Ngaji Barjanji, Serakalan lan Basanan Using (Bagiyan 1 teka 2)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 28 Mei 2024 08:09 WIB)
- Opini
Ngaji Berjanji, Serakalan lan Basanan Using
Ditulis ring Drs.Moh. Syaiful
Setemene serakalan asale teka Asroqol yaiku salah sijine ucapan utawa kalimah ring kitab Al-Barzanji hang aran “Maulidudiba’. Ring kana kasebut lan digawa ring macaane, Asroqolbadru Alaina artine kira-kira wis meledhung ulan ring tanggal limalasan (hang sunare bakal madhangi donya). Hang mesthine iku kabeh arupa kabar apik merga wis lair utusan hang bakal nduduhi dalan padhang nong urip ring alam donya lan sakteruse nong urip ring akhirat.
Serakalan noring Kitab Al Barzanji iki isine riwayate Nabi lan puji-pujian kanggo Nabi, sahabat lan para kerabate Nabi Muhammad. Ring kana, Barzanji diwaca bareng ambi lagu kang wis diajaraken turun-temurun. Macaan Barzanji biyasahe saut-sautan ana hang nggawa ana hang njawab.
Serakalan uga ana hang melesetaken serak-serak bakalan. Sakmarine serakalan wong-wong padha serak. Serak hang dikarepaken yaiku gorokane garing suwarane entek merga dipaksa nyuwara anter. Mesthi bain wong-wong hang milu serakalan sing kerasa dhung wis maksa gorokan enggo nyuwara hang sing madate. Cara serakalan hang saut-sautan antarane hang nggawa lan hang jawab nggawe hang nyuwara sing kerasa merga kabeh padha dhemen.
Ana telung babakan serakalan ring ulan Mulud. Babakan hang nomer siji hang diarani Dikiran, hang nomer loro Macaan, lan hang nomer telu Selawatan. Kabeh babakan dipimpin ambi wong loro yaiku wong-wong hang golongane nggawa siji lan wong-wong hang golongane njawab siji. Dadine ana rong golongan. Sakkarone engko saut-sautan kaya dene wong carukan.
Ring babakan hang kawitan kabeh wong mubeng ana ring langgar utawane masjid ambi lungguh nong mburine dhumpal. Kitab Berjanjine ana ring ndhuwure dhumpal. Pengarep utawane pemimpin hang nggawa sakteruse ngawiti ambi uluk salam. Sakteruse babakan siji diangkati.
Babakan kawitan yaiku Dikiran dikawiti pengarep golongan nggawa, "Assalamualaik…” lan sakteruse. Ring babakan Dikiran iki Kitab Berjanji diwaca dilagokaken. Lagune wis diapalaken ring sakkabehe wong hang milu serakalan. Padha ambi macaan liyane. Saben ganti lagu pengarep utawane pemimpin ngucap salawat, “Allohummasholli ala Muhammad.” Sakteruse dijawab ambi,
“Shollualaik.”
Serakalan ya ana hang nggawa lan ana hang njawab. Ring dikiran gendhinge sing patiya pakem, sithik akeh ulih diuwahi naming hang diuwah iku kudu dimupakati bareng. Mula iku lagu ring dikiran saben desa lan saben kampung ana bedane. Masiya angger kampung ana bedane ring eluk lan gawane naming wacanan wajibe kabeh padha.
Iki jawaban hang wajib padha ana ring kabeh kampung hang ana ring Banyuwangi:
Ya, Abubakar…
Bakar ya Sidik
Ya Maula sahabat Umar ya Umar
Usman Ali,
Ya Hasan Husen…
Zaenal Abidin
Ya Maula Siti Fatimah, Fatimah
Binti Rasuli.
Ring babakan dikiran uga ulih gawe jawaban nganggo basanan using. Kabeh kampung hang biyasahe Serakalan umume duwe basanan Using. Basanan Using hang dienggo njawab iku mau dhewek-dhewek antarane kampung siji lan kampung liyane. Umpamane kaya Gintangan gedigi:
Sholatun ngaji berjanji
Wesi kuning lengkong-lengkongan
Aja getun ditinggal wong siji
Golet maning randha Gintangan
Ring Kaotan lan Ksatriyan kaya gedigi:
Mayo-mayo padha seba
Sebane wong pendhapa
Pendhapane kanjeng Nabi
Dikiran selawat Nabi…
Hang nganggo ajakan makene gelem nuntut ilmu nyang pondhokan uga ana. Pondhokan Jinisari ring Genteng kono mula pondhokan hang biyasahe dienggo nggembleng santrine makene bisa dadi Imamuddin.
Selumpring tibane miring
Goletana selumpring kuning
Nyai-nyai Imam Bakari
Kuthaan dhuk Jinisari
(Ana sambungane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Moh. Syaiful
Editor: Hani Z. Noor