanca-kanca bisa ngelakoni rencana sampek pelaksanaan paran bain hang didhukung ambi pak lurah, masyarakat, uga sesepuh adat ring dukuh Talun Jeruk iku. Masiyatah kadhang nggawe rame dhung wis padha laut ambi padha ngempos sak marine tandang nggawe. Ring kegiyatan KKN iku isun ambi lalare nduweni program-progarm hang intine bisa manpaat nyang masarakat yaiku ngedum bantuan nyang hang mbutuhaken lan milu nulungi tepak ana festival kuliner nyang desa Glagah yaiku “DNBK” (Dodolan Bengi Nong Kampungan). Isun sak kancaan nulungi ngengetaken hang dodol makene miloni protokol kesehatan ambi nyambut para tamu hang kepingin weruh lan tuku dibarengi ambi ngecek suhune. Kabeh program hang akeh-akehe nganggo sistem njero kawat (online) tetep bisa kelaksan masiya sithik ana bain alangan hang nyerintung. Malah sampek ana hang emeh satru, emane ketuanisun larene tegas aju ngelungguhaken lare-lare mauka ambi isun pisan lan kudu terus terang nyang isi atine makene lega.  Alhamdulillah serta wis mari lan lega kabeh padha njaluk sepura ambi padha ngembeng eluh nggawe guyube kelompokisun maning kaya hang kawitan kecaruk.

Kisah kenangan ring Kos-kosan

Kancanisun lan isun dhewek dhung diitung ana lare 10 hang teka dhaerah uga jurusane beda-beda yaiku:

Dhimas: lare Rogojampi (Jurusan Akuakultur)

Rijal: lare Banyuwangi kota (Jurusan Akuakultur)

Isun (novi): lare Kabat (Jurusan Akuakultur)

Arif Fitra: lare teka Kabupaten Situbondo (Jurusan Akuakultur) “ngekos ring parek kampus”

Fitri: lare Glagah (Jurusan Akuntansi)

Ardha: lare Banyuwangi kota (Jurusan Kesehatan Masyarakat)

Dian: lare Banyuwangi kota (Jurusan Akuntansi)

Indah: lare Banyuwangi kota (Jurusan Akuakultur)

Desi: lare Banyuwangi kota (Jurusan Akuakultur)

Rara: lare Banyuwangi kota (Jurusan Akuntansi)

Kerana ana program kegiyatan hang kudu dirembug lan disiyapaken suwi utawa perlu waktu hang sing sedhilut ahire lalare sepakat nggolet kos makene sing ngerepoti Fitri hang umahe ring kono, kadhung umahe tuwuk dienggo rapat, titik kawitan kumpul, lan istirahat.

Nemu kos iku tepak ring tengah-tengah kegiyatan KKN iku lan ulihe nong desa Olehsari hang temakaken tuan rumahe apikan, hang kadhang saben isuk nggawekaken wedang teh anget. Paran maning dhung olah jajan paran bain mesthi disuguhaken nyang isun lan lalare. Iku mauka saya nggarai isun ambi lalare pernah ngekos ring kana lan sing bakale ngelalekaken apike tuan rumah iku.

Kisah kelenceran

Kabeh kegiyatan hang wis nggawe mumet uga kesel, nggarai isun lan lalare padha kelenceran kanggo ngelegakaken ati. Kelencerane sampek nggadug ring panggon wisata (adus ring “Sendang Seruni” hang melebu wilayah Desa Tamansari Kecamatan Licin lan ring wisata kali Bendo, Pulau Tabuhan), marung bareng, bakar-bakaran, memenganan tradhisional (kotak pos ambi semat) sampek belanja panganan ring Festival Kuliner tangga Desa Glagah yaiku nong Kemiren dhung wayah isuk lan ring Olehsari dhung wayah dalune. Kabeh kegiyatan refreshing iku mauka ya temakaken bisa mbalekaken ati lan pikiran dadi kesat uga ya nambah rakete tali seduluran.

potrek kelenceran dhung diurut teka hang ndhuwur pinggir kiwa iku, ring Kali Bendo, aju ring tengene tepak survei nyang Dukuh uga hang ngisor iku ning Pulau Tabuhan.

Kabeh dina-dina sakat kawitan kecaruk, ngarepaken KKN lan sampek marine KKN padha nggawe kenangan hang sing bisa ilang malah nggarai kangen. Rasa kangen iku merujuk sakat sak marine KKN kabeh padha pokus nyang kegiyatane dhewek-dhewek pirang-pirang dina sampek ulan-ulanan lan sampek nduweni rencana reuni KKN maning. Kerana wis numpuk rasa kangene isun ambi lalare iku mauka ahire bisa ketemuan maning lan padha nggesahaken wayah KKN iku paran maning, ya hing lali tepak pasa ana reuni maning dibarengi ambi bukber tapi isun hing bisa milu. Aju tepak lebaran ring taun 2021 sabene ya isun ambi lalare ahire bisa kumpul silaturahim maning uga nyang umahe paman Lasmidi minangka sesepuh  adat Dukuh Talun Jeruk Desa Glagah ambi nyang umahe tuan rumah kos ring Olehsari tepak KKN ika.

Kisah cendhek sak mareke KKN

Nyingseti tali seduluran nyang wong-wong hang milu nulung lan gelem direpoti ring wektu KKN bengen ya mula kudu wajib hukume kerana dhung sing ana wong-wong iku ya hing bakale sempurna kegiyatanisun lan lalare. Muga bain tali iku bisa terus wutuh lan hing pedhot selawase jaman lan tetepa nyimpen kenangan hang wis keukir ring ati uga pikiran, hang bisa nggawe esem dhung dienget-enget. Isun dhewek ya girang kenangan hang dilakoni bebarengan ambi kanca lan uwong-uwong iku kabeh. Paran maning isun mula dhemen nambah kanca lan dulur. Sun jaga terus kenangan iku embuh hang apik, elek, lucu, ngisin-ngisini kerana iku wis dadi kembange uripisun.

Hang kejimen? Nana wih.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : pribadi

Editor: Hani Z. Noor