Mbok U'un, Hing Bisa Turu 40 Dina
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 11 Desember 2019 14:16 WIB)
- Laporan
Mbok U’un Hariyati iki salah sijine sastrawati Banyuwangi hang magih aktif nulis gurit lan cerita cendhek. Asil karyane dikelumpukaken dadi sak buku “Kik Lis Bajul” hang arep diluncuraken dina Sabtu 14 Desember kesuk. Kelendi ceritane sampek bisa nulis gurit hang apik-apik?
“Isun nulis sakat wis tuwek iki. Taun 1986, tepak anakisun hang nomer telu, wadon, ayu lan pinter magih umur rong taun, sampek umur hing kathik kadheman sedurunge. Isun kaya wong edan. Ngomong-ngomong dhewek lan hing bisa turu 40 dina. Marine kelendi, dina Minggu step, Senin isuk wis sing ana,” jare Mbok U’un.
“Tepak nong radhiyo hang ana tangisan. Enget anakisun nangis maning. Sampek diuwel ambi Wak Hasnan.”
“Tulisen tah kadhung using ditulis Rika bisa edan,” gedigu Mbok U’un nerokaken Wak Hasnan Singodimayan hang sekaken ndeleng kahanane Mbok U’un. Wak Hasnan dadi sutradhara sandhiwara radhiyo ring Radio Khusus Pemerintah Daerah Blambangan hang pemaine kelebu Mbok U’un.
“Sun tulis. Salah. Nulis maning, salah maning. Ana nawi hun suwek ping 27. Kira-kira wis jam 1 dalu, dadi gurit ‘Si Jebeng’ iku. Sakkal Isun bisa kesirep dhewek. Engkisuke, hun waca maning, Isun hing percaya gok iku tulisanisun. Hing percaya gok Isun bisa nulis.”
Tahun 1970an, tepak dadi pegawai Humas Pemda, suwarane Mbok U’un dianteni ambi wong-wong hang dhemen ngerungokaken sandhiwara basa Using. Kaya drama tradhisional liyane, dramane hing kathik naskah. Saben pemain mung diwarahi dadi paran, lan kelendi bolak abang ceritane. Kabeh melaku dhewek. Merga latar keluwargane hang Using deles, omongan bisa kewetu kaya ana hang ngongkon. Paran maning pemain liyane hang maine entek-entekan, kaya Mas Kakang Suroso (Kang Osok) hang seru menjiwai peran hang dimainaken. Kadhung nguwel Mbok U’un sampek Mbok U’un nangis temenanan.
Masiya hing sinau formal, Mbok U’un akeh sinau sastra utamane sastra Jawa, tembang-tembang apik-apik. Tulisan-tulisane biyasahe ulih inspirasine teka majalah utawa ndeleng pilem. “Hing mara-mara teka gedigu, taping ana pengalaman hang nggawe ati kelendi, digu.”
Bapake langganan majalah basa Jawa Panyebar Semangat, nggarai iyane rebutan maca ambi dulur-dulure. Masiya hing bisa nulis, taping karya sastra iku dadi panganan jiwa senine.
Mangkane seperene iyane magih hing percaya bisa nulis. “Ibarate sabrang Isun iki mogol, mateng using mentak ya using.”
Hang nggarai kelayung, “Keluwarganisun iki Using deles, ibarate hing ana campuran. Naming anak-anakisun hing ana hang bisa Usingan, merga teka lingkungan.”
Jare Mbok U’un, jaman bengen Basa Using kaya hing ana regane. “Lalare isin arep ngomong Using nong sekolahan. Tepak Sekolah Rakyat (SR, padha ambi SD saiki, red), hang dominan lare Jawa, masiya larene mung sithik taping kabeh milu-milu Jawaan.”
Taping rasa mongkog nong basa Using iku kewetu tepak SMA taun 1963-1967. “Isun yara sekolah ring sekolah Katolik, 80 persen larene lare keturunan Cina. Isun hing minder. Polae Rama kepala sekolahe iku nganggep Isun pinter. Bener ngomonge kadhung sinau basa Landa. Sampek iyane takon,”Kamu pernah sekolah dimana?” Akeh kanca-kanca hang sedurunge nganggep Isun sepele polae wong Using, tepak ulangan njaluk parek-parek. Isun ngerasa wong Banyuwangi bisa pisan pinter.”
Liyane nulis dhewek, Mbok U’un ya ngalih basa novel dwi-basa Using-Indonesia Niti Negari Bala Abangan hang ditulis ring Wak Hasnan Singodimayan. Lan buru bain marek ngalih basa novele Mas Aji Wirabumi hang nduweni judhul Wilis hang arep diterbitaken taun ngarep.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






