Laros Bersatu Surabaya Ngelantik Pengurus Anyar

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 01 Februari 2021 07:05 WIB)
- Laporan



Kumpulan wong mboro nong kutha liya hang sing nganggo aran Ikawangi salah sijine Laros Bersatu Surabaya (LBS), sore wis ngelantik ketua lan penguruse hang anyar.
Ring Surabaya, sakliyane LBS, kumpulane wong Banyuwangi iku ana Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) lan Gapura Blambangan. LBS kelebu hang paling enom merga buru diedegaken taun 2018, jare ketuane hang anyar kang Wawan Setiawan wong dusun Tabanan, Benelan Kidul, Singojuruh.
LBS iki nduwe anggota kira-kira 80 wong naming hang gelem milu kadhung ana iwuh kira-kira wong 50an. Akeh-akehe wong hang manggon ring tepis wiring Surabaya-Gresik utawa Surabaya-Sidoarjo lan ring Surabaya dhewek.
Wong-wong iki bengen akeh-akehe wong Banyuwangi hang kecaruk ring Taman Budaya Jawa Timur ring Jalan Genteng Kali tepak ndeleng acara kesenian Banyuwangi hang manggung ring kono. Aju kepingin guyub lan nggawe kumpulan sak perlu arisan lan nggawe kegiyatan liyane. Sedurunge ana pageblug Korona iki, kegiyatan sosial hang kerep dilakoni yaiku sambang wong Banyuwangi hang kadheman lan dirawat ring Rumah Sakit Karang Menjangan Surabaya. Akeh wong Banyuwangi hang kadheman lan keluwargane hang hing nduwe beraya ring Surabaya lan perlu disambangi. Kadhange nyambangi pisan keluwargane wong Banyuwangi hang nginep ana ring Rumah Singgah hang ana ring parek kono.
Kang Wawan hang nduwe pirangane warung ayam goreng iki kepingine mengarep kegiyatan LBS hing mung sewates kanggo wong Banyuwangi.
"Hun kuwati saiki ring njero sulung. Taping mengarepe kepingine paguyuban iki bisa dikenal lan kelendi carane supaya Banyuwangi saya kejuluk nduwe kiprah kanggo wong liya ring Surabaya iki," jare bapak telung anak iki.
Hang uga kepingin dikuwati, iwuh bareng ambi Ikawangi lan Gapura Blambangan kaya hang wis tau dilakoni sepisan sedurunge ana pageblug.
"Sabene kegiyatan gabungan iki tau nekakaken penyanyi Demy lan acarane ditekani ambi wakil gubernur," jare kang Wawan.
Dene grup kesenian Banyuwangi, LBS saiki magih disokong anggotane hang nduwe perusahaan Event Organizer (EO) kanggo musik pengiring lagu-lagu Banyuwangi duwene kang Arta lan kanggone jugedan utawa tari gandrung, LBS disokong penasihate yaiku mbok Titik hang akeh anak buahe.
"Kadhung mung tari jejer Gandrung gedigu akeh mahasiswi asal Banyuwangi hang bisa ndhukung," jare kang Wawan.
Mengarepe, LBS ya kepingin nduwe grup kesenian dhewek. "Kene melaku sak kuwate merga kondhisi ekonomine anggota beda-beda," jare kang Wawan.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf