Komunitas Angklung Jiwa Etnik Blambangan Ngenteni Undangan Caruk

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Jumat, 13 Maret 2020 10:16 WIB)
- Laporan



Kecamatan Singojuruh sak ubengan, mula wis suwi diweruhi wong akeh panggonan merujuk lan ngembange tabuhan angklung has Banyuwangi. Malah sak desa, bisa lebih teka siji group Angklung Caruk. Kaya Desa Singojuruh dhewek, persasat angger dusun  duwe angklung. Malah Dusun Pasinan iku bengen ana rong group Pasinan Kulon lan Pasinan Wetan. Malah magih rame-ramene bengen, kelompok-kelompok wong tuwek uga mbina pisan lan duwe kelompok lare-lare.

"Saiki wis sing kaya bengen, naming magih akeh dibandhing ambi desa liyane. Malah lare-lare enome padha giyat lan gedhe tekade, kanggo nerusaken tradhisi tabuhan hang diwarisi teka embah buyute. Sak durunge ana pembinaan liwat sekolahan, ring Pasinan iku wis ana kelompok-kelompok tabuhan hang husus dipilone lare cilik, semono uga ring Semalang Lor Desa Alasmalang. Lare-lare kene, sakat lair procot wis rungu tabuhan angklung. Aju cilikane wis mula tabuhan, nirokaken wong tuweke utawa kanca memengane", gedigu ujare Adlin Mustika Alam, pawongan enom teka Pasinan, Singojuruh

Adlin Mustika Alam sarjana karawitan lulusan Sekolah Tinggi Karawitan Wilwatikta (STKW) Surabaya.  Bareng ambi kancane sak kampus, Alfian Kalfitulah, lare teka Alasmalang, bareng ngawiti kegiatan tabuhan ring Ruang Terbuka Hijau (RTH) Singojuruh sakat ulan Februari 2019.  Kegiyatan hang diweni aran Tabuhan Soren iku, kanggo ngisi kegiatan saben Sabtu soren ring RTH hang kerep ditekani wong-wong sakubenge Singojuruh. Wis akeh asile kegiyatan iku, antarane nemokaken Gandrung lawas Mak Poniti hang manggon ring Tegalmojo, aju gandrung lan panjak-panjak lawas hang sing tau nguntup, pungkasane padha teka lan ngumpul serta ana Tabuhan Soren.

"Teka Tabuhan Soren mau, kanca-kanca tambah murub tekade ngumpul ambi nguri-uri kesenian. Paran maning serta ulih sokongan teka wong-wong tuwek hang wis lawas ninggalaken megawene tukang panjak tabuhan lan kesenian liyane, tambah lare-lare mempeng ngibur warga Singojuruh nana hang mbayar. Kadhung olih picis teka weh-wehan wong hang welas, iku kadhang magih kurang dienggo nyewa tabuhan lan ongkos angkute", ceritane Adlin.

Tampile ning RTH iki nggawe guyube lare-lare enom hang dhemen tabuhan sak Singojuruh, saben soren iyane padha kumpul lan ngenteni nabuh hang dibisani. Malah marek iku mulai ulih tanggapan ngibur acara desa, wong duwe gawe lare sunat. "Marek iku, kanca-kanca aju ditemenaken nggawe kumpulan iki. Isine lare-lare enom hang duwe karep padha majokaken tabuhan has Banyuwangi. Tanggale lali, tapi ulane Nopember 2019 mulai nganggo aran "Jiwa Etnik Blambangan". Kanca-kanca sepakat kumpulan iku diterusaken nyang komunitas, merga karepe padha lan mane sing ana jarak angger anggota. Kabeh duwe penemu lan kesempatan hang padha", digu alasane Adlin ngedekaken Komunitas mau.

Masiya saiki kerep ulih tanggapan ring njaba, naming latihan ajeg ring Balai Desa sing dilereni. Malah sampek saiki ngisi Tabuhan Soren, kadhung sawantara perei merga magih usum udan angger soren. "Alhamdulillah tanggapan ring njaba mulai kemerungsung, iku hang nggarahi kanca-kanca terus omes ring komunitas iki. Sithik-sithik ulihe tanggapan mau, keneng dienggo nambel butuh wayah latihan lan tampil ring Tabuhan Soren. Sakat ditinggal Pak Camat Lutfi, lare-lare kaya kelangan babone, emane magih ana wigati teka desa masiya arupa panggonan latihan lan gamelan", jare Adlin hang sakat Mahaiswa ring Surabaya wis kerep ulih tanggapan keliling iki.

Saikine, Komonitas Jiwa Etnik Blambangan (JEB) magih mugeni tabuhan kanggo ngiringi jogedan kreasi, uga tari-tari garapan. Malah kadhung ana lomba Tari Kreasi wis wani milu, ambi kekuatan teka Komunitas dhewek. Lare-lare hang kumpul, sak liyane pelajar SMP lan SMA, uga ana hang wis megawe. Kiprah lan labuhe Komunitas JEB iki wis mulai digatekaken, malah dipercaya ngiringi "Festival Bambu" ring Gintangan Rogojampi. "Mengko kepingine Komunitas iki nduwe perangkat tabuhan dhewek hang kumplit mane kadhung ana tanggapan lan latihan bisa dienggo. Saiki hang diduweni mung macem-macem kostum panggung lan kendhang, liyane tabuhan lan panggonan latihan magih nyilih duwene desa", tambahe Adlin.

Kanggo nyukupi undangan wong umum, Komunitas JEB ya duwe paket-paket khusus nyukupi karep hang ngundang. Arep ngundang Gandrungan, uga disipakan penari Gandrung lan panjak hang enom-enom. Semono uga rabuhan, mulai terbangan, Barong lan tabuhan, uga wis ana. "Miloni hang ngundang, paran karepe lan pira kuwate. Merga paket-paket mau, uga nggawa akeh sithike panjak hang milu. Kabeh mau magih bisa dipitung, penampilane dijamin sing arep marakaken getun", janjine Adlin.

Masiya tah umet nyang latihan hang sipate kanggo nyukupi undangan lan tanggapan, naming latihan tabuhan caruk, gendhing-gendhing lawas lan model timpalan has Banyuwangian sing ditinggalaken. Malah lare-lare Komunitas KJEB iki terus ngemati lan niteni para seniore kadhung kundangan. "Ibarate ana hang ngundang caruk, kanca-kanca wis siap. Latihan gendhing caruk sing tau mandeg, kelebihan teknike tabuhan lan ngelaras. Munggona ana grup angklung Caruk lare-lare enom, pantese enak kadhung caruk. Masiya gedigu lare-lare wani bain, kadhung dicarukaken ambi group angklung senior. Mesisan kanggo latihan ngadhepi caruk sak benere, iki tantangan kanggone kanca-kanca JEB", pungkas Adlin.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Komunitas Angklung

Editor: Antariksawan Jusuf