Munsing, Tabuhan lan Basanan Using

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Sabtu, 28 September 2019 18:40 WIB)
- Laporan



 

            Munsing sakelerepan kaya arane iwak segara “mungsing”, naming iki dudu iwak segara iki arane tabuhan anyar teka desa Aliyan hang dipandhegani Moch. Pungki Hartono. Munsing iki teka ucap musik nada using. Hang dikarepakan yaiku tabuhan daerah kaya angklung kolaborasi hang nggawa gendhing garapan-garapan anyar hang sakdurunge sing tau ana ring Banyuwangi.

            Hang milu ana ring Munsing iki lare nom-noman hang akeh-akhehe teka desa Aliyan lan sakubengane. Nurut Anton Sujarwo, lurahe Aliyan dikarepaken lare nom-noman Aliyan bisa munggah maning derajate ambi nyangking keseniane. Masiya mung manggon ana ring desa naming pergelaran Munsing iki wis sakderajat ambi pergelaran musik internasional, gediku jare Anton Sujarwo ngimbuhi omonge ana ring pidato pergelaran Munsing ring desa Aliyan kala iku wayah ring Gelar Sanga Ritual adat Keboan Aliyan, tanggal 7 September 2019 kepungkur.

            Tabuhan patrol, terbang, kethuk gong kendhang ditambahi maning ambi saron pancen dudu tabuhan anyar maning, naming garap lan pergelarane dikonsep ambi seni pertunjukan hang nyangking drama lan teatrikal Using logat Aliyan. Garapan terbangane ugo ditata nganggo pantus lan lencangan hang ditabuh wong siji, meh-meh kaya garapane Inisisri (ruwahe) ring tahun 90-an.  

            Sakliyane gendhing-gendhing anyar sing luput uga digawa basanan, unen-unen, lan wangsalan hang gawe surak-surake penonton hang ndileng. Iki bedane Munsing ambi angklung-angklung liyane. Ring wayah pergelarane penonton ulih takon utawa nyauri pitakone pemain, sing luput sakwayah-wayah ngajak gesah panjak lan pemain liyane. Saur-manuk antarane penonton lan pemain bisa bain kadhung dikarepaken pemaine. Hang mesti kepingkele penonton sing mung sepisan pindho merga ana hang gawe guyu ring antarane obah lan tingkahe pemain, paran maning basanan, wangsalan lan unen-unene hang khas desa Aliyan iku.

            Kaya unen-unen lawas ya ana hang digawa. Kawite nggolet angin nggo munyengaken kiling...

            “Angine teko kulon…(prok…prok..prok-prok), teko wetan …(prok…prok..prok-prok), teko elor …(prok…prok..prok-prok), kidul …(prok…prok..prok-prok), dhuwur …(prok…prok..prok-prok), ngisor …(prok…prok..prok-prok), pungkasane kancane sing omes nganteni terus ngucap:

            “Ngitung jembute China,” penontone kepingkel maning. Hang penting gawe penonton dhemen, gediku jare ketua panjake hang lulusan STKW Surabaya iki.

            “Panjer Kiling” salah sijine garapan hang nduduhaken kelendi adat lan kebiasaane wong Aliyan hang dhemen manjer killing ana ring sawahan. Kiling hang wis dadi kancane wong tani rikala ngerumat sawahe dikarepaken nggawe ilinge wong tani nyang hang Pengeran hang gawe urip iki. Laikan, ladrangan, sesegan, lan timpalan terbang kerasa nggawa nyang surasane urip ana ring sawahan. Ring pungkase gelar kabeh panjak nggawa killing maju mengarep marek nyang penonton, kepingine bisa nduduhaken unyere killing hang digawa kayadene killing hang ana ring sawahan, nyatane killing sing munyer merga nana angina hang mili nyang panggung. Kiling diunyeraken nganggo tangane ambi disuwuk makne suwi karepe munyenge. Pungkasane maning penonton gemuyu maning ndeleng tingkahe pemain hang sing omes nganteni kilinge munyeng.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Moh. Syaiful