Memengan Breg-Bregan Tempuran

Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Kamis, 25 Februari 2021 07:05 WIB)
- Esai



Ring jaman moderen saiki, akeh memenganan hang anyar uga wis bisa nggerus memenganan lalare bengen, sampek dilalekaken ring jaman saiki. Salah sijine memenganan hang lawas ring desa Benelanlor kecamatan Kabat kabupaten Banyuwangi, memenganan Breg-bregan Tempuran arane. Kadhung wektune meh saben dina ring wektu soren lalare padha memengan breg-bregan Tempuran ring panggonan hang jembar. Breg-bregan Tempuran mung nganggo tembung. Cara maine ya kaya Breg-bregan biyasahe hang dikawiti golet lare hang dadi utawa jaga tembung iku mau, aju tembunge ditandhuk ambi salah siji lalare hang arep sengidan. Marek tembung ditandhuk, kabeh lalare hang arep sengidan bisa padha golet panggonan sengidan kabeh. Hang jaga mau ya kudu njuwut tembung hang wis ditandhuk aju dideleh ning panggonan tembung hang wis ditengeri sakdurunge. Lare hang njaga mau nggoleti lalare hang sengidanan. Aju tepak ngadoh teka tembunge, salah siji lare hang sengidan iki mau metu lan ngebragagen yaiku ambi ngomong “Tempur” marek iku tembunge ditandhuk sak anter-atere aju melayu sengidan maning. Gedigu thok sakteruse. Salah siji lare hang magih dhemen memengan lawas kaya Breg-bregan Tempuran yaiku Opi hang mesti ngejaki kancane memengan breg-bregan tempuran iku. Biyasahe ring wektu soren tepak dina sabtu, Opi ngajak kancane yaiku Puji hang magih enak ndeleng tipi ning umahe.
Kerungu Opi ngomong arep ngejak memengan Breg-bregan Tempuran, Puji aju jenggirat tangi uga mateni TVne lan langsung jerantal melaku memengan ambi Opi. Lare loro iku mau padha bingung magih, arep memengan ambi sapa bain, merga kudu ana tembung lan maine kadhung mung jak loron hing enak. 

Ketepakan ring lurung parek umahe Puji uga ana panggonan hang arep dinggo Breg-bregan. Ana Pikri, Diki, Aril, Andri uga Paat hang arep melaku main tembung ring lapangan. Lalare mau padha sapa-sapaan.
Pikri nyapa ambi ngejak tembung ring Opi uga Puji. Timbangane adoh main tembung, Puji ngajak memengan Breg-bregan Tempuran ning kidul umahe Diki iku. 
Cumpu ana hang durung tau weruh, kaya Paat. Iki hang nambahi semangate Puji ngenalaken carane memengan. 
Pungkasane lalare hang arep main tembung padha wurung. Merga tembunge hang arep dienggo duwene Diki lan Diki saiki arep main Breg-bregan Tempuran. 

Puji sakat mau munyik-munyik uga sing nyangka kadhung bisa langsung ketemu lalare akeh hang gelem diejak memengan Tempuran. 
Akhire jakakehan padha hompimpah pertandha arep golet sapa hang dadi sulung (jaga tembung). Serta wis hompimpah, hang dadi sulung keneng Paat. Kabeh lalare padha udur-uduran kepingin nandhuk tembunge sampek ana hang nyeragut tembunge.
Tembung dideleh nong bunderan hang wes ditengeri, Paat ngenteni nong kadohan uga kanca-kancane hang bisa sengidan padha ancang-ancang golet panggonan sengidan dhewek-dhewek. Serang semangate tembunge mencelat adoh ditandhuk ring Opi sampek Paat hing bisa ngadhangi pelayune tembung iku mau. Aju Opi sak kancaan padha sengidan. Ana hang ring sengkere umahe uwong, ana hang ring kembang-kembangan, uga ana hang ring walike ris umah. Tapi hang nggarahi seru yaiku lalare padha guyub arep nggawe Paat dadi terus sak nangise. Rencana iku hang nggawe golongane Andri, Pikri, uga Diki. Opi ambi Puji sing weruh kadhung lalare iku ngerencanakaken cara nakalan iku. Radha suwi Paat njuwut tembung iku mau sampek dideleh nong panggonan hang wis ditengeri nganggo garis modhele bunder. Paat telikas nggoleti lalare hang sengidanan mau ambi jaga-jaga nyang tembunge makene sing ditandhuk maning, sebabe kadhung keneng tandhuk Paat dadi maning. 
Sekelebetan ring suket, Paat weruh uga marani ambi edheng-edhengan. Puji hang sengidan sing weruh kadhung ring mburine ana Paat hang mareki, serta wis ketenger kadhung iku Puji, Paat uga nyeluk arane Puji pertandha Puji wis sing ulih sengidan maning sebabe wis ketemon. Ketepaan wayah Paat melayu ring tembunge mau uga muni “breg” kanggo Puji hang wis ketemon, ring kadohan ana Diki hang sak weruhe larene tembung sing ana hang jaga. Diki melayu ngecir sampek emeh tabrakan ambi Paat. Merga wis duwe rencana arep ngakali Paat, Diki sakdurunge nandhuk tembunge disulungi ngomong “Tempur” (pertandha Paat kudu dadi maning uga Puji hang wes ketemon  bisa sengidan maning). Tapi biyasahe lalare kadhung memengan Breg bregan tempuran mesthi wayahe ngebregaken digawe-gawe omonge, kaya dene “Nempur........Setengah Kilo.........” ale ngomong “Tempur” bain wis cukup. Ring panggonan iku Paat ambi Diki meh tukaran sebabe Paat ngerasa kadhung diakali, tapi Paat duwe akal uga ngulihaken Diki sengidan maning. Masiya Paat duwe target kudu nemokaken lalare kabeh supaya bisa sing dadi maning, tapi Paat ngecing Diki (Diki didadekaken target). 
Merga golongane Diki, Pikri uga Andri wis siap ambi rencanane, Paat bolak-balik dadi terus masiya wis bisa nemokaken Opi, Aril, uga Puji. Breg-bregan iku wis suwi sampek emeh kiroah Magrib, Opi uga njumbul teka panggonan sengidan sebab arep mungkasi memengan iku. Akhire golongane Andri, Pikri, Diki padha marani Paat ambi meringis girang sebab wis asil anggone nggawe Paat dadi terus. Ring kahanan iku dudu saya tawur tapi malah saya akur ring antarane Paat ambi lalare iku, Kiroah ring masjid wis diunekaken, lalare padha pamit mulih ning umahe dhewek-dhewek ambi goblosan keringet. Rasa nerima, nyepura uga njaluk sepura iku hang gawe jangget sak kancaan ring antarane lalare desa Benelanlor. Jare omonge uwong, bisa diibarataken lalare mau wis “gandheng j*mb*t” serang emeh bebarengan saben memengan ring sabendinane.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Penulis

Editor: Hani Z. Noor