Marek KTA, Ikawangi Pusat Ngerah Kantor Sekretariat Permanen
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 24 Desember 2020 05:47 WIB)
- Laporan
Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Pusat Jakarta siji-siji metani programe, marek kartu tanda anggota (KTA), hang dierah saiki kantor sekretariat hang permanen.
Ring bungase taun 2020 iki Ikawangi arep mbagi KTA hang buru marek dicetak. "KTA wis dadi lan arep dibagi ring Minggu pungkasan ulan Desember iki," jare Ketua Umum Ikawangi) Pusat Jakarta Bogor Depok Tangerang Bekasi lan Banten (Jabodetabek Banten) Bambang Sugiono.
Cetak kang kepisan iki ana 218 anggota hang amprah nggawe KTA hang uga bisa dadi alat pembayaran arupa e-money. Kadhung dibandhingaken ambi kira-kira 20.000 keluwarga wong Banyuwangi ring Jabodetabekgon, setemene magih akeh hang durung kecathet.
Hang durung kober amprah ring gelombang kawitan, Ikawangi magih mbukak kanggo gelombang kepindho ulan Pebruari 2021.
"Merga targete kabeh anggota Ikawangi hang duwe KTP ring wilayah iki," jare wong Genteng hang tau dadi walikota Jakarta Utara iki. Wong Banyuwangi hang dudu penduduk Jabodetabek, taping nyekel kartu penduduk musiman ya bisa amprah kanggo KTA iki.
Gagasan nduwe KTA iki setemene wis sakat 10 taun kepungkur tapi buru kelaksan saiki merga kepingine KTAne iki nduwe pungsi akeh sakliyane tandha penomeran anggota. Kelawan nganggo e-money Bank Mandiri KTAne iki bisa dienggo mbayar-bayar kaya lumrahe emoney, upamane nunggang transportasi umum, mbayar tol, parkir lan liya-liyane. Uga bisa kartu diskon kadhung dienggo belanja ring tokok-tokok, restoran lan warung hang dadi rekanane Ikawangi kayata: Batik Paras Ayu ring Yogya, resto Ikan Bakar Banyuwangi hang ana ring Jakarta (25 persen) lan hang ana ring Banyuwangi (10 persen), Ayam Bakar Madu ring Kayuputih Jakarta Timur lan tokok Busana Muslim ring Bogor. Koordinator wilayahe diarepaken bisa nambahi jumlah rekanane hang bisa ngewani diskon kanggo ewonan warga Ikawangi ring Jabodetabek Banten.
Target sak teruse kanggo paguyuban hang wis ana sakat taun 1972 iki nduwe kantor sekretariat hang permanen.
Seperene program-program Ikawangi wis kelaksan, kejaba siji yaiku nduwe kantor sekretariat dhewek, jare kang Bambang. "Saiki magih golet panggonan hang seterategis," jare kang Bambang. Maksude kelendi kantor seketariat iki bisa dadi panggonan hang bisa diampiri warga Banyuwangi kapan bain kadhung tepak liwat ring parek sekretariat. Rong taun iki kantor sekretariate ana ring wilayah Jakarta Timur parek Kalimalang.
Sak suwene pageblug iki Ikawangi durung bisa akeh ngersaya, mung ana kegiyatan sosial mbagi sembako kanggo dulur-dulur Banyuwangi hang mbutuhaken bantuwan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Wawancara
Editor: Hani Z. Noor





