Ngaji Barjanji, Serakalan lan Basanan Using (Bagiyan 2, pungkas)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 29 Mei 2024 06:55 WIB)
- Opini
Ngaji Barjanji, Serakalan lan Basanan Using (Bagiyan 2, pungkas)
Sakliyane iku ana uga hang jawabane rada muyab. Iki karepe makene sing kariya kesel temenan disambi ambi basanan ewer lan kenyab. Iki basanan hang ana ring serakalan kampung Mangir, Gintangan lan Pasinan:
- Siti-siti bersiti-siti
Deluwang putih ditulis mangsi
Nangis-nangis rasane ati
Njaluk kawin ulan Aji
2. Patuk-patuk gawe gemparan
Gemparane kayu jati
Bentuk-bentuk keneng perawan
Perawane anake Mbok Siti
3. Nyang Teruko tuku duren
Nyang Rogojampi liwat Bareng
Ayo kanca padha leren
Ngombe kopi jajan gedhang goreng
Kadhung jawaban hang ring njero Barzanjine kaya gedigi:
Sholatun watas limun
Waijekafta hiyatin
Alamun ala illa
Hurobbusummasholla
Hang liyane maning basanan ring Bahasa Melayu hang uga kerep digawa, umpamane:
Numpak sepedah jangan diputar
Kalo diputar rusak rodanya
Anak muda belajar pintar
Kalo pintar mahal harganya…
Hang liyane ana uga:
Umpal-umpal taline pakis
Beli lumur di tanah Bali
Saya tinggal jangan menangis
Ada umur kembali lagi
Ring kene masiya nganggo campuran basa Melayu naming aksen lan logat magih basa Usingan. Iku kebukti ring ujar lumur. Lumur teka basa Using hang nong Basa Indonesia artine gelas.
Ring babakan nomer loro iki ana babakan Macaan. Hang maca wong siji liyane ngerungokaken ambi niteni wacaane. Kadhung wis gadug ring ucapan Nabi utawa Rosul kabeh bareng njawab ambi sholawat. “Sholallahu alaihiwasalam,…Salamun alaik”. Ring babakan iki hang diwaca iku bab kisah-kisah Nabi. Diwiwiti ambi kisah laire Nabi sampek uripe magih cilik sakteruse nampa wahyu kenabian.
Serta ring babakan nomer telu hang maca ngadeg ambi maca“Ya nabi salam alaika…” Ring babakan selawatan hang maca ngadeg. Iki dikarepaken kanggo ngurmat nyang Kanjeng Nabi ambi maca Sholawat. Kaya-kaya rohe Kanjeng Nabi lan malaikat padha teka ndongakaken nyang wong-wong hang maca sholawat nyang Nabi Muhammad. Mulane ring babakan iki wong-wong serakalan ngadeg ambi maca sholawat ring kitab Barzanji.
Antarane babakan loro lan telu biyasahe ana hang ngeteraken toya arum. Toya arum awujud banyu hang dipethiki ambi kembang lan diirisi godhong pandhan. Banyu aju diwadhahi nong kobokan gedhe. Banyu mau dikelilingaken nyang hang milu serakalan aju diusapaken nyang gulu utawa gorokan. Rasane adhem lan ambune wangi, dikarepaken makene bisa ngedhemaken gorokan hang arep asat. (Setemene tradhisi ana toya arum iki diterusaken teka tradhisi macaan Lontar Sritanjung lan dipercaya dadi asal usule kutha Banyuwangi. Toya (banyu) arum (wangi) - (red). Mari gedigu ana ombenan bir asem utawa wedang jeruk tah wedang jae. Ombenan wedang mau diuteraken nyang sak kabehe wong hang milu serakalan.
Serakalan kadhung digawa kabeh dawane bisa sampek rong jaman lebih. Naming kadhang lagu sing digawa kabeh serakalan bisa gelis marine. Serakalan mari gedigu ditutup ambi donga.
Ring jaman saiki serakalan magih dilakoni ambi wong tuwek-tuwek. Sing akeh wong-wong enom hang bisa maca serakalan iki. Lare-lare enom paling bisane ya mung njawab bain, naming sing bisa nggawa. Merga lagune hang akeh maceme. Lare-lare enom saiki sing pati kuwat kadhung diejak apalan lagu serakalan.
Jare Wak Syafi’i wong Satriyan hang biyasah serakalan ring masjid iki dhung wayah muludan generasi peneruse kari mung saktrapan bain. Karepe Wak Syafi’I kadhung sing ana hang gelem ajar ngaji Barzanji iki, kira-kira wis sing ana maning hang bisa Serakalan. Mula iku lare-lare enom mulai diajari sithik-sithik ngaji Barzanji iki. Iki ya sing dialami ring Masjid Satriyan bain. Ring masjid/langgar liya ya gedigu pisan. Generasi peneruse hang enom-enom wis sara kadhung kon nyekel kitab Barzanji.
Moh. Syaiful
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Moh. Syaiful
Editor: Hani Z. Noor