Lomba Gurit/Basanan Diborong Wong Banyuwangi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 18 September 2021 15:29 WIB)
- Laporan



Lomba Maca Puisi lan Basanan hang dianakaken Ikatan Keluarga Banyuwangi Pusat, malah diborong ambi wong-wong Banyuwangi.
   Lomba hang dianakaken kanggo mengeti dina dadine Ikawangi hang kaping 49 iku dimenangaken kelawan Terbaik 1 yaiku Ridzkiya Karimatus Soleha, Terbaik 2 R. Hartono utawa hang kesuwur kelawan aran Aden Syahlana lan hang Terbaik 3 yaiku Joko P. Susanto.
   Sak liyane wong hang domisili ring Banyuwangi, Lombane iku dipiloni wong-wong teka Bekasi, Lumajang, Malang, Riau lan Tangerang. Ana 20 wong hang milu lan 22 karya arupa basanan lan puisi/gurit Using.
   Akeh-akehe ngomong gok wektu Lombane hang seru mepete, yaiku mung seminggu hang dadi alangan. Muga-muga taun ngarep ana maning, makene persiyapane saya dawa.
   Ring upacara mengeti dina dadine Ikawangi Pusat hang dianakaken ring Sekretariat Ikawangi Jl. Tanah Merdeka, Ciracas, Jakarta Timur, Ikawangi uga ngelungaken bantuwan nang lare atim hang akehe 49 kaya angka ulang taune taping merga magih wayah pageblug, mung diwakili 4 lare atim wadon lan 9 lare atim lanang, uga nyumbang pesantren hang duwene wong Banyuwangi hang diwakili ketua pondhok pesantrene yaiku Darussalam Cendikia Kelapa Nunggal Bogor.
   Ridzkiya KS hang ulih Terbaik 1 iki setemene dudu lare anyar ring lomba-lomba gedigi iki. Iyane wis ping pirangane Lomba pidhato, nulis cerita cendhek basa Using ya wis kerep dadi juwara.
   Sakliyane lomba lan nyantuni lare atim, minggu ngarep tanggal 26 September, Ikawangi ya magih nggawe acara mancat bareng ring Tangerang.
   Juri lomba iku ana kang Ujik Abdullah Fauzi, sastrawan hang tau nulis novelet Pereng Puthuk Giri lan kumpulan gurit Ngerambah Ati, Moh. Syaiful, komisi sastra Dewan Kesenian Blambangan hang novele, Agul-Agul Belambangan tau menang penghargaan Rancage, lan kang Aang ketua Sengker Kuwung Belambangan. Saben-saben hang milu mung diwani wektu, sak menit kanggo macakaken guritan/basanane dhewek, hang temane Ikawangi.
   Rungokaken gurite Ridzkiya hang ulih Terbaik 1:

Kanggo Rika

Naleni rasa ring saka tengah kutha
Nong werane dalan lan sasak metropolitan
Nana wates, iling hang hun tinggal magih mentes-mentes
Kelendi arep mulih, barang donya ngoprak-oprak ngongkoni sugih
Kelendi arep sing kantru-kantru
Wong raina bengi isun mung bisa ngerandhu
Isun iki kudu kelendi?
Omong katon mung bisa sun balen-baleni
Marine kelendi, sak liyane ngimpi ring tanah Banyuwangi

Ring ngingsor iki hang ulih penghargaan Terbaik 2, guritane R. Hartono hang uga kesuwur ring aran Aden Syahlana:

Sebar semebar arume ganda
Nyerambahi kutha karang pedesan
Nggawa panji minangka jejege budaya nong awang uwunge nusantara
Aja kesirep, aja kepati
Papagen lakune para wiyaga hang gendhingan, nyebar arume ganda, arum-arume kutha Banyuwangi
Belambangan ya Banyuwangi
Temancep ring njerone ati para satriya, hang bela pati, njaga umbul-umbul Belambangan
Minangka perlambang guyub rukune para warga, sira Ikawangi

Hang iki ane Joko P. Susanto:

Ikawangi
Godhong kemangi terancaman kelapa
Sega cawuk mula enak rasane
Ikawangi wis kesuwur sak donya
Hang sun jaluk yara sedulurane

Selat Bali ana ring Banyuwangi
Aja lali rika nang Ikawangi

Sega tempong lalaban sambel kemangi
Tuku kemangi ana ring kampung Kauman
Uwong ngomong hang aran Ikawangi
Ikawangi saiki wis ana ring Jerman

Ngamet uwohe sukun nong Tanjungwangi
Selamet ulang taun nong Ikawangi.

Delengen tah, masiya temane Ikawangi, mung hang Terbaik 3 hang nyebut-nyebut Ikawangi ping kaping-kaping. Dene hang Terbaik 2 mung sepisan, lan hang terbaik 1 hing nyebut blas aran Ikawangi. Taping isi hang ana ring njerone jeru maknane.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor