Mengeti 76 Taun Indonesia Merdheka ring Hongkong
Tirto Arum (dipublikasikan pada Rabu, 18 Agustus 2021 07:47 WIB)
- Laporan
Indonesia iki negara gedhi hang nduweni maneka kesugihan alam, budaya, maneka basa, pulo-pulo hang dadi sembrani kanggo wong kelenceran (wisatawan). Hing kalah pentinge, akeh wargane hang megawe ring njaba lan milu nyumbang devisa negara kaya para buruh migran ring luar negeri. Wong-wong iki nggawa kesugihan Indonesia teka desane lan diduduhaken ring negara liya. Umpamane hang ana ring Hongkong.
Hongkong hang nyuguhaken kemeromonge urip lan budaya uga ngewani pengaruh nyang para buruh migran kaya penganggon, panganan, cara megawe lan adat istiadat. Saben minggu para buruh migran uga ngelakoni kegiyatan hang beda-beda, kaya dene seni tari, seni bela diri, lan liya-liyane.
Tepak ana tanggal lan dina husus, kayata dina Kemerdhekaan, wong-wong iki semembur milu ngerayakaken. Kaya dina Minggu sore, rong dina sedurunge Bangsa Indonesia mengeti dina kemerdhekaane, tim jaranan Sekar Jati Budoyo hang digawangi ambi petang uwong teka Banyuwangi lan Malang ngewani hadhiyah minangka wujud welase para buruh migran ring Hongkong nyang Indonesia utamane nyang tanah kelairan Banyuwangi kelawan nampilaken tari Padhang Ulan.
Masiya magih ana ring wayah pageblug lan adoh teka sempurna para buruh migran tetep kepingin nampilaken suguhan hang paling apik. Tari Padang Ulan iki nyeritakaken bab lare lancing lan perawan hang buru bain kecaruk kenalan lan padha dhemene.
Tim inti Sekar Jati Budoyo iki diketuwai ring mbok Erina teka Srono Banyuwangi, mbok Septi teka Malang, mbok Neeluh Hariyani lan penulis hang asale teka Cluring Banyuwangi. Ring grup iki para anggota sing mung belajar tari jaranan taping uga tarian Banyuwangi liyane lan tekade minangka pelaku seni ring negara manca kabeh kepingin tetep semangat ngelestarekaken budaya Indonesia. Masiyatah rekenane buru bain lair, kabeh kepingin nyawijikaken kemampuan ring wektu lan kondhisi hang sempit, sekaligus nyaluraken hobi kanggo ngisi wektu lodhang tepak prei megawe. Mbok Erina minangka ketua grup Sekar Jati Budoyo kelebu wong hang kusa masiya uripe dadi wong tuwek ngerawati anake dhewekan. Iyane uga nguwasai tari Jaranan tepak magih ring Indonesia. Hang liyane uga, mbok Septi, mbok Neeluh Hariyani setemene uga asale teka keluwarga seniman.
Kanggo mengeti dina kemerdhekaan negara Republik Indonesia hang kaping 76 iki, tim Sekar Jati Budoyo nganggo penganggon hang sederhana taping mbejaji kelawan ngatonaken kelir abang putih.
Para buruh migran uga miloni lomba go talent ring Konsulat Jenderal Republik Indonesia (KJRI) lan Jaringan Buruh Migran Indonesia (JBMI) hang dianakaken kelawan cara rowat (njero kawat/daring).
Kerana kahanan magih ana pageblug Covid-19 iki kumpul-kumpul wong akeh magih diwatesi mung ulih wolung uwong kanggo hang wis divaksin lan tetep miloni protokol kesehatan antarane njaga jarak uga sing kabeh buruh migran bisa prei, dadi latihane dilakoni kelawan cara virtual.
Mongkog rasane bisa bareng kabeh ngibaraken bendera Merah Putih ring tanah kumbara. Tetepa dadi Srikandi Bangsa masiya kejuluke Buruh Migran, lan tetepa kusa ngersaya lega lila kanggo wong-wong hang kita welasi. Tetep dadi pejuwang kelawan sipat apik, sing bingkak, masiya ujian menyang lan teka kaya ombak segara. Lan kanggo kabeh buruh migran, pengarepanisun tetepa njaga kesehatan lan miloni temenanan protokol kesehatan teka pemerintah, paran maning kerana kahanan pageblug Covid-19 mula durung pungkas.
Cheung Sha wan, 16-8-2021
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Tirto Arum
Editor: Antariksawan Jusuf






