Nasibe Sastera Using, Ana ring Pethekele Dhadha Nom-noman Banyuwangi
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Kamis, 26 Desember 2024 10:01 WIB)
- Esai
Dina Ahad tanggal 22 ulane desember, udane sakat esuk nggecek sing ana dereme. Aliye dina iku engko jam sepuluh esuk arep diangkati kegiyatan kumpulan ambi kanca-kanca Sakderma Kanggo Belambangan manggon ana ring Nidom Coffe outlet kutha Banyuwangi.
“Byalak udan iki,” isun usik sakat isuk mau merga wis koncar-kancir isun mbaleni semaya nyang kancanisun hang wis sakat mau nganteni nong Bale desa Gitik merga wis sun semayani melaku bareng. Tadahulatan jam setengah sepuluh isun gancang melaku ambi ngampiri kancanisun.
“Sing nyewa tukang sarangtah endane,” omongisun nyang Satria hang sakat mau katone nganteni ambi hang wadon serta sun ampiri nong Bale Desa gitik.
“Pantese,” saure Satria ambi gancang melebu nyang montor nganggo payung abang.
Sing kariya suwe isun wis gadug panggonan. Jengah isun merga kanca-kanca wis kumpul masiya wangune kecindhilen merga nerabas udan.Kirane gedhe tekade kanca-kana nyang kegiyatan sastra using iki. Peleciran buku antologi puisi-gurit “Serampai Kata Blambangan” wangune diwigati masiya dinane kalangan udan hang sing mari-mari.
Bek.. Wis kumpul kabeh,” omonganisun ambi sing pati dirungokaken Satria polane iyane keberet-beret ngurusi payung hang dijeberaken nong njabane montor.
Jengah isun maning nalikane akeh nom-noman hang wis gelem teka, kayadene Muttafaqur Rohmah, Viefa, Nuhbatul Fakhiroh Maulidia, Xball Ariyasa, Ansorik, Mohammad Novi Yusuf, Alif Maulana, Nur Kumala Saidah, Nur holipah, Heni Kurniawati lan maning ana lare hang magih kelas 7 MTsn Banyuwangi hang aran Rifky Wardatul Umami. Iku kabeh ndadekaken atinisun mongkog mergane sastera Using ring Banyuwangi magih bisa ngadeg jejeg ring roda jaman hang saya suwe saya anter nggiles Basa Using hang ana ring Banyuwangi.
Kadhung magih ana generasi nom-noman hang gelem nguri-uri anane guit using isun duwe keyakinan gok sastera using sing bakal arep ilang teka bumi Belambangan iki. Masiyatah wis anane gurit iki durung bisa kesuwur kaya gendhing Banyuwangi hang wis ngerambah jagat bumi Nusantara, saksing-singe magih bisa ana iki wis ndadekaken ati bungah, merga sing sithik sastera daerah hang ana ring panggonan-panggonan liya wis ilang teka tanah kelairane dhewek.
“Percaya isun nyang wong-wong Banyuwangi iki,” usikisun nong njero ati.
Sastera using utamane gurit pancene salah sijine sastera hang wis sepi teka anggepane wong Banyuwangi dhewek. Sepine uga kebukti ring akehe wong hang gelem milu ana ring kegiyatan penulisan hang digagas Sengker kuwung Belambangan iki hang mung akehe 59 uwong. Iku uga dinyatakaken Kang Iwan ring pidatone mbukak kegiyatan ana ring kana serta iyane mbandhingaken ambi kegiyatan Jambore Satra Asia Tenggara hang dipilone 800 karya penyair-penyair sak-Nusantara 24 – 26 oktober 2024.
Tapi isun ya sing cilik ati, merga ring kegiyatan iku uga ditekani Hasan Basri hang dadi Ketua DKB (Dewan Kesenian Blambangan) Banyuwangi. Tambah-tambah maning Kang Son –celukan kanca kenthele- gelem maca guritanisun ana ring pungkase acara hang aran “Syi’ir Bumi Belmbangan (2). Iki uga nduduhaken kadhung kegiyatan iki dianggep ana wujude ambi dewan hang ngeraksa kesenian ring Banyuwangi iki.
Kirane kegiyatan iki sing arep diendhek mung sakmene bain, merga ring taun ngarep arep dianakaken maning uga ditambah ring antologi cerita cendhek (cercen), gediku imbuhe Antariksawan Jusuf ning pungkase pidhatoneasane ring ngarepe peserta hang nekani Peleciran Buku Antologi Puisi- Gurit Banyuwangi iki.
Kirane mongkoge atine Kang Iwan –celukan kanca kenthele- sing adoh ambi isun anane nasib sastera using ring dina mburian, masiya digempur sing leren-leren sing bakalan ajur merga magih ana ring pethekele dhadha lare nom-noman Banyuwangi, nggawe wong tuwek-tuwek iki bisa ngucap sukur.
“Alhamdulillah,” ucapisun nong njero ati ambi ngerungokaken lare nom-noman maca guritan usinge gentenan ana ring ngarepe para undangan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Literasi using
Editor: Antariksawan Jusuf