Ndeleng Mecungule Sunar Ring Lomba Gandrung Gurit Mangir
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Minggu, 07 November 2021 08:55 WIB)
- Laporan
Kadhung ndeleng semangate lalare lan masarakat ring Lomba Tari Gandrung Gurit Mangir Tingkat Pelajar se-Kabupaten Banyuwangi, mesthine atine wong Banyuwangi bisa nggundha latar.
Kelendi nak using, jare Koordinator Panitia kang Suko Prayitno, pemenange wis rata teka kulon, wetan, elor, kidul.
"Artine kanggo kesenian gandrung wis padha kabeh kemampuane, hing Using, hing Jawa utawa Medura. Dhemen seru ndeleng kahanan gedigu," jare kang Suko.
Paran maning kadhung ndeleng gok acara iki digendhong indhit ambi para seniman. Setemene Tari Gandrung Gurit Mangir iki dadi tema Gandrung Sewu taun iki. Tarine wis digawe lan diajaraken nong sanggar-sanggar tari, aju cumpune acara Gandrung Sewu wurung dianakaken. Para guru uga mikiraken nasibe murid-muride hang perlu sertipikat kanggo melebu nong sekolah lanjutane liwat cara Jalur Prestasi. Lomba iki bisa didadekaken sarana.
Pungkasane Paguyuban Pelatih Tari dan Seniman Banyuwangi (Patih Senawangi) rundhingan lan setuju nggelar acara iki kelawan bandha dhewek. Paran maning saiki anggota Pelatih Senawangi iki saiki nduwe sanggar dhewek-dhewek. Taping merga kahanane magih ana pageblug, cara pelaksanaane rada dipencar ring petang zona.Tepak ngadhep nang Kepala Dinas Kebudayaan dan Pariwisata (Disbudbar) M. Bramuda, pak Suko njaluk dianakaken ring panggonan jujugan wisata. Pak Bram nyanggupi mbantu dianakaken nong hotel.
Zona I dianakaken ring Waroeng Kemarang kanggo lalare hang teka wilayah Kecamatan Banyuwangi, Giri, Glagah, Kalipuro, Licin dan Wongsorejo.
Zona II
Dianakaken ring Hotel El Royal kanggo peserta teka Kecamatan Blimbingsari, Kabat, Rogojampi, Songgon, Muncar lan Srono.
Zona III
Dianakaken ring Hotel Baru Indah Jajag kanggo peserta teka Kecamatan Purwoharjo, Cluring, Tegaldlimo, Bangorejo, Gambiran, Siliragung lan Pesanggaran.
Zona IV
Dianakaken ring Hotel Mahkota Indah Genteng kanggo peserta teka Kecamatan Singojuruh, Sempu, Genteng, Tegalsari, Glenmore lan Kalibaru.
Hang ana ring Genteng, pesertane akeh seru sampek panitia ngewatesi akehe peserta. Merga wektune hang hing nutut teka isuk sampek marek Isak, lan mung ana loro tukang kendhang, ana lare 20 hang sing bisa milu lan dijanjeni milu taun ngarep. Aose wong Banyuwangi iki, kanggo acara gedigenan hing nggelem nganggo iringan kaset, kudu teka alat musik hang temenanan, jare kang Suko.
Dadi jare kang Suko sithik-sithik tujuwan dianakaken Lomba iki wis nggadug. Yaiku kanggo lebih ngenalaken budaya tari tradhisional nong lalare enom-enoman lan merujukaken rasa welas nang budaya tari tradhisional hang ring jaman milenial iki saya suda peminate.
Sanggar lan wong tuwek wis rada lega merga tari hang wis dipelajari bisa ditampilaken. Lalare ana hang ulih sertipikat.
Ketua Dewan Kesenian Blambangan (DKB) dhongkol, pak dokter Taufik Hidayat tepak ngelungaken piyala nang lalare ya ngomong kelendi mongkoge iyane ndeleng lalare magih girang milu nguri-uri kesenian tinggalane embah buyut.
"Isun wis tau nang pirangane negara Singapura, Thailand, Korea, Jepang. Kabeh mongkog ambi kesenian tinggalane leluhure. Kene ya kudu mongkog ring kesenian tinggalane buyut bengen," gedigu jare kang Taufik.
Kang Opik uga ngucapaken terima hang gedhi nang keluwargane Mbah Semi, hang diyakini minangka gandrung wadon kawitan.
Iwuh penyerahan piyala hang dianakaken dina Sabtu 6 Nopember 2021 ring Panggung Omprog Gandrung Waroeng Kemarang Jalan Perkebunan Kalibendo Km 5 desa Tamansuruh Kecamatan Glagah, diramekaken ring Gandrung Marsan pimpinane kang Subari Sofyan. Lalare hang buru sinau njuget bisa ndeleng kepinterane wong-wong lanang njugetaken tari gandrung. Ana adhegan kang Bari ngadeg ring kendhi lan njuget ring ndhuwure. Sakuwise iku, kendi dipecahaken lan kang Bari nyembur uthik-uthik kembang lan beras kuning nang para penonton. Ana tari hang koreograpine apik, ana gendhing lan ana aksi teatrikal. Kadhung masalah iki lalare, kudu sinau nang kang Bari hang nganggo omprog hang beda timbang penari lyane. Omproge katon lebih wera lan akeh ornamen kaca rasa emeh kaya omproge tari janger.
Lombane dhewek dipiloni peserta akehe 568 perorangan lan 232 beregu. Aspek penjuriane ana telu yaiku Wiraga, Wirama lan Wirasa.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.









