Mayo Milu Urun Ucap Nong Kamus Indonesia, Unduh Kamus Using Android

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 01 November 2021 09:19 WIB)
- Laporan



"Sapa bain bisa milu urun nyugihi kamus basa Indonesia, pokoke weruh carane lan durung ana aran iku ring basa Indonesia," jare Dr. Asrif M. Hum, Kepala Balai Bahasa Jawa Timur ring Pelatihan Kontributor Kamus hang dianakaken Sengker Kuwung Belambangan (SKB) dina Sabtu 30 Oktober sore ring Aula Sonangkara Kecamatan Kota Banyuwangi.
   Pak Asrif nerangaken nganggo logate hang nduduhaken gok iyane dudu teka Jawa, kadhung bengen hang diakoni bisa milu urun nyugihi kamus Basa Indonesia (BI) iku kudu propesor, kudu ditulis nong jurnal utawa buku, sakat 2016 aturane wis ganti.
   Carane, paling gampang ndeleng sulung ring aplikasi Kamus Besar Bahasa Indonesia V (KBBI V), wis anatah ucap hang arep dilebokaken iku. Kadhung durung, rika kudu daptar sulung nggawe akun, carane? Delengen nong kene
https://badanbahasa.kemdikbud.go.id/lamanbahasa/video/2508

Kadhung uwis, buru bisa usul nang tim panitiya KBBI, carane?
Delengen pideone iki:
https://badanbahasa.kemdikbud.go.id/lamanbahasa/video/3070
Utawa nong kene:
https://badanbahasa.kemdikbud.go.id/lamanbahasa/video/2509

Jare pak Asrif, kadhung bengen sithik-sithik kadhung hing ana ucap-ucap BI njuwute teka basa manca. Serehne basa dhaerah ring Indonesia iki ana 718, saiki njuwute teka basa dhaerah sulung, salah sijine basa Using.
   BI saiki kosakatane nambah seru akehe, ngelebihi basa asale yaiku basa Melayu merga wis ketambahan basa dhaerah liyane teka Aceh sampek Papua.
"Ayo iki tanggung jawabe kene kabeh makene basa Using bisa milu nambahi ucap-ucap hang ana ring Basa Indonesia," jare pak Asrif.
   Sarate ya mung loro iku mau: 1. Durung ana ring kamus BI lan 2. Gampang diucapaken wong sak Indonesia.
   Contone, panganan teka sagu hang teka Papua-Maluku diarani papeda. Setemene ana istilah teka dhaerah liya, yaiku teka Palopo diarani Kapurung, lan teka Tolaki arane Sironggi. Tping merga hang lebih gampang diucap yaiku Papeda, pungkasane Papeda hang dienggo ring basa Indonesia. Dene Kapurung lan Sironggi mau mung diwani cathetan gok hang dienggo iku Papeda.
   Akeh ucap lan istilah hang durung ana. Umpamane, hang ana ring ngingsore bacot ring antarane berengos kiwa tengen, arane paran durung ana. Rambut nong ngingsore lambe, dudu jenggot, arane paran.
"Iku buru aran-aran hang ana ring awak, durung jangkep. Kelendi istilah hang ana ring kesenian, kebudayaan, pertanian lan liya-liyane," jare pak Asrif.
   Ring istilah woh-wohan, umpamane kelapa, ana beluluk, cengkir, degan, kelapa hang wis kecathet ring BI teka basa Jawa. Kelendi kadhung kiring? Cumpu durung ana. Dadi Kiring (kelapa tuwek hang sepete sampek garing) bisa diusulaken nang Kamus BI.
   Ring diskusine, ana pitakonan teka kang Elvin Hendrata, ulih paran wong hang wis ngewani urun ucap hang kecathet ring kamus BI. Pak Asrif hing weruh tapi semaya arep takon nong bagian perkamusan hang ana ring kantore.

Kamus Android
Semono uga Kamus Bahasa Daerah Using Indonesia hang disusun ring ruwahe Pak Hasan Ali, bapake mbok Emilia Contessa. Kamus iku wis sakat 2002 hing tau ditambahi ucap-ucape, dadi perlu kene nambahi ucap.
   Carane emeh padha, kliken belambangan.com aju goletana kamus.
Ring dina Sabtu iku setemene ana Kamus Using versi Android hang wis bisa diundhuh ring Google Playstore: Kamus Using-Indonesia utawa Kamus Using-Indonesia Belambangan.
   Rencanane, kamus Using versi android iku diluncuraken ambi mbok Emilia, taping merga kondhisi awake rada hing enak dadine wurung. Taping kamuse wis ana ring playstore.
   Mayo nambahi ucap basa Using ring kamus Using lan kamus Basa Indonesia!

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor