Mala, Penembang Wadon Macaan Lontar Yusup
Nur Holipah (dipublikasikan pada Rabu, 19 Februari 2025 07:22 WIB)
- Tokoh

Padha kaya arane, Nur Kumala Saidah, Mala—gedigu paceke diceluk—mula kaya dadi simbol kumala alias intan kanggo Macaan Lontar Yusup Banyuwangi. Iyane dadi salah sijine penembang wadon Lontar Yusup hang wis kerep munggah panggung kanggone nembangaken Lontar Yusup.
Wis dadi kaweruhe wong akeh dak Lontar Yusup magih urip ana ring desa Kemiren lan sak ubengane. Naskah kuna iki seperene magih ditembangaken lan dadi bagiyan penting kanggone selametan kaya tah wong nak ngawinaken, nak nyunati, lan selametan desa liyane. Masiya akeh hang weruh, taping sing kabeh gelem sinau babakan cara maca lan nembangaken pupuh hang ana ring Lontar Yusup.
Lontar Yusup nyeritakaken laku lampahe Nabi Yusup alaihissalam, hang ditulis nganggo aksara Arab Pegon. Saben gurit (bait) diarani pada. Sak gurit, diarani pada lingsa. Gurit-gurit iku mauka duwe pupuh yaiku pupuh Kasmaran, pupuh Durma, pupuh Sinom, lan pupuh Pangkur. Kabeh iku, duwe variasi ragam tembang. Pupuh Kasmaran, variasine ana samudana, gleyong, selobob, pinangsangan, sinalanggeng, lan artati. Ring pupuh Durma ana sumadiya, arum-arum, cahyanira lanang, lan cahyanira wadon. Ring pupuh Sinom ana kedenda, gleyong/glengsengan, kere, onang-onang lan kunjara. Hang pangkur ana timbang lan jungut. (Indiarti & Nurullita dalam Semnas Humaniora dan Era Disrupsi, 2020)
September 2018, kawitane Mala milu pelatihan Mocoan Lontar Yusup hang diinisiasi Wiwin Indiarti (dosene ana ring Universitas PGRI Banyuwangi). Mala kelairan 1993, urip lan gedhi ring Kalibaru. Sekolah ana ring MI Nurul Fatah Kalibaru, terus nutugaken sekolah ring MTsN Kalibaru, SMA PGRI Purwoharjo, aju kuliah ring Uniba.
Kelendi setemene pengalamane Mala hang semasa nyandhing Lontar Yusup, acake?
Takon (T): “Mal, seger waras girang kecaruk Rika maning! Sapa hang sing kenal Rika yuh. Wis bolak balik manggung nggawakaken Lontar Yusup!”
Jawab (J): “Isun hang dicangking Lontar mbok. Mulane kerep manggung. Hehehee..”
T: “Paran hang nggarai Mala gelem kecemplung, gelem sinau maca lan nembang Lontar? Alihe, maca lontar iku yara angel. Sak weruhisun pisan, Lontar iki hang maca wong-wong tuwek.”
J: “Ya buru-buru, maune isun diejak Bu Wiwin, isun sing weruh paran-paran bab Lontar mbok. Ya taping tau rungu, digu. Kawitan milu pelatihan, ya mung bisa ngomplong ngerungokaken. Saben dikongkon nyacak niru nembang hang wis dicontohaken, ya angger tetak-tetak, luput. Setemene bain sing angel mbok. Yong Bu Wiwin wis nguwani versi terjemahane. Temune kadhung angel maca Arab Pegone, wis ana wacanane ning ngisore.”
T: “Ya taping, maca Arab hang wis ditulis latin ya sara jarisun Mal. Kadhung Mala, wis tau weruh wujud aseline Lontar?”
J: “Tau weruh ana salinane, kitabe iku kandel ya magih ditulis tangan. Lan, apike awak-awak iki malah kudu bisa maca hang pegone mbok...”
T: “Angger rungu suwarane Mala maca Lontar, kaya-kaya wis taunan, merga Mala mahir temenan macane. Expert digu. Kayane Mala iki mula bakat ring tarik suara ya? Kelendi sampek bisa nguwasani temenan ring saben cara maca pupuhe Mal?”
J: “Seperene iki ya magih terus sinau mbok. Ring umah, sak uwise pelatihan isun angger mbolan-mbaleni cara maca pupuh hang wis diwulangaken. Maning ana video conto macaan hang bisa disetel kanggo belajaran. Isun ya uga disemangati kanca-kanca uga Kang Guru.”
T: “Kang Guru?”
J: “Kang Guru iki Kang Pur Kemiren, hang duwe RBO. Isun lan kanca-kanca nyeluk Kang Guru kanggone ngurmati. Serehne wis mulang lan nguruki macaan nyang awak-awak. Maningana, bengen rutin angger gentenan Macaan Lontar Yusup iki dianakaken ring umahe anggota. Umpamane, minggu iki ning Bakungan, minggu maning ring Cungking.” Gentenan pokoke.
T: “Temune kaya arisan anjangsana digu ika yuh Mal?”
J: “Bener! Liyane silaturahmi, uga bisa ambi latihan Macaan. Ngelanyahaken. Jare Kang Guru, penting kanggone lalare enom hususe lare Using bisa nembang lontar Yusup. Merga meh entek generasi hang bisa maca lontar Yusup cara Banyuwangenan,”
T: “Kadhung akehe pupuh hang ana ring Lontar Yusup iki, hang paling didhemeni Mala, hang endi?”
J: “Kadhung ngomongaken pupuh hang paling hun dhemeni, ana siji loro. Taping hang nggarai hun rumangsa pupuh kesenengan ya Pangkur. Merga temakaken akeh hang nganggo cengkok lan variasi gawenane Mala seperene iki tepak ritual macaan. Iki dudu merga munggah-alem ya mbok. Hihihi...”
T: “Pentese wong-wong iku ya kepincut nyang variasine Mala yuh. Mal, sakweruhisun, Lontar Yusup iki yara kerep dienggo acara nyambut kaya tah, kadhung ana wong arep ngawinaken, embuh nyunati, tah selametan paran digu. Mala ya tau milu kundangan? Iku bener sewengi melek kanggo macaan? Kuat meleke iku Rika Mal?”
J: “Bener! Isun tau milu kundangan, melekan sewengi kanggone Macaan. Makene kuat melek, ya awak kudu dipastekaken sehat. Hing tepak warang. Istirahat, nggelinting cukup. Tetep kudu latian tembange lan olah vokale ambekana wis nguwasani lagune muka. Merga hang dienggo tenaga lan suwara. Isun kadhung wis arep tanggapan, ya ngurangi mangan hang ngelenga. Ati ambi pikiran kudu fokus mbok. Donga njaluk nyang Gusti Alloh makene dilancaraken sakat kawitan sampek pungkasan. Uga ndonga supaya paran hang dikarepaken sohibul hajat alias pengundang, kelaksan.”
T: “Mal, iku roh Rika lungguh silah sewengian yuh, sing ulih ubah Mal? Terus kadhung mens, tetep ulih maca tah?”
.J: “Sekali wis lungguh, apike sing akeh ubah, sing kakehan tingkah. Iki adab ritual Macaan hang diwulangaken Kang Guru. Emm, setemene bain nyekel lan maca Lontar nepaki perei utawa tepak mens, sing paran-paran. Taping kanggone njaga kesakralan dan unggah ungguh, etika ngurmati Lontar, isun lan kanca-kanca maca Lontar tepak sing mens.”
T: “Aju, sinau Lontar iki, paran sarane lan angele kanggo Rika Mal?”
J: “Merga isun iki salah sijine wong wadon, kawitan pisan yara sinau Lontar, paran yuh istilahe? Penyesuaian nada lanang nyang wadon lan njuwut kunci nada/laras suwara, rada angel mbok. Aju pisan, penyesuaian antarane tulisan ambi pengucapan, ya rada angel pisan.”
T: “Rika temune lawas ana ring Lontar Yusup iki ya? Paran hang paling nggarai Rika girang Mal ring antarane akehe undangan utawa rika manggung?”
J: “Emmm, paran yuh? Sing akeh, paran maning wadon, hang bisa maca lontar. Sak uwise ping 5 pelatihan, kawitan ana penembang wadon yaiku Bu Wiwin Indiarti, isun lan kancanisun Indah Pratiwi. Isun tau maca lontar ring wisuda kakak tingkat, tepak iku ana Bupati, Pak Anas. Ya sapa hang sing girang. Arane ditonton ambi wong nomer siji ring Banyuwangi. Terus pisan alhamdulillah taun 2019 isun khataman mbok. Ya kaya wong mari maca Al-Qur’an digu ika. Wis mari anggonisun sinau maca lontar, merga wis bisa kabeh tembang dhasar, arum-arum lan tembang variasi liyane. Uga wis bisa maca tulisan pegone. Seperene, magih durung ana maning hang khataman kaya isun.”
T: “Byek, tengere Rika iki patheng temenan sinau Lontar yuh Mal. Rungu-rungu, saiki malah Rika ya mulang Macaan Lontar Yusup ya? Ring endi iku Mal?”
J: “Alhamdulillaah. Yaiku muka mbok, maning-maning isun dicangking Lontar Yusup. Saiki iki isun akeh milu ngisi kegiatan ring Kampoeng Batara Papring kana. Merga iku, isun tau kecaruk staf-sus presiden, Putri Tanjung, Bupati, tamu teka Direktorat Kebudayaan, ya keneng diarani tamu-tamu penting tah wis. Terus, buru-buru iki isun ditari mulang ekstrakurikuler Macaan ring Pondok Pesantren Modern Al Kautsar Srono, seminggu pindo. Hun tampa, merga iku ya dadi tenger gok Lontar Yusup wis gadug merana-merana. Paran maning hang diwulang ya lare enom-enom.”
T: “Seneng yuh, paran hang wis Rika gayuh bisa rika dum-dumaken. Berkah!”
J: “Aamiin mbok,”
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Gesah
Editor: Antariksawan Jusuf