Lomba Basanan Ring TK Dahlia Giri
Nur Holipah (dipublikasikan pada Sabtu, 10 April 2021 06:50 WIB)
- Laporan
Ana hang bidha ring kegiyatan mapag tekane puwasa (1442 Hijriyah) kanggone lalare TK Dahlia, Giri. Biyasahe seminggu sakdurunge puwasa lalare TK iki kirab drumband keliling ambi ngedumaken kertas selebaran isi hadits lan paran-paran bain hang ana hubungane ambi Romadon. Taun iki, merga korona, guru-guru TK duwe penemu liya kanggo ngeramekaken mapag tekane puwasa.
Lomba Basanan kanggo wali murid lan murid. Bisa apak ambi anak, uga bisa emak ambi anak. Sakliyane iku, lomba iki pisan kanggo nguri-uri Basa Using hang saya taun saya sithik penuture. Cukup dipideo liwat HP, apak/emak lan anak TK-A lan TK-B diwajibaken anggone milu lomba iki. Hang dibiji, kompake lan kreatipe.
“Hang sing milu ngeramekaken lomba iki, silure kongkon nguwani buku cerita Islami/buku anak/buku edukasi kanggo sekolahan," jare Bu Nur Hidayah, salah sijine guru uga panitiya lomba.
Lomba hang arep ditutup dina Sabtu 10 April 2021 iki direken paling gampang ring mangsa pandemi saiki. Ya merga sing sara lan sing butuh bandha akeh. Cukup duwe HP hang bisa dienggo ngerekam lan bisa gawe basanan Basa Usingan.
"Kalingana, akeh wali murid hang sambatan isin, tepak lomba iki diumumaken. Uga ya sing sithik hang sambatan angel ngomong cara Using. Kayane, kanggone wali murid, basa Using iki dudu basa hang prestise. Sebabe pisan gesah sedina-dinane wis kecampur gawur ambi basa liyane," jelentrehe Bu Hidayah.
“Lan merga gesahe wis kecampur gawur mau, ucap-ucap Using hang setemene bain gampil, dadi kaya asing..” jare Bu Hidayah, nerusaken. Masiya gedigu, seperene, ya wis rada akeh hang ngelumpukaken video Lomba Basanan.
“Alhamdulillah. Lomba-lomba gedigi iki, mugi bain bisa sakteruse ana. Nawi tah terus bisa merambat ring tingkat Kecamatan. Umpamane TK sak kecamatan dianakaken lomba kaya digi, yara bisa katon, acake wilayah endi hang Basa Usinge magih deles. Iki ya kanggo wadah, makene uwong tetep duwe rasa bungah lan (ngerasa) sagah ring anane Basa Using," abane Bu Sri Susanti, Kepala TK Dahlia.
Sakliyane iku, lomba iki dianakaken supaya lalare TK juwari action ring ngarepe kamera. Sapa weruh dina-dina mbisuke, ana salah sijine lare hang bisa dadi penyiar utawane ngomong ring ngarepe wong akeh ring macem-macem panggonan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Humas TK Dahlia
Editor: Antariksawan Jusuf





