Mocoan Petang Macem Budaya, Kanggo Ngeraketaken Paseduluran

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Sabtu, 04 Januari 2020 07:05 WIB)
- Laporan



Tradisi Mocoan sampek saiki hang magih urip ana ring Desan Kemiren lan dusun-dusune, kaya Mandaluka. Malah ana hang magih saiki tetep nulis, utawa nyalis Kitab Lontar Yusuf kanggo nyukupi pesenan. Wong-wong Banyuwangi umume kenal Mocoan Lontar Yusuf, durung tau ana mocoan teka tembang utawa Babad liyane. Naming ring guru Sejarah SMAN 1 Giri aran Pak Suhalik, lan Dosen Uniba Banyuwangi hang uga peneliti ring Banyuwangi, tradisi anyar mau cacak diuripaken lan terus dilembangaken dadi tradisi anyar kanggo ngumpulan macem-maceme komunitas suku ring Banyuwangi.

“Kegiatan kaya gedigi iki, minangka panggon ngelestarikaken lan nguri-nguri werna maceme tembang hang urip ring Bumi Belambangan. Paran maning hang maca teka macem-macem suku hang urip ring Banyuwangi, seru tepake lintas budaya iki mau bisa ketemu ring siji panggonan lan ambi maca Babad Tawangalun. Sak durunge sing tau ana, Babad Tawangalun iki diwedar liwat Mocoan”, gedigu ujare Suhalik hang ditemoni ring sela-selane acara Macoan Lintas Budaya hang manggon ring Pendopo Sasono Ngudi Utomo, Jl. KH. Agus Salim, Mojopanggung Banyuwangi (Minggu, 29/12/2019)

Pak Suhali uga nambahi, kadhung acara gedigi iki uga kanggo njawab kahanan hang ana, yaiku “Politik Identitas”. Kabeh kepingin ngagul-ngagulaken suku lan golongane dhewek, sonder mikir wutuhe suku mau ring njerone wadah Nagara Republik Indonesia (NKRI). “Mengarepe, isun kepingin pesantogan lintas budaya kaya gedigi iki, dadi payung hang bisa ngedem-ngedemi kahanan hang panas ring njaba kana. Kabeh hang teka lan milu maca, masia carane beda, bisa ngerteni lan paham werna macemen mocoan teka budaya hang beda mau”, jare Suhalik hang duwe kawagitaen gedhe nyang Sejarah Banyuwangi jaman bengen.

Acara mocoan lintas budaya iku, pancen nyedot kawigaten seniman lan pemerihati seni budaya Banyuwangi. Kebukti bengi iku hang teka lebih teka 50 uwong, masita soben-sobene mung liwah WhatsApp. “Panggonan iki minangka saksi, kelendi bengene isun lan kanaca hang didukung ambi Pak I Wayan Sutama hang duwe Sanggar. Alhamdulillah terus melaku lan peserta terus tambah, embuh iku hang enom utawa hang sepuh biyasah mocoan naming mulai wis arang. Pesantogan kaya gedigi iku, bisa dienggo nguripi tradiisi mocoan mau. Paran maning ring kenen, dulur Mudura, Jawa, Using lan Bali bisa maca ambi carane dhewek-dhewek”, gedigu ujare Wiwin Indiarti, Dosen peneliti teka Fakultas Bahasa lan Seni Universitas PGRI Banyuwangi.

Kanggone Wiwin hang uga akeh nulis buku masalah Banyuwangi iki, mocoan Babad Tawangalun Lintas Budaya duwene makna penting kanggo ndudugaken lan neguhaken, Banyuwangi iku teka macem-macem suku budaya hang beda. Kahanan nyata macem-macem budaya mau, sing dadi alangan kanggo ngumpul dadi siji. “Kebukti Babad Tawangalun hang ana 12 pupuh, bisa ditembangaken ambi enak dirungokaken masita laik-laike ana werna papat makili teka suku mau. Sing terima kanggo hang mocoan, acara gedigi iku ngemu pengalaman hang unik bisa ngerungokaken Mebasa (Bali), Macapat (Jawa), Mamaca (Medura) lan Mocoan (Using). Teka gedigu, akeh hang kepingin weruh kelendi sak benere aju gelem belajar lan maca Babas Tawangalu”, ujare Wiwin.  

Babad Tawangalun miangkan naskah kuna hang nyertakaken embah-buyut, keluarga raya-raja Belambangan hang mula kawite teka para Pangeran Kedawung ring abad 17. Silsilah Raja Belambang noring Babad Tawangalun iki, antarane lebih teka rong Abad. Babag iki sing nyebutaken aran hang nulis, ana 12 pupu lan ana macem-macem wujut mocoan, uga gancaran utawan cerita.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.