Komitmen Seniman kang Perlu Diconto

Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Kamis, 24 Agustus 2023 07:08 WIB)
- Opini



Ring ulan Juli sore,  Dewan Kesenian Blambangan (DKB) bareng ambi Padepokan Seni Pertunjukan Alang-Alang Kumitir nganakaken acara Serawong Seni nong Gesibu Blambangan Banyuwangi.       

Sakdurunge acara digelar, wayah isuke dianakaken gesah antara seniman pengisi acara ambi para seniman Banyuwangi ring Gedung Juang. Antusias peserta kang akeh-akehe teka guru, digawe lega merga narasumbere dijuwut teka salah siji (makili) hang arep tampil bengine. Peserta digawe penasaran kelendi kira-kira tampile. Gesah kang dipapag ambi udan, sing nyurudaken narasumber lan peserta kang gesah. Malah masiya wis bubar gesahe, peserta magih bisa ndileng para wiyaga kang sedheng geladhi bersih. Kerana dhemen, penulis milu ndileng pisan para wiyaga iku nabuh gamelan.

Nurut rencana kang wis ditulis ana ring undangan, acara arep dikawiti jam enem bengi. Taping bengi iku sakat sakdurunge magerib, kutha Banyuwangi ketiban udan deres. Njerone Gesibu, tabuhan utawa gamelan kang ana ring sisih kiwa tengen padha ditutupi makene sing kebles keneng udan. Penonton kang ana ring tribun, wis padha ngebeki lungguhan kang ana. Dhayoh kang teka pemerintah kabupaten (diwakili asisten Kesra) lan undangan liyane uga wis teka. Engkana padha lungguh nong panggonan kang aman teka udan.

Dianteni, terus dianteni, udan sing terang-terang. Sampek jam wolu magih udan. Ndileng kahanan kaya gedigu, panitiya ngumpulaken para seniman kang arep tampil ring acara Serawong Seni bengi iku. Kang nggarahi ati mongkog, yaiku komitmene. Udan sing udan sepakat tetep tampil. Ahire udane dianteni sedhela engkas, nawitah mari iku terang. Temenan, sekira jam sanga, udan mulai terang. Para undangan lungguh mapan ring kursi kang wis disiyapaken mula. Acara bisa diangkati. Taping buru bain tampil kang kaping telu, udan mulai nyiram maning. Sing mung gerigis tapi udan deres. Undangan kang wis lungguh mapan surud maning, ndileng teka panggonan kang aman teka udan. Ambi adeg-adegan para undangan ndileng penampilane para seniman tari iku. Bida ambi penonton kang ring tribun, sing ngelisig merga sing kaudanan. Ahire, masiya ambi kecek, wedhak luntur, penari-penari tetep tampil, sing perduli ambi udan. Komitmene tetep didalakaken.  Mung teka STKW Surabaya lan salah siji sanggar teka Banyuwangi kang sing bisa tampil merga kudu diiringi ambi gamelane. Kadhung dipeksa tampil, eman ambi gamelane. Suwara tabuhane bisa rusak.

Nalika tari kang kawitan yaiku Barong, kang digawa ambi Jiwa Etnic Blambangan, terus tampilane Damar Art Banyuwangi, aju disusul tari Lenggang Surabaya kang digawa Duta Pemuda dan Budaya Jawa Timur, penonton magih bisa ndileng teka parekan. Taping kerana udane saya deres, tontonan kang hebat iku mung ditonton teka kadohan.  Toraneya, kang tampil bengi iku para seniman hebat. Ana kang teka ISI Yogyakarta, ISI Surakarta, Malang Dance Indonesia, lan Metiyem Musik Etnis Nusantara (Alumni ISI Yogyakarta). Malah ana kang teka Jawa Barat yaiku I’Ing Sayuti teka Indramayu, lan Padepokan Seni Pertunjukan Ki Bagus Rangin Cirebon. Ditambah maning ana Iwan Mustofah alumni UNY, lan Adi Putra Cahya Nugraha teka Jombang. Teka Banyuwangi dhewek sakliyane teka SMKN 1 Banyuwangi (Jurusan Seni Pertunjukan Tari) kang tampil bareng ambi Biji Sesawi Art Malang, Padepokan Seni Alang-Alang Kumitir pimpinane Punjul Ismuwardoyo tampil apik liwat karya tarine kang diarani Batur.

Penulis mari-mari kaju nyang penampilane para penari kang wis komitmen udan sing udan tetep tampil. Kudune ya seniman kang gedigi iki kang patut diconto lan dituladhani.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf