Komunitas Gowes Ikawangi Njangkepi Penguruse

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 26 Maret 2021 08:10 WIB)
- Laporan



Komunitas Gowes Ikawangi (KGI) hang buru ulih pengesahan seminggu kepungkur siyap melaku gancang kelawan milih pengurus harian lan pengurus liyane dina Kemis sore, hang uga diramekaken artis Banyuwangi kang Demy lan mbok Sumiati.
   "Gowes iki minangka wadhah kanggo silaturahim dulur-dulur Ikawangi. Kayane kadhung hing nganggo wadhah gowes gedigi, kumpul-kumpul magih dipenging merga pagebluge durung uncal," jare Ketua Komunitas Gowes Ikawangi, kang Sujiono.
   Merga gowes iki minangka sarana makene awak saya seger lan ngadohi penyakit. Lan merga tetep miloni protokol kesehatan, kayata nganggo masker lan njaga jarak.
   KGI malah ancang-ancang, kadhung taun iki kaya taun sore pageblug magih dadi alangan kanggone masarakat Banyuwangi hang ana ring Jabodetabek nganakaken acara taunan halal bi halal, KGI bisa nggawe iwuh gowes dhewek sekaliyan dadi acara halal bihalal ngganteni acara Ikawangi hang saben taun dianakaken ring Taman Mini Indonesia Indah (TMII). Taun 2020 sore wis prei nana iwuh HBH Ikawangi. Pengelola TMII hang ngewani kesempatan ring saben pemerintah daerah kanggo nganakaken pentas budaya ring anjungan propinsine dhewek-dhewek, wis ngewani tanggal 30 Mei kanggo pemda Banyuwangi nganakaken pentas hang biyasahe dibarengaken ambi iwuh taunan HBH Ikawangi. Taping taun iki magih nganteni idin teka gubernur bisa tah usinge kanggo kontingen teka Banyuwangi milu munggah genjot ring TMII.
   Kanggo nyurung melakune organisasi makene saya gancang, KGI wis milih sapa-sapa hang madeg ring Pengurus Harian lan koordinator ring saben-saben wilayah Ikawangi.
   Kang Nanang Bahtiar hang dikongkon dadi ketua harian ngarepaken komunitas iki hing mung rubuh-rubuh gedhang lan makene saya anter melakune kudune ana koordinatore ring saben wilayah Ikawangi hang semebar ring Jakarta Pusat, Jakarta Utara, Jakarta Selatan, Jakarta Timur, Bogor, Depok, Tangerang Raya, Tangerang Selatan, Bekasi, Cilegon-Merak-Serang.
   Sakuwise rapat, wong-wong hang ana ring kono milu nggandhang gendhing Banyuwangian bareng artis Demy lan Sumiati hang ketepakan diundang ring iwuh sunatan warga Ikawangi Tangerang Raya dina Sabtu engkisuk.
   Susunan Pengurus Harian KGI hang wis dipilih yaiku:
Ketua Umum: Sujiono

Wakil Ketua: Sudibyo 
Bendahara: Veronica
Sekretaris: Sofi Handoko

Ketua Harian 1: Nanang Bahtiar
Ketua Harian 2: Mujayinul Ikwan
Koordinator:
Jakarta Utara: Hermanto
Jakarta Selatan: Faisal Yusuf
Jakarta Timur: Dayat
Bogor: Priyo
Depok. M. Thohir
Tangerang Raya: Ady Marzuki
Tangerang Selatan: Antariksawan
Koordinator Bekasi: Taufik





Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf