Mancat Sepidhah Bareng Lare Using

Nanang Bachtiar (dipublikasikan pada Rabu, 01 September 2021 16:23 WIB)
- Laporan



Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) korwil Bekasi (Ikobe) nggelar acara sepidhahan minangka mengeti dina kemerdhekaan Republik Indonesia kaping 76. Ring dina Minggu isuk, 29 Agustus 2021, acarane dianakaken ring panggonan njaba gedhung ring Cendolan Taman Sari - Setu, Bekasi iki kelawan tema Mancat Sepidhah Bareng Lare Using - Ikobe.

Kerana miloni protokol kesehatan, kegiyatan iki mung ulih dipiloni peserta hang akehe mung 30% teka jumlah anggota Ikobe. Acara iki diprakarsai Komunitas GANDRUNG (Gabungan Sepeda Ring Lurung). 

Sakliyane anggota Ikawangi mancat sepidhah bareng-bareng ring sakubengane Setu Bekasi hang adohe kira-kira 15 kilometer, ana pisan  lomba mangan kerupuk lan lomba ngelebokaken paku nang njero botol hang dipiloni ambi wong dewasa uga lalare cilik hang teka ring acara.

Pengarepane muga-muga kelawan nganakaken acara iki, dadi tandha gok Ikobe milu ngeramekaken dina kemerdhekaan Republik Indonesia hang kaping 76 iki. Masiya tawis kelawan nganakaken kegiyatan hang sedherhana. Taping bisa dadi tandha gok Ikobe peduli masalah kesehatan kelawan nganakaken kegiyatan olahraga mancat sepidhah bareng. Saingga dikarepaken kabeh padha seger waras, girang lan terus guyub ring antarane kabeh warga Banyuwangi hang manggon ring Bekasi lan sakubengane. 

 Ikobe ngadeg tanggal 8 Desember 2019, setemene mung Koordinator Wilayah ring ngingsore organisasi wong Banyuwangi, Ikawangi Pusat Jakarta hang sulungan ngadeg sakat 1972. Ikobe nduwe atusan anggota ring Bekasi lan sak ubengane.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf