Lomba Maca Puisi/Basanan Using, Mengeti Dina Dadine Ikawangi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 10 September 2021 13:54 WIB)
- Laporan



Kanggo mengeti dina dadine hang kaping 49, Ikawangi Pusat Jakarta, nganakaken Lomba Baca Puisi/Basanan Using.
"Lomba iki salah sijine acara ring iwuh mengeti dina dadine hang kaping 49," jare kang Bambang Sugiyono, Ketua Umum Ikawangi Pusat Jakarta.
Ikawangi Pusat Jakarta iki bengene nduwe aran Pawangi Jaya hang diedegaken tanggal 16 September 1972. Aju tau mandheg hing ana kegiatan. Sakat 1991 tepak ana wong Banyuwangi hang diangkat dadi walikota Jakarta Pusat yaiku ruwahe pak Abdul Kahfi, paguyuban iki diramekaken maning kelawan aran anyar yaiku Ikawangi lan ketuane yaiku ruwahe pak Busairie Abdullah.
   Acara mengeti dina dadine Ikawangi iki rencanane arep dianakaken ring tanggal 18 September ring Sekretariat Ikawangi noring Tanah Merdeka Ciracas Jakarta Timur, merga tanggal 16-e dina Kemis wayahe wong magih megawe. Rencanane, ring dina iku dianakaken pisan santunan kanggo lare atim, 4 lare wadon lan 9 lare lanang kanggo nduduhaken angka taune dina dadine Ikawangi.
   Sarate Lomba Puisi/Basanan iku yaiku:
1. Puisi/Basanan temane bab Ikawangi, gawenane dhewek.
2. Hing ulih nyinggung SARA lan politik.
3. Kanggone umum, lan wong hang umure paling sithik 17 taun.
4. Puisine diwacakaken lan digawe video dawane sak menit.
5. Videone mau dikirim nyang WA 0811843457 lan diuwot ring akun sosiale, FB utawa IG, dhewek-dhewek lan diwani tandha pager #ikawangi49tahun.
Dene hadhiyahe: Terbaik 1 - Rp. 1 juta, Terbaik 2 - Rp. 750 ribu lan Terbaik 3 - Rp. 500 ribu.
Penilaiane yaiku:
1. Intepretasi.
2. Teknik vokal.
3. Ekspresi lan gestur.
4. Kebahasaan.
5. Kesesuaian isi lan bobot materi.
   Pengumuman pemenange arep diwacakaken ring tanggal 18 September. Kang hing bisa nekani, merga akehe wonge hang diundang ana watese serehne pageblug iki, bisa miloni acarane kelawan virtual liwat Zoom
Dene Dewan Jurine ana Moh. Syaiful (Komisi Sastra Dewan Kesenian Blambangan) hang uga tau menang penghargaan hadiah Rancage, Abdullah Fauzi (sastrawan, penulis gurit Using Ngerambah Ati) lan Antariksawan Jusuf (Ketua Sengker Kuwung Belambangan).

"Apik acarane iki, merga Ikawangi milu nguri-uri sastra tinggalane embah buyut bengen," jare salah sijine juri, yaiku Moh. Syaiful.
   Sak liyane santunan lan Lomba Puisi lan Basanan iku, ana pisan acara mancat sepidhah bareng hang arep dianakaken ring Tangerang minggu ngarepe tanggal 26 September.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor