Lalare Milenial Banyuwangi lan Lestarine Gendhing Using
AHMAD MUSADDAD (dipublikasikan pada Senin, 02 Desember 2019 20:20 WIB)
- Opini

Rika lan isun urip ring donya iki wis akeh ngerungakaken gendhing-gendhing, embuh iku gendhing hang basane nganggo basa Indonesia, basa Jawa, basa Inggris, sampek basa Korea. Lan gendhing-gendhing hang nganggo basa-basa iku ring jaman lare milenial, jare wis padha akeh kang apal. Mula wis dadi kenyataane. Basa-basa iku (basa Indonesia, Jawa, Inggris, sampek Korea) wis kesuwur, tenar lan wis biyasah ring kuping-kuping lare jaman milenial saiki.
Pitakone, terus kelendi nasibe gendhing-gendhing hang nganggo basa Using, mungguh ning Lalare Using milenial utawa lare Banyuwangi?
Polahe, basa Using iku wis padha akeh hang ngerti. Basa Using yaiku basa aseline wong Banyuwangi. Taping, kadhung lare Banyuwangi dhewek sing ngerti lan sing bisa nembangaken gendhing-gendhing hang nganggo basa Using, ya keseron. Malah ngerti lan bisa nembang gendhing-gendhing hang nganggo basa sakliyane basa using kaya basa Indonesia, basa Jawa, basa Inggris, basa Korea, basa Cina, basa arab, lan basa-basa liyane.
Mula, basa Indonesia iku basa pemersatu bangsa Indonesia hang akeh lan macem-macem ras, suku, lan liya-liyane. Kadhung basa Jawa pancen kudu bisa kanggo lare-lare Jawa. Mula sing bisa isun lan rika bantah, kadhung basa Jawa iku basa paling alus lan bisa nyegah emosi kang pungkasane ngamuk. Basa Jawa sangking aluse bisa nyegah iku, kerana basa Jawa iki basa hang paling alus.
Rong basa iku (basa Indonesia ambi basa Jawa) bisa dimaklumi lan bisa ditoleransi. Naming pitakon kaping kepindho, “Aju kanggo basa-basa sakliyane iku kelendi dulur?”
Kadhung kanggo basa-basa liyane kaya basa Inggris, basa Arab, basa Korea, lan basa-basa liyane ulih, naming aja lali pisan ambi basane dhewek (basa has dhaerahe), hususe kita dhewek hang mulane lare Banyuwangi kudune bisa nguri-uri basa Using, masiya tah mung liwat gendhing.
Apuwa kok gedigu? Merga nguri-uri basa Using sing mung nganggo tulisan thok. Uga liwat gendhing pisan. Aju lalare saiki, hususe lare milenial iku dhemen ambi hang aran gendhing. Nah, liwat gendhing Using, lalare milenial iki saktemene sing kerasa kadhung wis milu cawe-cawe njaga lan nguwataken jejege basa Using lan tembe mburine basa Using tetep lestari liwat lare-lare enom Banyuwangi, masiya tah liwat gendhing-gendhing Using. Terus pisan, liwat lare-lare milenial Banyuwangi iki, nasibe gendhing-gendhing Using bisa lestari, sing kegerus jaman teknologi.
Foto : Channel Youtube Sunrise Of Java
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.