Lemahbangdewo Juwara Favorit Video Kreatif 2020
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Senin, 27 Juli 2020 07:15 WIB)
- Laporan
Dina Jemuwah, 24 Juli 2020 dadi dina bungahe wong Desa Lemahbangdewo Kecamatan Rogojampi. Merga karyane dinyatakaken dadi Video Kreatif Terfavorit pilihane penonton ring taun iki.
Itung suara like/jempol hang ana ring Youtube kanale Radar Banyuwangi iku nduduhaken desa endi bain hang menang ana ring kategori Juara Favorit Video Kreatif desa taun 2020 iki. Sakmarine kepilih teka 68 video kreatif desa hang wis dikumpulaken ana ring Panitia, sakteruse kesaring lan kepilih 15 video genepe.
Karya Desa Lemahbangdewo ulih 22.189 like/jempol, Desa Setail 20.161, lan nomer telu desa Bomo Kecamatan Blimbingsari ulih 12.398.
Salah siji staf desa Lemahbangdewo hang ditemoni belambangan.com ring Kantor Desa, Andi, nyatakaken kadhung asil kemenangane iki sing luput teka tim sukses Video Kreatif desa Lemahbangdewo hang wis megawe sing weruh wayah kanggo ngelumpukaken sokongan teka masyarakat makene ulihe itung suara like/jempol bisa ulih akeh lan paling dhuwur.
Naomi pimpinan produksine Video Kreatif Desa Lemahbangdewo milu bungah gedhe merga sing nyana dhung karya hang nduwe aran “Mengenal Lebih dalam Desa Lemahbangdewo” iki bisa ulih like/jempol sampek 22.189 adoh ninggalaken desa-desa liyane. Ring kene, Naomi uga arep titip salam nyang para pendhukunge kelawan ucapan kesuwun lan terima merga wis gelem ngewani like/jempol nyang video kreatif hang nganggo cerita salah sijine agul-agule Belambangan yaiku Kik Uthun.
Sakliyane iku Naomi uga magih duwe rasa optimis kadhung pideone iki uga bisa kelebu ring juwara pilihan juri hang penjuriane langsung digelar ring Gedhung Graha Pena Jl. Brawijaya 77 Banyuwangi.
Gerda Sukarno hang uga dadi manajere Radar Banyuwangi iki uga nerangaken kadhung juri duwe rasa kabotan mbiji video endi hang paling apik, mergane miturut juri hang dinyatakaken liwat Gerda, kadhung video taun iki saya apik-apik timbang taun hang sulung.
Lomba video kreatif desa tahun iki wis akeh maceme sing mung video pelayanan masyarakat naming uga ana video potensi daerah, panganan has desa lan sing luput uga video seni lan budaya.
Telung dina engkas bakal diumumaken video desa teka endi hang menang juwara 1, juwara 2, lan juwara 3. Iki magih nganteni juri hang magih ana pardu sutingan ring jakarta. Gediku gerda nerangaken.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Wawancara
Editor: Antariksawan Jusuf








