Kopi Maneka Rasa Teka Gombengsari
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 03 November 2020 07:59 WIB)
- Laporan
Antenana pirangane wektu mengarep ring pasar kopi Banyuwangi arep ana kopi hang rasane beda-beda, maneka rasa. Ana rasa anggur (wine), kupasan alami (natural pulp) lan madu. Dudu merga ditambahi paran-paran ring njero kopi hang arep diiling, taping rasane iku metu merga teka proses ngolah kopine.
Kelompok Tani Kopi Rejo ring desa Gombeng Kalipuro pirang dina kepungkur wis dilatih nggawe kopi hang nduweni rasa macem-macem iku ambi Balai Besar Perbenihan dan Proteksi Tanaman Perkebunan (B2PTP) Surabaya, jare Bendahara Kelompok Tani Rejo Hariyono Ha'O. Hariyono iki sedurunge ya tau dikirim nang Bandung ambi B2PTP kanggo sinau dadi barista.
Kelompok Tani Rejo iki sakat 2018 dibina ring B2PTP merga carane nandur kopine nganggo cara organik lan hing nganggo emes kimia. Produk kopi teka Kelompok Tani iki siji-sijine hang ulih sertipikat kopi organik. Emes hang dienggo kanggo wit kopine dijuwutaken teka kandhang wedhus ettawa hang mula dadi pengasilan tambahan kanggo para petani. Malah saiki petani ring Gombengsari iki ngembangaken wisata kopi lan wedhus. Uwong hang kelenceran bisa ndeleng proses ngolah kopi lan disuguhi susu wedhus ettawa.
Ring Lerek Gombeng, ana rong kelompok tani, Kopi Rejo lan Lerek Lestari hang ngelola kira-kira 300 hektar kebon kopi.
Balik nang kopi maneka rasa mau. Setemene proses kopi gedigi iki wis dikawiti ring Brazil rong puluh taun kepungkur. Dene B2PTP buru ngenalaken lan ngajari petani kopi binaane ring Lumajang lan Pasuruan sedurunge ngajari petani ring Gombeng.
Kelendi carane makene rasa-rasa mau bisa metu nong kopine? Teka proses ngolah kopine teka wiji hang buru dipethik.
Kadhung rasa ombenan anggur, kopi difermentasi ambi kulite suwene seminggu, aju dipepe maning petang minggu.
Kadhung rasa alami, prosese antarane wet lan dry proses, yaiku kulit kopine dipeleceti sedurunge garing. Kadhung metode garing (dry), kopine digaringaken sak kulit-kulite. Kapan metode kepus (wet), kulit njaba lan njerone dipeleceti sedurunge kopine dipepe (digaringaken). Rasa alami iki kopine dipepe sak kulite taping sedurunge garing seru, kulite dipeleceti.
Lan rasa madu, marek dipeleceti kulite difermentasi sedina sewengi lan prosese ana kopine dicampur ambi campuran gula lan yakult.
Kopi maneka rasa iki setemene wis ana nong pasaran taping magih arang.
Tepak pelatihan nggawe kopi maneka rasa iku, petani ditulungi pisan ambi pirangane mahasiswa hang uga kepingin sinau proses nggawe kopi maneka rasa.
Kelawan ngenalaken kopi maneka rasa iki, Hariyono ngarep-arep mbisuke asil kopi teka Lerek Gombeng saya kebukak wera lawang pasare.
"Kopi rasa rasa iki nambahi maceme kopi hang wis ana. Dadi nambahi pilihan kanggo penikmat kopi," jare Hariyono.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Wawancara
Editor: Hani Z. Noor





