Kontestasi, Bengkerangan Pulitik, lan Stabilitas Ekonomi Banyuwangi

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Senin, 09 November 2020 06:04 WIB)
- Esai



Panase ya panase ati, jare paman ngeliwati panase geni. Perang ucap lan perang omongan nong media sosial antarane pendukung siji lan pendukung liyane sing ana lerene ring Facebook, Instagram, lan medsos-medsos liyane. Hang siji jare gediki hang liyane jare gediku. Kabeh-kabeh rumangsa bener lan rumangsa apik. Untunge bain ucap-ucape kadhung sun deleng magih ana aturane. Dadine kabeh magih bisa dimaklumi lan  magih durung ana hang kepeleset hang bisa diseret nyang jalur hukum merga kelebu ujaran kebencian, utawa pencemaran nama baik. Muga-muga iku kabeh sing ana ring kontestasi pilihan bupati hang ana ring Banyuwangi iki.

Kabeh iki  mestine ana lerene sakmarine dina coblosan engko ring tanggal 9 Desember 2020.

Isun iki sak repotan, ring sakjerone minggu iki, umahisun wis ditekani calon sak keloron. Calon-calon hang saiki tarung ana ring kontestasi pemilihan bupati Banyuwangi. Kelendi maning karo-karone kabeh ya wis padha sunkenali. Hang nomer siji wis lawas serawungan ring kene hang nomer loro wis uga sakat bengen dadi kanca. Sakteruse isun aju milih sapa? Ya delengen bain engko kadhung wis ana ring njerone panggon coblosan, gediku ucape salah sijine pengusaha hang ana ring Banyuwangi iki nyang isun nalikane gesah ana ring pelataran umahe.

Hang penting maning kanggonisun iku, engko kadhung mari tanggal 9 Desember 2020 iku pendhukung teka calon sakkeloron kudu nduwe pikiran hang jembar lan ati hang padhang. Kanggone para pendukung hang calone kalah bisaa nerima kekalahane lan hang menang aja takabur lan bisaa mbangun silaturahmi nyang hang kalah. Merga iki negara demokrasi, aja sampek ana anarki. Kadhung sampek ana anarki hang rugi ya rakyat kaya isun lan rika iki, gediku pengusaha Banyuwangi iki katone makili awake dhewek.

Ana benere omongane pengusaha iku mau. Iki penting kanggone Banyuwangi kanggo ngadhepi ekonomi ring mangsa pageblug iki. Kabeh durung mejaji arep ditambah maning ruwet merga urusan pulitik sing mari-mari.

Urip iki sing mung ana ring mangsa dhukung-dhukungan calon terus-terusan. Panas-panasan terus, ungkur-ungkuran terus lan sing mung wadan-wadanan terus.

Banyuwangi kudu urip terus, prestasi terus, lan temata terus. Ketenteremane kaya hang saklawase iki wis ana kudu terus. Kadhung ekonomine, daya beline, lan stabilitase kepingin terus apik, ayo gancang dilalekaken kontestasi hang wis mari dilakoni. Sakteruse guyup bareng jenggirat tangi maning nerusaken reka-daya ring sakkabehe sektor lan sakkabehe bidang pembangunan wilayah sapa bain hang dadi bupatine.

Jaman saiki wis sing usum bengkerengan sakduluran, enyeng-enyengan, paran maning tukar padu sakduluran merga rebut bucung sing ana junterunge.

Engetana jaman penjajahan bengen. Negara cilik kaya Landa bain bisa njajah Nusantara hang sakmene gedhene. Iku merga paran? Iku merga awak dhewek iki sing rukun lan gampang diedu sakduluran. Pungkasane ditinggal tukar sakduluran sing kerasa gabah ana ring peluran diunjali menyang negara liyan. Kapan gediki sapa hang rugi?

Iya wis. Saiki rika ulih adu program, adu janji, adu omong ring mangsa kampanye iki. Calonrika kabeh rika anggep jempol kabeh sing ana kurange barang sak kutheka bain, sing paran-paran! Naming ilingana mbisukane mari pilihan, magih ilingtah calonrika hang mari rika junjung ana ring ndhuwure embun-embunanrika mau?

Alak balak! Sakweruhisun kadhung wis lungguh ana ring kursi empuk akeh-akehe lali nyang hang mari mondhong njunjung nyang pelungguhan empuk iku mau. Saiki aja adoh-adoh wis. Anggota DPR/DPRD hang mari nekani rika lan dulurrika ana ring pengajian ngedumi kudhung lan ngedumi sarung sabane ika. Kelendi saiki kabare? Gelemtah teka maning nyang pengajian rika ana ring desa?

Tembelek iko, diidek sing penyet! Kapan bengen kaya-kaya wis dadi dulur dhewek saiki acake sapanen kadhung liwat nunggang montor kinyis-kinyis ana ring lurung ngarepe pasar. Nyaling ngelirik nyang rika? Tenong-tenonga irig kemureb, ngomong-ngomonga ngelirik bain sing arep. Paling-paling rika ya diinggiraken teka dalan rika merga wong iku arep liwat ambi iring-iringane.

Wistah! Dukung-dukungan iku ulih naming aja sampek ngilangi guyup seduluran lan medhot silatutahmi sakkancaan. Wis gediku bain. Saiki diterusaken megawe maning. Kadhung wadan-wadanan terus kapan golet picise enggo adang engko esuk.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf