Masarakat Using Ngedegaken Sekolah Adat Pasinauan
Dra.Hj. ERMI ROSSANA,M.Si (dipublikasikan pada Selasa, 26 Januari 2021 07:39 WIB)
- Laporan
Komunitas Adat Using Banyuwangi ngedegaken Sekolah Adat Using Pasinauan ring Sawah Art Space, Olehsari, Glagah. Pasinauan iki artine panggonan sinau kanggo lalare hang arep belajar adat tradhisi, kesenian, tani, lan olah-olahan tradhisional.
Ketua Pengurus Daerah AMAN (Aliansi Masyarakat Adat Nusantara) Using Banyuwangi, Agus Hermawan, ngomong gok ngadege sekolah adat iki tujuwane sakperlu kanggo nguri-uri lan ngelestarekaken adat tradhisi ring wilayah adat Using sak Banyuwangi.
“Sekolah iki minangka asil pikiran wis sakat kapanane hang tujuwane kanggo ngedegaken sekolah adat Using," jare kang Agus.
Sekolah adat iki uga dikarepaken minangka wadhah iwuh budaya hang sedurunge wis dilakoni pirangane komunitas lalare enom. Kayata latihan macaan Lontar Yusuf lan latihan Gerak Dasar Tari Tradisi.
Jare Kang Agus, merujuke donya kelenceran (pariwisata) ring Banyuwangi hususe ring bab sosial budaya iki kudu diimbangi ambi pemahaman hang cukup makene hing pati nyeliwah teka pilosopi tradhisi iku dhewek. Iyane ngakoni gok nilai-nilai luhur tradhisi iku kadhung ilang mung ninggalaken tradhisi sewates pementasan.
"Kadhung wis gedigu njumbul hang aran degradasi budaya," jare kang Agus.
Mangkane ana pirangane materi hang magih ana hubungane ambi kearipan lokal iki arep diajaraken ring sekolah iki makene saya gampang dipahami ambi lalare enom-enoman. Kelebu umpamane konsep tanine wong Using hang ngandhelaken emes organik.
"Umpamane pisan ring tradhisi Kebo-keboan utawa Seblang, lalare diwani pemahaman gok tradhisi iki hing mung arupa pementasan belaka, naming nduweni maksud lan nilai-nilaine dhewek."
“Kearifan lokal iki arep didadekaken materi utama hang arep disinauni. Kelendi budaya wong Using hang agraris iki ngolah lemahe," tambah kang Agus.
Sakliyane nduwe konsep alam, sekolah iki uga manpaataken potensi komunitas adat hang wis ana. Dadi mengarepe, saben-saben komunitas adat nduwe kegiyatan sinau hang ana hubungane ambi kearifan lokal.
"Sawah Art Space iki minangka salah siji panggonane sinau lan uga dadi sekretariate sekolah adat iki. Taping panggonan kelase bisa digelar nong endi bain ring kampung adat liyane kelawan waktu hang bisa diatur dhewek."
Kang Hasan Basri Ketua Dewan Kesenian Blambangan (DKB) ndeleng gok sekolah adat iki minangka kerenteg kanggo nguwataken adat tradhisi lokal. Paran maning ritual adat wis akeh hang disokong pemerintah kelawan dilebokaken promosi wisata ring Banyuwangi Festival.
“Banyuwangi Festival wis katon asile nggawe selebrasi ritual adat hang nduweni pengaruh positip kanggo ngunggahaken ekonomi. Naming ring tengah-tengah gempuran modernitas, kene aja sampek kesirep anggone nguwataken wong-wonge, nilai, norma lan pilosopine," jare kang Hasan.
Budayawan lan guru SMPN 1 Banyuwangi hang uga aktip ring Dewan AMAN Daerah, iyane ngarepaken sekolah adat iki bisa dadi lokomotip kanggone lalare enom makene bisa jejeg mandiri kanggo ngelakoni nilai-nilai adat kelawan kekarepane dhewek. Sebab, selebrasi adat hang wis katon asile iki kudu diimbangi pondhasi kesadaran ngelakokaken nilai adat.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






