Layangan Suwangan Muluk Dalu-Dalu

Samsul Hadi (dipublikasikan pada Selasa, 16 Februari 2021 07:18 WIB)
- Laporan



Wis anjerah kadhung layangan suwangan muluk ana ring wayah raina. Taping ring pungkas-pungkase ulan Januari 2021, akeh layangan suwangan ring sakubengane desa Aliyan, Gladag lan Mangir hang kertase disiluri ambi pelastik utawa kain parasit akeh hang muluk ring wayah dalu. Kelendi ndelenge kadhung nong ndhuwur peteng jumbleng? Ya diendohi damar werna-werni hang tenagane dijuwut teka setrume dinamone VCD hang wis sing kanggo. Diendoh nang boyoke layangan, aju dinamo mauka digawekaken kaya kiling cilik dienggo muter dinamone supaya bisa ngetokaken setrum kanggo nguripi lampune.

Diarani suwangan merga layangane nggendhong suwangan arupa jajang dieluk lan diwani pelastik tah paran. Kadhung bengen magih akeh pita kasete tip, suwangane nganggo pita kaset hang wis rusak. Dadi bisa metu suwara gaur-gaur taping nggeremeng. Ulihe mulukaken ring wayah surupe serngenge, wujude rata-rata wujud ulan-ulanan, lan regane miturut gedhe cilike layangan, mulai teka Rp.50.000 sampek rega Rp. 500.000. Kadhung hang rega 50 ewu sing kathik damar hang nganggo damar rega 100 ewu mendhuwur. Layangan gedigi iki kudune kadhung ngesumaken rada adoh polae makene gelis muluk. Kadhung angine anter sing cukup wong siji hang mulukaken kudune paling using wong loro mergane ampretane seru abote. Kadhung dhewekan bisa-bisa dieret layangane, mulane kudu nggawa kanca kadhung arep mulukaken layangan hang gedhi. Ulihe mulukaken bareng-bareng, serta wis muluk suwarane suwangane senggur-senggur kaya suwarane macan.

Kapan wayah preiyan padha pating lurug-lurugan, ngeluruge wis semayanan, umpamane Gladag ambi Aliyan. Wong Aliyan  mara nyang Gladag. Lalare Gladag wis nyiyapaken teh lan kopine, sing lali ambi jajanane gedhang godhog tah sawi lan sabrang godhog. Sewengi jampleng ulihe nunggoni layangan suwangan muyab ngalor ngidul, serta wis mangkat rantag layangan suwangan hang magih muluk diedhunaken. Sebalike kadhung lalare Gladag nang Aliyan ya padha disuguhi macem-macem. 

Ulihe mulukaken layangan suwangan biyasahe nang dalan tengah sawah, taping ana larangan lalare Rogojampi, Blimbingsari, Tegalwero, pokoke hang parek ambi Bandara Blimbingsari sing ulih mulukaken layangan suwangan merga bahaya kadhung parek Bandara bisa nganggu lalu-lintas montor muluk. Yara bisa dadi warta viral kadhung ana montor muluk kesangklet bolake suwangan.

Gladag, 21 Januari 2021 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor