Mbok Pitri lan Galungan

Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Minggu, 15 Januari 2023 07:31 WIB)
- Esai



“Mbok Pitri, njanur gunung, biyasahe isuk wis belanja. Maning kari ayu. Kelambine setel ambi kudhunge pisan,” nyerocose Mbok Insiyah nong warung welijaan.

“Jeh, marine. Jare Rika Isun iki pawakan sangsangan. Kadine penganggone paran bain pantesan, iki mau teka umahe Bu Putu, kanca sekolah bengen. Acarane mangan-mangan,” saute Mbok Pitri dilembeng-lembengaken.

“Ana paran, Mbok. Mungguha Isun ejaken ra!”

“Kau… kadhung ngomongaken panganan, mari- mari telikas. Isun madak dhewekan, ambi kanca-kanca ya, Mbok.” Tangane Mbok Pitri ambi milihi lobok litik kang arep dituku.

“Ya nawi. Ejaken tah Mbok Pitri, dulur kang sing pati pinter iki!”

“Aja gedigu ra, Kapan-kapan bain wih kadhung tepak rejeki nomplok. Sing mangan thok taping ambi ngelencer pisan. Gelem tah Rika? Mbok Pitri nyemayani.

“Dhemen seru, Mbok Pitri. Eh saktemene Rika mau mari nekani acara paran?

“Iku, Bu Putu ngerayakena Galungan. Iyane wong Hindu yara. Jare Sabtu iki aju ngerayakena Kuningan,” Mbok Pitri njelasaken.

“Yee ndane padha ambi lebaran Idul Fitritah? Eh Mbok, terusena gik ceritane paran iku Galungan. Kari penasaran Isun ya. Mbok Mah, iki picise, Sun bayar ragi sambel ambi tahuke,” Mbok Insiyah ngelungaken picis nyang Mbok Rahmah tukang welija.

“Mampira nang umah bain Mbok Yah mergane Isun nyambi ning pawon.” Mari mbayar belanjaane, Mbok Pitri melebu nong njerumah.

Sing sepira suwe Mbok Insiyah nututi Mbok Pitri kang wis melebu umahe.

“Assalamualaikum.”

“Waalaikumussalam. Melebuwa Mbok Yah. Iki Isun ambi methiki bayem. Biyasah, arep nggawe tempongan.”

“Tepak Mbok Pitri, nong umah wis mari njangan tombol ambi gerang asin. Rika wis ana gerangetah? Kadhung durung ana engko Hun gawakaken merene.”

“Wis ana, kesuwun Mbok. Timbangane nganggur, tulungana nggerus ya! Arep nggimbal.” Mbok Pitri ngelungaken cuwek lan canthuk nyang Mbok Insiyah.

“Mbok Pitri, terusena ceritane Galungan mau! Nawi thulik takon, Isun bisa njawab."

“Galungan iku emeh padha ambi lebarane dhewek cumong sing sampek setaun, ana Galungan maning. Dinane ditepakaken pas dina Rebo. Aju sepuluh dinane, pas dina Sabtu ana Kuningan. Jare kancanisun mau Galungan diramekena merga dharma menang ngalahaken adharma. Apik ngalahaken jahat. Maning ya Mbok, sakdurunge Galungan ya ana puwasane pisan. Jare telung dina puwasane. Byek puwasane Rika Mbok….. sedina sewengi. Mulai jam enem isuk ketemu jam enem isuk. Kuwat Rika? Taping kadhung wis kulina, ya jare kuwat bain.” Mbok Pitri njelasaken ambi methiki bayem sampek mari.

“Terus terus….?”

“Tepak Galungan iku, wayah sorene padha nyang pura.” Tutuge Mbok Pitri.

“Lhoh, ning Banyuwangi kene ana puratah? Isun sing tau tumon,” Mbok Insiyah tambah penasaran.

“Jare nong Kampung Bali kana. Rika weruh ra Kampung Bali?” takone Mbok Pitri.

“Ya weruh, taping sing tau weruh kadhung ana purane, pinggir endi ya?”

“Isun dhewek ya sing tau weruh, jare sembayange ya ning kono iku. Bangunane kaya lawangkori terus ana ukirane,” Mbok Pitri njelasaken ambi ngenceti manisah.

“Kadhung gedigu Gesibu Blambangan uga pura, Mbok?” takone Mbok Insiyah ambi gerus-gerus.

“Hus, ngawur. Iku panggonan kanggo nampilaken seni lan budaya ring Banyuwangi. Iku niru Candi Penataran hang ana ring Blitar kana," Mbok Pitri njelasaken ambi rada-rada wedi. Wedi kadhung salah.

“Yeee… Kesuwun ya Mbok Pitri. Isun dhemen Rika jelasaken kaya gedigi. Kapan-kapan nawi ana pitakonan maning aja bosen njawab ya!” ambi ngelungaken cuwek isi gerusan gimbal.

“InsyaAllah.” pungkase Mbok Pitri ambi nutugaken nggawe tempongan.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor