Layangan Pedhot

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 18 Juli 2025 05:45 WIB)
- Esai



LAYANGAN PEDHOT
Ditulis ring Iskak Basuki

Pung lampung nong awang-awang
pertandha pedhot aran layangan

Nyulik sithik gendhinge kang Catur. Layangan pedhot umume kerana kalah bendhetan utawa belandhetan. Bendhetan -- jare kang Catur hang wong Temenggungan, jare wong Tukangkayu belandhetan -- iku adu layangan ring awang-awang, bangete diulukaken, kuwat-kuwatan bolak. Hang ngedu, wong hang ngulukaken layangan, bisa parek-parekan, bisa uga adoh-adohan, bisa beda kampung, padha sing weruhe. Hang pedhot berarti bolake kalah landhep gelasane, seliya kalah gedhi ukurane, nawi. Bengen hang paling gedhi bolak cap gajah, regane jelas larang, hing kabeh uwong paran maning lare hang dhemen layangan bisa tuku. Hang setandhar, umume, bolak cap sayap; kelonthongane utawa gulungane teka kayu keneng enggo rodhane memengan montor-montoran. Misale duwe montor-montoran bane rusak, keneng diganti ambi iku, dipasang nganggo kawat rujine sepidhah, ditekuk.
   Saiki kayane sing ana layangan nganggo bolak, padha nganggo senar kabeh, utawa tampar kadhung layangane gedhi. Layangan gedhi umume mung enggo sawang-sawangan, kelebu layangan sowangan dipanjer nong ndhuwuran, abane ngoweng-ngoweng, enak-enakan.
   Ana maning layangan buntutan. Ring pucuk ngingsore ana buntute dawa kelawir-kelawir. Iki layangan lare cilik, buru ajar. Buntute iku tenger sing ulih dibendhet.
   Temune sing ana maning riwayate wong nggelas bolak. Bengen saben usum layangan wis anjerah katon wong ngeler bolak diunyeng-unyengaken nong pirang uwit hang ana ring latar, nganteni garing aju dipulung. Pulungane ana hang teka kethokane jajang, ana hang teka omplong dilapisi kertas nawi karaten.
   Aja sampek bolake lawaran milu belandhetan. Musuhe bolake cumpu gelasan. Ya embug kaya tahuk keneng kairis lading. Bolak gelasan iku landhep, gelem mbeleri nong tangan. Yong bahan pokoke teka beling. Embuh sakat kapan anane? Rasane, kawitane nggawe bengen nganggo belinge gelas, mulane diarani nggelas, gelasan. Hang paling landhep jare nganggo belinge PLN. Ana ra beling putih-putih nong ndhuwurane sadheng kok. Iku jare paling apik dienggo gelasan. Nggawene dibebeg sulung aju diayak nganggo kaine kaos, aju dicampur elim lan embuh paran maning. Biayasahe ambune sing enak. Bacin! Ana hang ngomong jare dicampuri pucukan gena landhepe temenanan. Pucukane tembelek lintung, jare. Endane tah wis! Isun sing percaya, ting kadhung ambune percaya, bacin!
   Carane nggelas, nawi sing paham, bolak anyar hang buru tuku, sak kelosane dicemplungaken nong wadhahe gelasan, makene kepus bolake keneng gelasane, aju diolor sampek entek, dipepe. Temune bolake aju ana lapisane hang serta garing landhep, menangan enggo mbelandhet bolake lawan.
   Kadhung padha landhepe kari gedhi-gedhian bolak, lan juruse mungguhe pencak. Layangane serta wis parek disilangaken, bolak kerasa nemplek ketemu bolak. Ya iku wektune tarung! Juruse bangete bolake nemplek bisa dikelusur ambi diuter-uter kaya diiris-irisaken nong bolake musuh. Dikelusur resikone kadhung kalah bolake dawa hang pedhot, katut kegawa layangane. Juruse ana maning kelawan ditarik sak antere bangete bolake dhempet mauka. Kari uwonge arep njurus kelendi makene menang.
   Layangan pedhot iku kadhung bolake dawa katon anteng, sing oyeng. Kadhung bolake cendhek katon oyeng, ambi saya ngadoh oleng ngiwa nengen, jare kang Catur 'ngelampung'; wong Tukangkayu gok ngarani oyenge layangan hang pedhote mencit kelap-kelip nong langit 'ngelumpang-lampung'. Ana maning hang ngarani 'ngelingsung'. Onong rika wis...

Layangan pedhot bolake dawa
Man Ali pudhot ikune dawa

Iku aseli gendhingane lare layangan jaman bengen, jaman cilikane kang Catur pisan. Sing percaya takona!

(Bwi,0725.2.ib)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor