Maneka Macem Dara Jawa
Samsul Hadi (dipublikasikan pada Senin, 14 Februari 2022 11:20 WIB)
- Esai
Ring kene isun arep ngenalaken maneka maceme dara lan kelendi carane nggawe dara andhukan, uga kelendi carane milih dara hang apik lan liya-liyane. Sak durunge sun terusaken nulis, sun kenalaken maceme dara hang ana ring Banyuwangi yaiku:
- Dara Jawa aseli tanah Jawa.
- Dara Rambon/Songkop/Melati.
- Dara Jawa Sungut Asli Tanah Jawa.
- Dara Andhukan Galap (Balap) lan Andhukan Kolong.
Hang sun weruhi ya mung iku, nawi dulur dulur hang maca iki lebih weruh teka isun tulung isun duduhana. Hang sun tulis ring kene cuma dara Lokal Indonesia, dudu dara teka negara manca, kayata dara Pos, Capucin, Kipas lan liya-liyane.
Iki wujud rupane dara aseli Jawa hang akeh dirawati ambi embah-embah bengen. Dara iki cuma bisa dienggo kesenengan, duwe-duwenan. Kadhung miber cuma miber muter-muter nang ndhuwur mung sedhela. Kadhung digawe dara andhukan sing keneng merga kekete/ngarete (rasa cupare kurang). Dara iki sing cuma cemeng (campuran kelawu biru tuwek) hang disebut Paul wernane taping ana hang Belorok, Pelangkok, Putih, Gambir (sokelat) lan campuran liyane kayata Gambir Selat (hang seriwine ana putihe siji tah loro).
2. Dara Perambon /Rambon (Dara Campuran).
Dara iki kadhung nang Jember arane dara Melati lan Songkop. Kelebu dara kacangan utawa pedaging. Rata-rata awake lemu mibere sing kuwat suwi kadhung miber bisa dhuwur lan muter-muter nang awang-awang. Hang akeh ngerumati dara iki wong telatah Jember lan sak ubenge. Akeh-akehe dara iki wernane putih lan buntute cemeng endhase metu kuncire. Kang nggarahi ketara iku pagupone/kandhange iku hang digawe dhuwur lan apik. Akeh-akehe dara iki dienggo main/judi, mangkane iku hang nggarai dilarang. Saktemene dara iki dienggo narik dara liya. Kadhung wis miber muter-muter sak rombongan ana dara rombongan liya biyasahe nyampur dadi siji noring ndhuwuran lan kadhung wis kesel lan arep ngepos mulih nang kandhange lali malah katut nyang rombongan liya.
Kerep dienggo lomba yaiku lomba Salipan utawa Getakan, yaiku lomba antarane rong desa utawa rong kutha. Umpamane Lumajang musuh ambi Jember. Dara hang nang Lumajang digawa nang Jember, sebalike hang nang Jember digawa nang Lumajang. Engko janjian ana juri teka Jember hang nunggoni nang Lumajang lan juri Lumajang hang nunggoni nang Jember. Juri teka Jember mauka tugase ngeculaken rombongan dara teka Lumajang lan sebalike juri lumajang tugase ngeculaken rombongan dara teka Jember. Ulihe nggawa dara iku kadhung Rombongan Jember nang lapangan Lumajang lan rombongan Lumajang nong lapangan Jember. Darane hang digawa pirang-pirang prahoto kaya pawai ambi ana hang macak kelambi adat lan jugedan ambi ana tabuhan kenthongan lan tabuhan saronen meduranan. Taping saiki wis akeh nganggo Sound System nganggo diesel diuwot prahoto. Engko kadhung wis gadug lapangan ambi nata lan ngitung dara hang arep miber milu lomba, suwine nganteni mulai lomba iku diselingi tabuhan lan jugedan teka rombongan hang njuged mulai teka lalare lan wong wadon hang macak adat padha jugedan ramene sing karuwan. Sampek lomba dikawiti, dara rombongan kawitan siap dieculaken ditulis nang jurine. Pirang dara akehe hang milu arep miber, dara teka desa endi, hang duwe dara sapa bain. Kadhung wis siyap kabeh buru diiberaken. Mibere ya barengan. Dara Jember hang nang Lumajang rombongan hang kawitan, dara Lumajang hang nang Jember ya rombongan kawitan. Serta wis miber kabeh mengko dara iku salipan nang tengah antarane Jember-Lumajang. Kapan dara iku pinter kenceng bain nang Lumajang utawa Jember tapi kadhung kang kakehan jamu utawa kang sing kuwat biyasahe katut nang rombongan musuh. Engko dara hang mulih nang umahe diitung pirang dara hang mulih, aju diitung hang mulih. Kadhung akehan Jember, Jember hang menang sebalike kadhung hang mulih akehan Lumajang, Lumajang hang menang. Sing cuma iku thok. Jember lan Lumajang padha ngitung dara teka desa endi bain lan duwene sapa hang bisa mulih lah dara hang bisa mulih iki engko diuweni hadhiyah rombongan. Polae ya ana pendaptarane. Dara hang menang mauka regane bisa larang, paling murah Rp.5.000.000,- arane bain golet seneng pira bain dituku.
3. Dara Jawa Sungut (dara aseli tanah Jawa)
Dara iki kelebu dara aseli tanah Jawa. Uripe semebar nang telatah tanah Jawa kelebu uga nang telatah Belambangan. Dara iki peraerane rada njambe lan nang pucuk bacote ana sungute kuncir cilik.
Dara iki bisa miber muter-muter sampek sing katon, malah sampek nang ndhuwure mega lan ulihe miber iku sampek setengah dina buru mudhun. Dara iki melebu golongan Dara Pos. Jaman bengen dienggo kirim kabar nang liya kutha utawa tepak jaman perang bengen. Carane gedigi: umpama dara hang dirawati suwi nang Banyuwangi lan dara hang dirawati suwi nang Surabaya iku oper-operan. Wong hang nang Surabaya iku ngerawati darane wong Banyuwangi hang wis suwi dirawati nang Banyuwangi. Sebalike wong Banyuwangi ngerawati darane wong Surabaya hang wis suwi dirawati nang Surabaya. Engko kadhung ana perlu nguweni kabar, nulis surat hang ditaleni nang sikile dara. Umpama Banyuwangi arep kirim kabar nang Surabaya, Banyuwangi ngeculaken dara Surabaya lan sebalike Surabaya kirim kabar nang Banyuwangi, Surabaya ngeculaken dara Banyuwangi. Biyasahe kadhung jarak Surabaya Banyuwangi iku rong dina wis gadug, biyasahe ngabari regane beras, palawija lan liya liyane. Mung iku hang sun weruhi ngenani dara aseli tanah Jawa. Magih ana tulisan ngenani dara andhukan, liya dina disambung maning.
Kudus, 13 Pebruari 2022
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : pengalaman dewek
Editor: Antariksawan Jusuf
