Menungsa lan Montor
Iskak Basuki (dipublikasikan pada Kamis, 07 Januari 2021 10:15 WIB)
- Esai
Ngomongaken menungsa lan montor, mesthi bain menungsa dudu montor lan montor dudu menungsa. Menungsa bisa nggawe montor taping montor hing bisa nggawe menungsa. Hang jelas, montor lan menungsa ana hang nggawe. Mohal kadhung karo-karone mara-mara njumbul karepe dhewek.
Hing masuk akal ana montor njumbul teka lemah ring dalan utawa ring garasi, umpamane. Mesthi ana pabrike ring panggonan utawa ring salah siji negara. Mesthi ana kronologine sakat metu teka pabrik sampek nggadug garasi. Menungsa, kejaba Adam lan Siti Hawa, hing kira mara-mara mecungul nong bumi iki, ring alas tah ring alas beton ring kutha-kutha.
Sing ana ceritane menungsa hing duwe nasab nyang menungsa liyane. Kaya dene carang wit-witan mesthi ana empange. Empang mesthi ana uwite. Milyaran menungsa hang semebar ring donya iki mesthi kadhung diurut memburi, njujuge ana ring pasangan menungsa kawitan Adam lan Hawa.
Donya suwi-suwi saya ebek ambi menungsa. Kaya uwit sulur-suluran, ring saben kutha populasi menungsa nerubus ring wilayah pinggiran. Lemah hang maune alas gung liwang-liwung aju terus digundhuli dienggo kebonan lan kedhokan. Wong tani nandur pari, wong tani berdasi nandur umah siji-siji. Pirangane milyar wong urip ring bumi saiki? Pira hang wis mati? Mung Pengeran hang weruh merga mung Pengeran hang bisa nguripaken lan mateni. Aja maning akehe menungsa, yong pira akehe godhong ring donya iki kabeh ana cathetane, pira hang temebluk saben dinane, uga godhong-godhongan hang ana ring alas hang sintru (al-An'aam 59). Endane jumlahe menungsa arep madhani akehe godhong? Hang jelas, donya mula tambah ebek menungsa, ebek cerita.
Cendhek ceritane, gedigu jare ring abad 18 ring negara Perancis, menungsa bisa ndeleng kereta hang kawitan hing ditarik jaran. Wujude magih emeh kaya kereta jaran, naming rodhane digelindhingaken nganggo mesin. Yaiku montor hang kawitan. Mesine nganggo tenaga kukus (uap). 'Wantere' utawa hang lebih bener 'edhenge' kira-kira mung 1,6 km/jam. Lebih edheng timbang wong melaku sikil 4 km/jam. Emeh kaya merangkang kadhung dibandhingaken ambi kereta jaran. Arane nawi hang lebih pas nawi 'kemajuan hang ketinggalan.'
Kira-kira telung abad sakuwise, abad 21, montor wis melesat edan-edanan, moderen lan canggih. Montor hang paling hebat saiki 'twin turbo' bisa melayu sampek 400 km/jam, kelawan ukuran akselerasi 100 km/jam mung 2-3 detik bain. Fitur-fiture kabeh wis otomatis, belegere futuristik, regane fantastik, mung nggarai menungsa liyane cangkeme ngomplong merga larange.
Mobil, lan anjrahe teknologi liyane, saya suwi saya canggih, menungsa bisa sulung-sulungan nggawe lan ngadol barang anyar hang hebat lan nggarai ngomplong. Taping sampek kapan bain hing kira bisa nggawe laler (al-Hajj 73-74). Yaiku watese - tantangane menungsa hang lali awake aju lali sapa hang nggawe, hang wis diumumaken ring Qoran sakat abad 6. Pengeran, Allah SWT, weruh persis kelendi pethithete menungsa, kelebu sepira isine uteke. Sebab mung Iyane hang nggawe menungsa, hang nginstall uteke.
Sepira hebate Pengeran nggawe laler? Antere laler miber iku rata-rata:
1,5 m/detik utawa 5400 km/jam utawa Mach 4.4 (ping 4,4 antere melakune suwara).
Menang aduoh timbang montor 'sport' hang paling anter saiki iki, taping wis disaingi ambi pesawat Boeing X-51 Scramjet, jet tempur hang paling anter saiki kelawan rekor:
6400 km/jam utawa 1,7 m/detik, utawa Mach 5.
Taping ukurane? Laler hing sampek sak senti. Matane mung 1-2 mm taping ana ewonan lensa hang kabeh mbukak lan awas bisa ndeleng nong panggonan endi bain, kelebu mendhuwur lan mengingsor. Keplakan seriwine bain bisa ping 200 per detik, mendhuwur lan mengingsor. Bisa 'take off' lan 'landing' nong endi bain, sak karepe mung sepersemene detik hing nganggo landasan pacu. Kewan cilik iki bisa miber, nguwah arah mibere mung seperatus detik utawa ping 50 lebih cepet timbang kethipe mata menungsa. Nah, menungsa bisa hing kethip kadhung ndeleng jangkepe 'spesifikasi' kewan cilik hang sing dianggep iki.
'Taping, sak canggih-canggihe paran bain montor tah montor muluk iku mung 'mahluk mati' hang sing ana paran-parane timbangane laler. Paran maning disandhingaken ambi menungsa. Menungsa iku mahluk mutahir gawenane Pengeran; gawenan hang paling apik, spesifikasine ya saya apik maning timbang mahluk liyane, kelebu malaikat. Menungsa iku hing mung jiwa lan raga, taping duwe software napsu, akal lan hang paling larang iman.
Hing kabeh menungsa diwani iman nong njerone. Setemene menungsa hang paling sugih iku hang nduwe iman nong njerone, merga iman hing bisa dituku masiya ambi emas hang ana sak donya iki. Mung sepira menungsa hang paling sugih ring donya iki hang kesugihane padha ambi emas hang ana sak donya lan isine? Magih larangan iman. Iman malah hing bisa dituku. Hing ana menungsa, sak nabi-nabine wis, hang bisa nginstall iman nang wong liya kadhung Pengeran hing ngarepaken. Iman iku mung urusane Pengeran. Mung Iyane hang bisa lan nduwe hak siji-sijine hing ana liyane maning kanggo ngewani iman nyang menungsa Naming emane, akeh hang wis diwani iman malah hing ngereken sampek imane gering lan emeh matek, hing bisa ngeregani awake dhewek lan Dat hang wis ndadekaken awake iku menungsa, minangka mahluk hang utama, sampurna lan canggih. Menungsa bisa ana ring panggonan tepis wiring lan kejungkel ring panggonan paling ngingsor kadhung luput ulihe nyetir awake, kayadene montor.
Salah sijine, kadhung raga utawa awak iki diibarataken montor, jiwa iki supire lan kehidupan iki minangka papan sirkuite hang bisa seru pareke lan bisa seru adohe. Kabeh mung bisa dibalekaken maning nang Hang Kuwasa. Kadhung hing nganggo arah-arahe teka Allah, mesthi kesasar ring dalan hang nyeliwah.
Pituduhe dalane urip iki bengen wis tau disemayani nang Bapak Adam lan Emak Hawa, diwarisaken nang menungsa-menungsa pilihan minangka instruktur, juru utawa guru nyetir awak ngeliwati dalanan hang meligak-meliguk ngeliwati akeh perapatan, dalan temurunan lan dalan munggah.
Ring dalanan aspal, menungsa lan montor hing bisa dipisah. Montor wis kayadene sikil hang dibutuhaken kanggo aktivitas, rutinitas lan mobilitas. Ring dalanan endi bain menungsa lan montore kaya jiwa lan raga. Menungsa minangka jiwa lan montor minangka ragane hang nurut nong endi bain disetir kelawan edheng-edheng tah kelawan ugal-ugalan. Montor iku terserah supire, utawa raga terserah jiwane, utawa awak tergantung hang nyekel setire. Ring dalanan nong endi bain sak donya hing ana ceritane sopir hang wuta. Sopir kudu awas matane. Gara-gara mata ngantuk bisa nggarai belahi. Kelendi dadine kadhung kabeh sopir wuta? Mesthi akeh tabrakan nong endi-endi.
Iku hang kerep kedadeyan ring donya hang nyata utawa ring donya maya, frontal tah virtual; ujurane personal, nasional sampek internasional. Kabeh benteng ceweng, padu lan perang iku minangka tabrakan utawa tabrakan sosial, mental, spiritual merga sopire hang wuta utawa terahom jiwane uga atine. Naming menungsa hing ngerasa ugal-ugalan tepak nyetir raga lan pikirane.
Taping kehidupan terus melaku. Embuh sampek kapan. Hang jelas, kabeh disekseni lan direkam pidione ring Pengeran hang hing kathik sapa-sapa, hing nganggo paran-paran wis nggawe alam lan isine, kelebu menungsa ring njerone. Dene menungsa kelawan kekancan ewonan menungsa liyane ring pabrike, terus nggawe montor hang saya ngebeki dalan; macem-macem modhele, ukurane lan kelire. Kabeh nduwe merek dhewek-dhewek, lan ana logo pabrike. Menungsa weruh akeh montor masiya durung karuwan nduweni. Hang keseron, menungsa nduwe awak ragane taping hing weruh awake dhewek, paran maning hing weruh sapa hang nggawe iyane.
Menungsa diwani mata loro, mata ring endhas lan ring ati, taping mung mata hang ring endhas bain hang dienggo. Dhemenane ndeleng hang katon mata taping akibate tambah nggarai atine wuta. Menungsa biyasah maca identitas montor, ring grill ngarepe utawa ring bagiyan liyane. Menungsa hing bisa ndeleng identitas Pengeran - hang nggawe iyane - ring pola hang sederhana, hing patiya ketara. Menungsa hing tenger masiya saben-saben ngaca lan adhep-adhepan ambi wong liya.
Asma-ne uga ana ring tangan lan sikil, hing bisa using. Kabeh hang digawe tangan lan sikil mesthi nganggo Asmane. Nawi merga iku kabeh ring dina Pungkasan, cangkeme menungsa disereg hing bisa ngomong, mung tangane hang ngomong paran hang wis digawe lan sikile hang dadi seksine.
Ring saben ubahe awak, takbiratul ihram, rukuk, iktidal lan ngadeg nong rekaat kepindho, Asma iku bisa katon kadhung tangan diangkat ring sandhinge endhas sampek pareke kuping, cocog ambi hadise Nabi Muhammad SAW.
Ring delamakan tangan katon kewela-wela bekas garis-garis tangan hang ana sakat nong njerone wetenge emak. Garis hang dudu asal-asalan dudu kebetulan. Garis-garis iku suratan-E, sandi hang kuncine dititipaken nyang sebagiyan sithik menungsa.
'Masya Allah!' Sidik jari mung kaya gedigu lan gedhine ya mung semono, sing diwatesi kreasi, variasi lan diversifikasi pola-ne bisa hing ana hang padha nang wong sak donya lan hing bisa dipalsu. Hing ana montor utawa barang gawenan menungsa iki hang hing bisa dipalsu. Hing ana montor lan barang gawenan menungsa hang nduwe identitas kaya menungsa iku dhewek.
Maning-maning ibarat montor, jantung iku mesine. Mesine menungsa iku melaku terus nana mandhege. Mesine montor mung urip kadhung disetater montore. Montor paran bain, unine mesine, suwarane kenalpote, mung nggereng kaya gedigu 'nyaris tak terdengar'. Nana hang muni kaya mereke. Taping mesin menungsa, sapa bain uwonge, mesthi nyebutaken aran Hang Nggawe, melebu metu ambegan menungsa. Lan magih akeh spesifikasi liyane hang nduduhaken gok menungsa iku gawenane Allah SWT. Pengeran hang nduwe Asma'ul Husna, kari seru apik rencanane, bisa diukur lan rinci gawenane.
Anehe, menungsa akeh hang hing rumangsa merga kakehan lan seru kedonyan. Masiya awake tepak lungguh utawa turu-turuan utawa turu temenan naming dheg-dhegan jantunge hing kakaruwan, adoh teka aseline, kaya dudu gawenane Pengeran. Akeh pisan hang hing senada lan mula hing ana aran-E ring kono. Jantunge, atine, 'mesine' kakehan diisi aran-aran menungsa liyane utawa aran-aran barang, dhewek-dhewek utawa barengan, ngguncang raina lan dalu ukurane taunan. Iku hang ndadekaken akeh menungsa hang 'lara jantung' , lara ati, "lara mesin" ibarate montor. Mesine montor masiya larang ana hang adol. Taping jantung, mesine menungsa, nong endi tukune? Pira regane, kelendi masange?
Sak larang-larange montor suwi-suwi tambah umur kayadene menungsa, seksine kaya paran wih tepak enome.hing ana ceritane, montor saya suwi saya apik, saya anyar, masiya dirawat miloni buku manuale. Hang saiki katon futuristik, mbisuke dadi antik, pungkasane mung ditumpuk dadi rongsokan lan dilebur dadi wesi maning. Taping, montor dudu menungsa lan menungsa dudu montor.
Kadhung ana kekarepan mesthi kecaruk dalane, jare wong Inggris. Unen-unen iki seru Islamine. Hang penting niyate. Menungsa urip iku merga ana niyat. Paran niyate urip? Arep mulih tah mung keloprohan nggoleti donya bain? Jare wong kana 'suwarga' itu tujuwane urip. Langit. Langit iku hang jelas dhuwur nong ndhuwuran. Dadi jelas, 'trend' dalane urip iku teka wektu nang wektu, dina nang dina mesthi mendhuwur. Mbutuhaken 'kekarepan' hang kuwat makene dalane bisa katon. Menungsa dikongkon tambah dina saya apik lan kisuk kudu saya apik timbang dina iki.
Paran maksude saya apik tambah dina, sakat enom sampek tuwek?
Jawabe nan liyane yaiku ati. Sampek nong kene, jelas menungsa dudu montor. Awake menungsa bisa bain tambah dina saya elek, miloni umur, taping kudune mbalik ring kondhisi anyar, mbalik nang fitri, paling using mareki.
Iku hakikate urip. Tujuwan Allah SWT nggawe jin lan menungsa hing ana kejaba ibadah. Ibadah hang utama iku solat. Solat hang mbisuk dadi amalan ring dina Hisab. Kadhung solate apik hang liyane Insyaallah apik. Solat, kaya dijelasaken Kanjeng Nabi iku kayadene adus, ngadusi ati, kadhung saben dina diadusi ping lima, mesthi rijig. Saya rijig berarti atine saya dhuwur, saya parek nang langit, kaya hang diwacakaken ring donga ring antarane sujud loro, yaiku 'warfa'ni', angkaten isun.
Menungsa hing bisa ngerijigi awake dhewek kelawan solat kejaba dirijigi ambi Pengeran. Kelawan basa liyane, menungsa hing bisa tambah dhuwur utawa marek nong Pengeran kadhung hing diangkat utawa diparekaken ring Pengeran. Merga menungsa hing duwe paran-paran 'laahaula walaaquwwata illabillahil aliyyil adziim'.
Iku kira-kira dalan hang lurus, dalan hang wis diliwati wong-wing saleh, ulih rahmat lan pituduh teka Pengeran. Iyane kabeh hang wis sampek sandhinge Pengeran, panggonan paling dhuwur.
Teka ndhuwuran, ring alas beton kutha, menungsa, montor seliweran katon cilik-cilik kaya menganan. Menungsa, ibarate montor-montoran mula bangete diujicoba, diuji mutune ring latar donya, pungkasane dipilih endi hang apik, endi hang kuwat, baterene ngirit, lampune kedhap-kedhip kadhung kunci remote diludek, aju disayang dilebokaken lemari koleksi menganan. Hang rosak bisa dibecikaken. Taping hang rusak seru, lare cilik bain hing dhemen, hing welas maning lan hing dienggo. Jumbleng panggonan hang tepak siji-sijine.
(Bwi,1120.1.ib)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Pemikiran dan Pengalaman
Editor: Hani Z. Noor
