Kudune Saya Akeh Sekolah Adat Kaya Kampoeng Batara ring Banyuwangi
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 25 November 2020 07:30 WIB)
- Laporan
Ring parek kutha Banyuwangi ana sekolah adat lalare hang manggon parek alas-alasan naming bisa nggawe mongkog wong Banyuwangi.
Sekolah Adat Kampoeng Baca Taman Rimba (Batara) hang ana ring Papring Kalipuro, sorene maning disambangi Direktur Kepercayaan terhadap Tuhan YME dan Masyarakat Adat, Ditjen Kebudayaan, Kemendikbud, Samsul Hadi.
"Ngejak masarakat kanggo nguri-uri budaya lan adat iki wis arang. Banyuwangi kelebu hebat nduwe gedigenan," jare Samsul Hadi.
Saiki kira-kira ana 50 sekolah adat sak Indonesia salah sijine Batara.
Samsul ngarepaken sekolah adat gedigi disokong ring pemerintah. Kadhung kecathet kelawan resmi ring ngingsore Dinas Pendidikan, pemerintah dadi gampang kanggo mbantu.
"Muga-muga saya ketata, saya apik lan bisa dibantu ring dinas liwat surat keputusan," digu jare Samsul.
Ring taun ngarep, Dirjen Pendidikan Masyarakat dan Pendidikan Khusus nduwe program pemberdayaan masyarakat adat.
Kudu dipetani siji-siji teka 50 sekolah adat iki, jare Samsul. Umpamane ring Jawa Barat ana edukasi tanam bibit, ngugemi bibit pari unggul lan ekosistem marek panen. Saiki wis ana 10 sekolah hang kepilih.
"Nah, Isun kepingine Kampoeng Batara dadi hang nomer sewelas," jare Samsul.
Ring Banyuwangi apike konsep pendidikan sekolah adate ngajari lalare kreatip nggawe pirangane macem kerajinan jajang, nguwataken karakter lalare liwat menganan tradhisional lan seni budaya Using.
Kudune ring wilayah-wilayah Banyuwangi hang wis kuwat njaga tradhisi adate ya nduwe pisan sekolah adat kanggo nguwataken wawasan lan nggawe mongkoge generasi enom. "Kaya ring Kemiren kudune ana sekolah adat."
Sakat diedegaken taun 2015, Batara wis ngajari lalare hang manggon ring pinggir alas nduweni rasa percaya diri kanggo nerusaken sekolahe lan ngedhunaken angka lare hang kawin enom.
Jare ketua lan pendiri Kampoeng Batara, Widie Nurmahmudi, minangka penguatan ekonomi, Kampoeng Batara hing mung ngandhelaken jajang, tapi uga kopi kelawan nggandheng lalare enom sinau proses mulai panen sampek pasca panen lan dodolan.
Lalare enom hang manggon ring tepis wiringe alas KPH Banyuwangi Utara ini diajari nguwataken karakter, kreatipitas lan kepemimpinan. Uga nggawe iyane kabeh ngerteni potensi sosial, budaya lan ekonomi kampunge.
"Kurikulum Kampoeng Batara setemene dikawiti ring lalare dhewek. Tujuwane makene bisa mandiri mikir dhewek, kreasi dhewek, aksi lan nggedhekaken tanggungjawabe....Ning kene hing mung teori taping langsung praktek."
Ring Papring hang duwe potensi yaiku jajange. Widie ngarepaken lalare bisa dadi perajin jajang lan lalare mongkog kelawan potensi desane kanggo nguwataken macem-macem kekarepan hang nyokong wilayahe.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Wawancara
Editor: Hani Z. Noor





