Laire Sanggar Kesenian Banyuwangi ring Jakarta

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 02 Juli 2020 06:55 WIB)
- Laporan



Ikatan Keluarga Banyuwangi Pusat (Ikawangi) Wilayah Jakarta Timur buru bain ngeresmekaken sanggar tabuhan kesenian Banyuwangi hang diarani Sekar Arum.
Wong Banyuwangi hang urip ana ring Jakarta lan kepingin bisa milu latihan manjak angklung bisa teka ring Sanggar Sekar Arum, gedigu jare Sugiman, ketua sanggare lan wong hang duwe panggonan ring dhaerah Kalimalang.
Sedurunge ngedegaken Sekar Arum, Sugiman hang uga Ketua Ikawangi Korwil Jakarta Timur iki wis nduwe grup campur sari. Merga dhemene nyang gendhing-gendhing Banyuwangi saiki iyane nambahi gamelan Banyuwangi dienggo Sekar Arum. Antarane, sakperangkat angklung, saron, pantus, ketuk, keluncing lan gong. Setemene keyboard ya ana naming durung ana hang bisa nyekel.
"Tujuwanisun mung siji kepingin nguri-uri budaya Using ring Jakarta," jare Sugiman hang pindhah teka Tegaldlimo marek lulus SMP nang Jakarta taun 1971.
Saiki wis ana wolung panjak masiya durung ana hang bisa nuntun nabuh pantus lan uga hing ana hang main keyboard.
Gedigu bain wong Banyuwangi ring ibukota iki wis girang merga laire sanggar iki. Salah siji sesepuh Ikawangi hang uga tau dadi walikota Jakarta Barat, Sutardjianto malah wis arep nanggap sanggar Sekar Arum ring ulan Agustus kadhung pagebluge wis rada suda lan uncal.

Ketua Umum Ikawangi Pusat Jakarta Bambang Sugiono ngarepaken grup kesenian iki bisa ngilangaken kangene wong Banyuwangi ring Jakarta nyang kesenian lan budaya Using.

Masiya gedigu magih akeh hang kudu dibecikaken, jare Sugiman.
"Penabuhe ana hang teka Banyuwangi, hang nyekel kendhang, uga ana hang nyekel angklung taping durung penter seru," jare Sugiman.
Kanggo nutupi panjak hang durung jangkep iku, Sugiman nyeluk wong-wong hang biyasah nabuh campur sari. Dibelan-belani ngepeli lan nyedhiani mangan kanggo para panjak campur sari iku saben latihan makene kesenian Banyuwangine tetep melaku.
Aran Sekar Arum setemene ulihe njuwut teka limang aran hang diusulaken wargane. Ana 1. Blambangan Arum 2. Blambangan Wangi 3. Purwo Wangi 4. Sekar Wangi/Arum lan 5. Minakjinggo.
Pungkasan rembugan aran Sekar Arum hang dipilih.
"Sak teruse, dikawiti engkesuk latihan dianakaken saben Jemuah malam Sabtu," jare Sugiman hang saben dinane dadi bagian perawatan wisata Pulau Putri ring Kepulauan Seribu lan Hotel Seruni Cisarua.
"Hang kepingin milu latihan, teka bain malem Sabtu ring Sanggar Sekar Arum," jare Sugiman mungkasi gesahan nang belambangan.com.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf