Lomba Patrol 2021 Balik Maning nyang Rakyat

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Selasa, 04 Mei 2021 05:55 WIB)
- Laporan



Manggon ana ring Waroeng Kemarang Desa Tamansuruh Kecamatan Glagah Banyuwangi bengi iki Minggu, 2 Mei 2021 kepilih limang grup melebu pinal Lomba Patrol Banyuwangi 2021. Limang grup iku antarane bain: 1. Kharisma Blambangan teka Cungking, 2. Mbah Gandrung teka Singojuruh, 3. Joyo Karyo teka Singotrunan, 4. Pengamen Jalanan teka Dinas Sosial, lan 5. Jajang Selaras teka Lateng. Sakteruse limang grup iku arep melebu pinal ana ring tanggal 8 lan 9 ulan Mei 2021. Telung grup ring malam Minggu tanggal 8 Mei 2021 lan 2 grup sisane ana ring malem Senin tanggal 9 Mei 2021.

Setemene lomba patrol iku wis dianakaken sakat tanggal 24 April 2021 ana ring saban malem minggu lan malem senin. Ana13 grup hang milu ana ring lomba iku sakdurunge diseleksi ring babak penyisihan hang ana ring petang bengi sakdurunge.

Wowok Meirianto hang duwe Waroeng kemarang hang uga panitia penyelenggara nyatakaken kadhung Lomba Patrol iki dianakaken sing mewakili kecamatan utawa desa naming mewakili grup utawa sanggar utawa perorangan beda ambi lomba-lomba patrol hang sakdurunge hang dianakaken ana ring agenda Festival Banyuwangi. Saktemene lomba Patrol iki dianakaken merga penjalukane kanca-kanca seniman lan budayawan merga ring taun iki Festival Patrol wis sing dianakaken maning nong agenda B-fest, gediku Wowok Meirianto nerangaken nyang belambangan.com.

Sakteruse Hasan Basri hang dadi Ketua DKB Banyuwangi nyatakaken ana ring sambutan pembukaane Lomba Patrol 2021 ana ring Waroeng Kemarang seru girange merga lomba iki bisa dianakaken maning sing mung teka anane campur tangane pemerintah naming mecungul teka ngisor yaiku usul lan kerentege masyarakat seni. Iki wis ndadekaken seni patrol balik maning nyang kesenian rakyat hang asale teka rakyat lan diuri-uri langsung ring masyarakat iku dhewek.

Merga anane lomba iki ring mangsa pandemi covid-19, sing leren-leren anane panitiya ngengetaken nyang penonoton kudu netepi aturan protokol kesehatan. Panitiya dhewek sampek nggawe palang abang angger ana ring panggonane penonton yaiku ring genjot omprok panggonan ngisor. Sing luput uga panitiya netepi nganggo masker wajib anggone penonton lan nganggo face shield anggone pemain utawa peserta lomba patrol.

Ring pungkasane Kang Wowo lan Mbok Ririt uga nguweni hadiah voucher nyang kabeh peserta kanggo bisa mangan lan ngombe ana ring ulan puasa iki sing kathik mbayar kanggone kabeh peserta masiya peserta lomba patrol iki sing katut melebu nyang pinal.

Muga-muga bain patrol sak teruse bisa dadi salah sijine kesenian hang bisa dadi pertunjukan kanggone wisatawan kayadene gandrung lan kesenian liyane. Gediku kang Wowok mungkasi keterangane.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kabar Anyar

Editor: Antariksawan Jusuf