Milu Mengeti Hari Kartini Ring Hongkong

Tirto Arum (dipublikasikan pada Kamis, 08 April 2021 06:56 WIB)
- Laporan



Mengeti dina laire Ibu Kartini mesthine tanggal 21 April, taping merga tanggal iku ketepakan wis melebu puwasaan, aju sore tanggal 4 April warga Indonesia hang ana ring Hongkong ngerayakaken dina iku.

Warga Indonesia hang ana ring Hongkong, akeh-akehe anggota Buruh Migran Indonesia (BMI) liwat Jaringan BMI kelawan nggelar akeh kegiyatan. JBMI iki minangka asosiasi hang anggotane paguyuban-paguyuban hang salah siji tujuwane ngelestarekaken seni budaya lan uga nambah wawasan bab hak buruh lan hukum. Hang milu manggung dina iku ana Paguyuban Al Ikhlas makili aliansine yaiku GAMMI, Enjoy Dancer (teka LIMPI), lan Green Family (makili PILAR).

Hang milu iwuh iku sak liyane nganggo penganggo tradhisional Indonesia kayata kebaya, uga ana hang nganggo penganggo jaranan lan kesenian liyane. Uga digelar lomba-lomba kanggo ngeramekaken acarane. Ana lomba Bisik Kata hang dipiloni petang wong saben grup, ana Senam Lepaskan Belenggu, lan One Billion Rising. Kabeh kegiyatan iku dianakaken ring lapangan Victoria Park distrik Causeway Bay Hongkong.  

Sak jerone mangsa pageblug iki, para anggota BMI hing surut semangate kanggo milu mengeti perayaan Hari Nasional masiya dijaga ambi satpam, pulisi, petugas imigrasi lan kementrian Buruh. Panitiane dhewek njembreng spandhuk lan poster hang ngarahaken peserta miloni protokol kesehatan.

Kelompok Enjoy Dancer gang makili Liga Pekerja Migran Indonesia (LIPMI) milu mentasaken Tari Pecut Samandiman. Jare Ketua Enjoy Dancer, mbok Anita, grupe iki milu ngelestarekaken budaya Ponorogo lan uga ring musik modheren. Suwarane pecut hang pating cemethar kaya dadi siji ambi rancak musik lan suwara gongseng. Grupe iki kari sithik, kari 12 wong merga anggotane akeh hang mulih nyang Indonesia lan hing balik maning. Mulane grup iki magih nerima pendaptaran anggota anyar kanggo regenerasi, kelawan nggandheng anggota Bajing loncat, IMWU, Frienster, WAST lan liyane ring payung organisasi LIPMI. Hang uga penting kanggone anggotane yaiku paham nong hak-hake minangka buruh migran lan ngarti hukum-hukum hang ngelindhungi buruh migran ring Hongkong. Ring LIPMI, buruh diajari ilmu kanggo nambah wawasan makene dadi wong wadon hang cerdhas lan hing gampang dipulasara. Akeh-akehe mula wong hang golet pegaweyan ring Hongkong dadi saka utama sendhenan keluwarga ring tanah kelairan. 

Sak liyane tari pecut Samandiman teka grup Enjoy Dancer,  dipentasaken bareng ambi tari jaranan teka grup Tresno Wiro Budaya utawa Green famili hang dipimpin kak Handika. Masiya asale teka grup payung hang beda taping tetep nduduhaken tari hang bisa selaras.

Udan hang ngantem wilayah kono hing nyurutaken semangat dhuwur para buruh migran kanggo bisa milu ring iwuh iku. Paran maning disokong ambi stand hang nyedhiyani tes gula darah, tensi darah, lan pijat refleksi. Ring lawang melebu Victoria Park hang ana ring seberangane MTR (Mass Transit Railway), pemerintahe uga ngedegaken tendha kanggo nyedhiyani tes swab gratis. 


Cheung Sha wan, 7-4-2021 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Wawancara, Tirto Arum

Editor: Hani Z. Noor