Musdalub DKB 24 September, Rerijige DKB Nyang Urusan Pulitik
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Senin, 21 September 2020 09:10 WIB)
- Esai
Saktemene sapa hang nduwe kepentingan nyang hang aran DKB (Dewan Kesenian Blambangan) Banyuwangi? Jawabe, nomer siji mesthine ya Pemerintah Kabupaten Banyuwangi. Apuwa gediku? Dewan Kesenian Blambangan iku minangka wadhahe para seniman utamane para punggawane seniman hang ana ring Banyuwangi hang dipilih para seniman iku dhewek kanggo lungguh ana ring kana. DKB iku dadi lembaga partnere pemerintah ring urusan legal formal lan legislasine kegiyatan seni lan budaya hang ana ring Banyuwangi.
Pemerintah Kabupaten Banyuwangi mula wis nduwe lembaga resmi hang ngurusi seni lan budaya umpamane Dinas Kebudayaan lan Pariwisata, hang liyane uga ana kaya Dinas Pendidikan Nasional hang ngurusi seni budaya ring bangku sekolahan. Serehne lembaga resmi loro iku magih durung cukup anggone dadi wadhahe seni lan budaya, mula iku perlu ana lembaga legislasi kaya-kaya saktingkat ambi Dewan. Mesthine bain aran dewan manggone kudu ana ring lembaga terhormat. Terhormate hang ulih manggon ana ring kursi penghormatan mung ring urusan seni lan budaya.
Banyuwangi minangka kutha seni lan budaya nganggep penting anane lembaga iki, mula iku anane lan kegiyatane kudu gedhe sak gedhene kutha Banyuwangi hang wis mupus mucuk ana ring seni lan budaya. Kaya kiprahe seni lan budaya Banyuwangi ring gelaran nasional utawane internasional.
Rada kapesan! Rong periode kepengurusan kepungkur anane DKB kaya mung sakperlu anane bain sing pantes ambi aran gedhene. Apuwa gediku? mesthi bain kabeh iku kaya wis diatur. Kelendi carane? Gampang bain! Aja diweni anggaran bain wis celakep sing bisa muni cangkeme saklawase. Bener temenan, sakjege ana peraturan hang nganggoni yayasan kudu umur paling sithik telung taun buru bisa nyodhoraken anggaran kanggo kegiyatane, DKB dadi keple. Paran maning yayasane mula durung digawe.
Saklawase iku kelendi kadhung nduwe agenda kegiyatan? Ya mung milu nyusu nyang dinas Kebudayan dan Pariwisata bain. Byek, iku hang diarani disunati sampek bongkot ya gediku iku. Marine kelendi maning?
Hadeh! Iki karepe kelendi? Karepe anane DKB aja milu-milu nyang urusan eksekusi nyang kegiyatan kesenian. Lungguhe hang enak disuguhi kopi lan panganan enak, delengen bain isun megawe aja milu tuding-tuding. Penggaweyanrika cukup nduduhaken jempolrika nyang kegiyatan hang wis dilakoni lembaga-lembaga formal pemerintah hang wis diatur.
Byalak! Iki Dewan Kesenian ya! Lembaga iki uga digawe nganggo SK bupati ya, sing mung sukur-sukur ana. Rika arep tingkah kelendi maning barang picise sing milu nyekel. Rika bisa ubed naming sing bisa melaku, manggona bain ana ring kana mecegreg ulih ngomong naming aja anter-anter paran maning berak-berak ana ring media, ulih tingkah mung nganggo deriji jempol rika.
Iki panggonan paran? Mayotah rerijig panggonan iki. Dadiya panggonan iki panggonan hang bisa ngerungkebi nyang keseniane rakyat Banyuwangi. Dadiya dalan padhang anggone seniman hang magih urip kedhungsang-dhungsang mergane nana tanggapan. Miluwa cawe-cawe nyang seniman Banyuwangi hang padha ngasah kreatifitase lan golet panggon identitas. Aja mung manggon ana ring pinggire bupati hang nduwe acara ngeresmekaken kegiyatan seni lan budaya ambi milu nganteni bupati numpuk deriji. Sing lali mesthi aju lungguh nerima dhayoh kehormatan ana ring pendhapa, manthuk-manthuk ana ring sandhinge bupati.
Dhuh Gusti Pengeran! Paran maning mung kepingin golet timplikan aju dienggo munggah nyang kursi kamulyan. Tujuwan lan dhasare Dewan iki digawe dudu mung kanggo iku.
Sakmarine diterima bupati ana ring pendhapa, katone padha jenggirat nggawe tangine Dewan Kesenian Blambangan. Rapat Koordinasi digelar ana ring pelinggihan Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Banyuwangi tanggal 18 September. Keputusane usul lan teka sarane anggota Pengurus Harian mutusaken Musyawarah Daerah Luar Biasa (Musdalub) digelar gancang ring ulan September tanggal 24 taun iki. Aja nganteni ulan Desember sakmarine pilihan bupati.
Jeh! Dengaren dina iki padha cengar kabeh pikirane. Iku hang bener kudune. Sapa bain hang dadi lan kepilih dadi Ketua DKB ana ring Musdalub iku mau sing nduwe kepentingan nyang sapa bain hang bakal dadi bupati mbisukane.
Kadhung Musdalub iku digelar ana ring ulan Desember engko sakmarine pilihan bupati mesthi bain akeh kepentingan nyang bakal calon ketua DKB iku bakale. Nomer siji, kekuwatan pulitik bupati bisa sing bisa mesthi nduwe pengaruh nyang sapa bain hang bakal dadi calon. Nomer loro, DKB, cilik gedhene ya nduwe kepentingan pulitik milih calone kadhung wis ana bupati hang wis sah kepilih. Kadhung saiki digelar iki minangka dadine Dewan Kesenian Blambangan Banyuwangi hang prei teka kepentingan pulitik pemerintahan.
Wis iki bener gancang lakonana Musdalub milih Ketua DKB Banyuwangi definitif ngganteni Ketua DKB hang wis lengser sore merga ana kepentingan pulitik dadi ketua Timses salah sijine calon Bupati Banyuwangi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Seni
Editor: Hani Z. Noor
