Muscab Aisyiyah Banyuwangi Netepaken Pimpinan Anyar

Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Selasa, 14 Maret 2023 08:47 WIB)
- Laporan



Musyawarah Cabang (Muscab) Aisyiyah Banyuwangi kang digelar ring panggung Mesjid gedhe KH Ahmad Dahlan dina Ahad tanggal 12 Maret 2023, netepaken pimpinan kang anyar kanggo periode 2022- 2027. Pimpinan anyar iku ngganteni pimpinan sakdurunge kerana waktu jabatane wis entek. Malah waktune kang sakbenere entek ring taun 2020 ditambahi maning rong taun kerana covid-19. Kadine jabatan kang mesthine mulai 2015-2020 dadi molor sampek 2022. Muscab kang dihadhiri anggota Pimpinan Cabang Aisyiyah Banyuwangi lan utusan Pimpinan Ranting sak kecamatan Banyuwangi, uga ditekani wakil teka Pimpinan Daerah Aisyiyah Kabupaten Banyuwangi iku kelaksan kelawan lancar.

Sakdurunge dianakaken pilihan calon pimpinan, acara dikawiti ambi pidhato Iftitah Ketua Cabang Aisyiyah Banyuwangi periode 2015-2022. Iyane nyampekaken kadhung saksuwene megawe bareng ambi anggota lan ranting-ranting ngelakokaken program-programe Aisyiyah Cabang, terang ana salah lupute embuh iku diseja utawa using. Minangka menungsa sing mohal ana salah lupute. Kerana iku ring pidhatone, ketua njaluk sepura. Sakliyane iku, iyane uga ngucapaken kesuwun, kang wis megawe bareng-bareng majokaken Aisyiyah Cabang Banyuwangi.  Ring periode iki Aisyiyah bisa ngedegaken Taman Kanak-kanak kang sakdurunge magih dadi Kelompok Bermain (KB) yaiku TK Lestari Aisyiyah VIII. Sakliyane iku bisa tuku montor lan gedhung kang gedhunge saiki dienggo kantor sekretariate Aisyiyah Cabang Banyuwangi.

Acara Muscab kang dihadiri Pimpinan Daerah Aisyiyah (PDA) iku diwakili Sri Sarbini, bendahara lan Anis Ilmiyati wakil ketua kang nangani ekonomi. Ring kono PDA nyampekaken Risalah Perempuan Berkemajuan lan Isu-isu Strategis Keumatan dan Kemanusiaan Banyuwangi. Wong wadon Berkemajuan kudu duwe karakter antarane Iman lan takwa, taat ibadah, ahlak karimah, berfikir tajdid yaiku mbalik nong akidah lan ibadah kang murni kaya sunahe Nabi SAW. Duwe sikap wasatiyah maksude nduweni sikap adil, terpilih lan pertengahan, sing keliwat-liwat lebih utawa kurange. Komitmen berkemajuan antarane kudu nguwasai ilmu pengetahuan lan teknologi, ngelestarekaken lingkungan, keluarga sakinah, lan partisipasi publik. Sedheng isu-isu seterategise, Aisyiyah ngajak fastabiqul khairat. Kayadene Muhammadiyah, Aisyiyah wis ngembangaken program utawa usaha kanggo nguwataken persatuan lan perdamaian kanggo bangsa. Masiya ana isu seterategis liyane kaya nguwataken literasi, ring Banyuwangi isu seterategise yaiku nyegah keras nyang lare, kawin durung cukup umur lan stunting. Keras nyang lare, akeh-akehe kedadeyane ana ning njero keluwarga iku dhewek timbang ring sekolahan utawa panggonane memengan. Kang nggarai getun maning, kang keras nyang lare iku uwong kang dikenal ambi larene. Embuh iku wong tuweke utawa berayane. Kadhung masalah lare kawin durung cukup umur, anak kang dilairaken potensi bayi stunting (kurang gizi) antarane lebih endhep dhuwure timbang lare kang sak pantaran. Maninga kadhung wis kawin, aju sing tutug sekolah.

 Acara pilihan calon pimpinan dipimpin ambi Nurul Arismi, kang sedinane dadi guru SMP. Ambi Nurul para calon pimpinan kang akehe 41 uwong lan asale teka para anggota PCA lan pimpinan ranting iku padha dikenalaken. Engko teka petangpuluh siji wong iku dipilih pitu dadi pormatur. Lan para pormatur iki kang nemtokaken sapa pimpinan cabang mengarep. Temokaken magih ana sak lembar kartu suwara kang jumlahe pas seketpitu lembar iku kang sing sah. Serta para anggota pormatur nganakaken  sidhang, ahire kepilih calon pimpinan cabang Aisyiyah kang anyar kanggo periode 2022-2027. Pilihane yaiku Mulyati Chumaidi kang balik maning dadi ketua, sedheng sekretarise kepilih Kusmini ngganteni Endang Sri Hartati. Wekase Anis Ilmiyati kang teka PDA iku, sakmarine ngucapaken selamet supaya ketua lan sekretaris Cabang Aisyiyah Banyuwangi amanah.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf