Mengeti Setaun Ikawangi Tangsel Kelawan Priatin
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 14 Juli 2021 19:00 WIB)
- Laporan
Setaun dina dadine Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Korwil Tangerang Selatan diengeti kelawan rasa priatin sak njerone mangsa pageblug iki.
Merga magih ana PPKM Darurat, iwuh setaune Ikawangi Tangsel tanggal 12 Juli sore mung ditekani wong pitu, merga hang diundang ya mung pengurus inti bain. Yaiku ketuane Dodot Trias, wakile Sofyan Osing, humas kang Sujarwo, wong Banyuwangi hang dadi pejabat ring Baznas KH. M. Thohir, kang Arief lan rabine mbok Liesnani lan Jamil Segara hang keitung salah siji wong hang milu ngedegaken Ikawangi Tangsel.
Acarane mung ndonga lan mangan sega bodreks hang disiyapaken teka Dapur Mami Laros, usahane mbok Liesnani.
Ketua Ikawangi Tangsel Dodot Trias mung ndonga muga-muga mengarepe Ikawangi Tangsel bisaa saya nggawe manpaat kanggo anggotane utamane hang mbutuhaken bantuwan.
"Sedurunge program metu kanggo wong-wong njaba, maksude hang dudu anggota Ikawangi, kene kepingine lebih nggatekaken anggota sulung."
Minangka koordinator wilayah ring ngingsore Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Pusat Jakarta, Ikawangi Tangsel wis nggarap pirangane kegiyatan sosial kayata mbecikaken umah, mbecikaken musala, sedekah Jemuah Berkah lan liya-liyane.
Kanggo nggedhekaken organisasine, kapanane wis ngumpul sak perlu nata nggawe aturan organisasi.
Ikawangi Tangsel iki bengene ana ring ngingsore Ikawangi Tangerang Raya taping merga wilayah lan akeh wong-wonge hang manggon ring Tangerang Selatan, kerenteg ngadegaken organisasi dhewek kewujud tanggal 12 Juli 2020.
Organisasine saiki wis nggawe Standar Operasional Prosedur (SOP) hang penting kanggo mageri melakune organisasi.
Ikawangi Tangsel saiki wis nduwe emeh 100 anggota.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






