Macaan Pacul Gowang Milenial Ditarget Munggah Pentas November

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 06 Agustus 2021 06:59 WIB)
- Laporan



Marek pertemuan hang kepindho, Tim revitalisasi sastra lisan Badan Bahasa wis namtoaken gok Macaan Pacul Gowang (MPG) Milenial kudu wis bisa munggah genjot ring November kawitan. 

"Waktu efektife telung ulan, masiya kene iki kesandhung ana PPKM lan kegiyatane kudu tetep miloni protokol kesehatan," jare pak Nur Ahid Prasetyawan teka KKLP Pelindungan Bahasa dan Sastra, Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa Jakarta nganggo basa Indonesia.

Pertemuan liwat njero kawat (daring) nganggo Zoom iku dipiloni sak liyane pak Nur Ahid, Kepala Balai Bahasa Jawa Timur pak Asrif, ana wong loro teka Dewan Kesenian Blambangan (DKB) yaiku ketuane kang Hasan Basri (Kang Son), kang Slamet Hariyanto (kang Momo), kang Abdullah Fauzi (Kang Ujik) teka Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Banyuwangi, uga kang Aang ketua umum Sengker Kuwung Belambangan (SKB).

Proses hang kudu dilakoni yaiku 1. Nyiapaken materi hang kudu diajaraken nyang peserta yaiku para pelatih ring sanggar-sanggar kesenian lan guru kesenian ring sekolah-sekolah 2. Nyiapaken pideo conto MPG hang arep digawa ambi kang Misran Watukebo, kang Ikhwan, lan kang Ali Kenthus 3. Aju sak mareke pelatih lan guru-guru iki ngajari muride (telung lare sak grup) buru grupe iki bisa munggah pentas.

Jare kang Ujik, merga magih ana pageblug, ana telung pilihan cara munggah pentase iki. Kang kawitan, grupe iki mau munggah genjot lan disiyaraken kelawan njero kawat. Kang kepindho para juri nekani peserta ring panggonane dhewek-dhewek. Lan hang pungkasan, disedhiyani genjot kanggo pentase para grup hang milu. Naming pilihan nomer telu iki rada nderawasi merga bisa nekakaken akeh wong kanggo milu ndeleng.

Materi hang diwulangaken iki arupa buku hang disusun tim lan pideo MPG hang digawa ambi wong telu iku mau. Materi iki setemene wis diomongaken ring Kang Son lan tim teka DKB ambi Disbudpar tanggal 31 Juli sore hang ngundang narasumber yaiku kang Misran Watukebo, kang Ikwan lan kang Ali Kenthus.

Isi bukune yaiku sejarah perkembangan kesenian Pacul Gowang lan bedane Macaan Lontar kanggo ritual lan Macaan Pacul Gowang, teknik Laik, teknik nyusun basanan lan wangsalan, teknik nyusun cerita, dramatisasi lan keaktoran. Buku lan pideo conto MPG dikarepaken minggu ketelu Agustus wis marek digarap lan seleksi grupe bisa gancang diangkati.

"Lalare milenial iki uga kudu ndeleng pisan conto Macaan klasik lan Macaan Pacul Gowang anyar (campur sari). Taping kekarepane lalare enom iki nduwe potensi dhewek lan bisa nggawa carane dhewek, dadi Macaan Pacul Gowang Milenial," jare kang Son.

Merga arane revitalisasi, makene kesenian iki ana hang nerusaken ring dina mengarepe, sasaran hang dituju yaiku lalare enom hang makili sanggar, sekolah lan komunitas. Merga sak grup diisi lare telu, dikarepaken ana 17 grup (51 lare) hang milu.

Kadhung pagebluge gancang uncal, kira-kira minggu kepisan November kene wis bisa ndeleng Macaan Pacul Gowang Milenial munggah ring pentas. Muga-muga tambah akeh Aljin-Aljin anyar ring Banyuwangi.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor