Magih Akeh Hang Bisa Dikenceti Teka Lontar Yusuf
Hasan Sentot (dipublikasikan pada Kamis, 28 November 2019 11:15 WIB)
- Laporan
Acara Bedah Buku: Konseling Lontar Yusuf, anggitane Dr. Arif Ainur Rofiq hang dianakakenn KPMBS (Keluarga Pelajar Mahasiswa Banyuwangi Surabaya) Komisariat Universitas Islam Negeri Sunan Ampel (UINSA) sak benere apik seru. Mergane, sak suwene iki Lontar Yusuf iku mung diwaca, utawa dienggo Macaan hang sampek saiki magih urip ring Desa Kemiren Kecamatan Glagah. Paran maning serta diterbitaken Buku hang nerjemahaken Lontar Yusuf nang Basa Indonesia, uga dilengkapi carane maca Arab Pegon hang ditulis Wiwin Indiarti, Dosen Uniba Banyuwangi, kaya tambah seneng kadhung ngomongakan Lontar Yusuf sak isine.
Buku Konseling Lontar Yusuf iki sak durunge arupa disertasi teka Arif Ainur Rofiq, wong aseli Pengantigan, Rogojampi hang nempuh program Doktoral ring Universuitas Negeri Malang. Ring buku iku, Rofiq hang sakiki njabat Ketua Program Studi Manajemen Dakwah ring Fakultas Dakwah lan Komunikasi UINSA, akeh njelasaken mampaat konseling mbimbing lare-lare teka pupuh-pupuh hang ana ring Lontar Yusuf. Akeh laku apik hang keneng dienggo tuladha, kaya dene ceritane Nabi Yusuf ring Al-Qur'an hang uga ketulis ring Lontar mau.
Rofiq ngakoni, sing gampang ngangkat Lontar Yusuf dadi bahan disertasi. Malah sak durunge tau ditolak, aju ganti pembimbing pungkasane diterima sampek lulus Doktor. Naming Rofiq uga ngakoni, kadhung hang dibahas ring disertasi mau mung sithik, merga dicantholaken ambi Teori Konseling teka ilmuwan manca negara. "Mangkane kadhung ana mahasiswa Banyuwangi liyane hang karep ngangkat Lontar Yusuf teka sisi liyane, magih akeh hang bisa dikenceti", gedigu pengarepe Rofiq.
Hasan Sentot salah sijine pembahas ring acara bedah buku mau, rumangsa kabotan nang tulisan Rofiq, kadhung Macawan Lontar Yusuf dipadakaken ambi Seni Pacul Gowang Aljin. Antarane Macawan Lontar ambi Macawan Pacul Gowang iku beda seru, masiya tah Macawan Pacul Gowang iku ana Macawan hang dijuwut teka Lontar Yusuf, tapi mung sithik. Kadhung Macawan Lontar Yusuf hang aseli, sewengi jampleng diwaca pupuh-pupuhe sampek ngarepaken subuh. Ambi ana hang tukang teges, kanggo njelasaken isine Lontar hang nganggo Basa Jawa Kuna, utawa Basa Kawi.
Pembahas liyane, Ayung Notonegara teka Komunitas Pegon Banyuwangi, malah nyoroti jeru nemen nang buku Konseling Lontar Yusuf. Jare Ayung, Penulis sing nyebutaken sil-silah asal muasale Kitab Lontar Yusuf hang diteliti. Jare Ayung, ring Banyuwangi iku akeh Kitab Lontar Yusuf lan beda-beda hang nulis, Mangkane kudu dijelasaken teka endi asale, iku penting. Sampek saiki magih ana hang nulis Kitab Lontar Yusuf, Pak Senari wong Mondoluko, Kemiren.
Ayung uga ngemanaken, kadhung tuladha hang dibahas mung sithik. Alae kadhung arep ngangkat lan njuwut tuladha liyane magih akeh. Lontar Yusuf iku, masiya nyeritakaken kadadeyan ring Timur Tengah, Ceritane Nabi Yusuf lan liya-liyane, naming uga akeh unsur-unsur aseli Banyuwangi. Kaya uwoh-uwohan hang disebutaken, dudu uwoh-uwohan hang ning Timur Tengah, taping akeh woh-wohan hang akeh ditemoni ring Banyuwangi, salah sijine manggis. Dadi kadhung dijelentrehaken Kitab Lontar Yusuf hang tulisane sapa, engko bisa weruh sugihe tuladha-tuladha hang didadekan bahasan konseling.
Acara bedah buku iki tambah enak, serta ana Ustadz Sururi hang aseli Mondoluka nggawakaken salah sijine Pupuh Lontar Yusuf ambi cengkok has Banyuwangen. Sururi sak liyane paseh maca lontar Yusuf, uga bisa mbedakaken cengkok, utawa laik-laik has Banyuwangi ambi laik-laik hang sing aseli. Malah Sururi hang weton Pondok Pesantren lan Alumni Ibrahimy Genteng, Banyuwangi, bisa negesaken, kadhung hang nulis Kitab Lontar Yusuf iku dudu wong sembarangan.
"Penulise seru pentere nang cara penulisan Basa Arab, uga ngerti hukum-hukume wong nulis cara Arab. Isun kadhung maca sampek heran, seru telitine ring Kitab Lontar aseline. Kebeneran isun duwe Kitab-Kitab kuna Basa Kawi hang nganggo aksara Arab Pegon. Kadhung ana mahasiswa hang gelem mbahas kanggo skripsi, tesis utawa disertasi, ayo Sun enteni", digu pungkase Sururi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.