Ngarepaken Natal lan Taun Anyar ring Hongkong
Tirto Arum (dipublikasikan pada Kamis, 10 Desember 2020 06:04 WIB)
- Esai
Isuk iki silir angin ngawiti ulan Desember, ring Hongkong wis melebu usum mbedhidhing (musim dingin) sampek telung ulan mengarep.
Kaitung sakat tanggal loro Desember sampek rong minggu mengarep, pegawe lan sekolahan dikongkon perei maning ring pemerintah Hongkong merga ana seket wolu murid kelas tari moderen ring dhaerah Mongkok positip keneng virus Covid-19, panggon sekolah tarine saiki wis ditutup lan para korban dirawat intensip ring rumah sakit.
Ring wayah musim dingin gedigi uga bisa nggarai virus Covid-19 saya gampang urip lan semebar ring masarakat. Sawetara iku restoran-restoran wis resmi nganggo aturan gok mangan mung ulih jak loronan paling akeh, sing ulih lebih teka iku.
Wis setahun virus Covid-19 iki semebar ring donya lan durung ditemokaken vaksin hang wis kebukti mandi kanggo ngobati uwong hang keneng viruse.
Saya akeh pisan pegawe swasta hang kepeksa dilereni utawa diumahaken, ale wong-wong iku ya butuh picis kanggo mangan lan biyaya urip saben dinane.
Akeh pisan pegawe hang tetep megawe naming gajine dipotong lan uga akeh hang dipecat.
Kahanan iki mula medeni sawetara nasibe awak hang dadi buruh migran ya sing weruh sampek kapan magih bisa terus megawe gedigi. Mung bisa ngarepaken gok gaji hang ditampa sing dipotong, mikiri kelendi aju nasibe keluwarga ring kampung, merga akeh ring antarane buruh migran iki kepeksa mbara dadi andhelan lan sendhenan ekonomi keluwarga ring desa.
Ring mangsa pandemi iki uga nggarai ana belanja husus yaiku tuku alat kesehatan nganggo picise dhewek merga sing kabeh pegawe migran disedhiyani alat kesehatan kanggo ngadhepi Covid-19 iki lan uga panganan hang sehat kanggo nambah imunitas pegawe, majikan nuntut pegawe tetep megawe kaya biyasahe taping sing gelem ngewani hak njaga kesehatan nyang pegawene.
Sing arang pisan pegawe sing diulihi menyang pereiyan nganggo alasan njaga keamanan teka Covid-19 taping malah ngongkon menyang pasar hang mesthi bain panggonan uwong akeh padha teka merana.
Aju paran bedane? Yong ring pasar ya sing weruh hang teka merana seger tah sing. Malah ana asumsi masarakat gok pegawe migran dianggep dadi wong hang nularaken virus lan iki hang digedhe-gedhekaken. Aju kelendi ambi pendhudhuk aseli hang keneng virus semono akehe kadhung dibandhingaken pegawe migran hang mung pira? Kahanan iki mula seru kerasa sing adil nyang pegawe migran.
Saiki ulan Desember wayahe persiyapan Natal lan Taun Anyar lan uga nyambung nyang Taun Anyar China, mesthi bain kahanan pandemi iki nggarai beda ambi taun-taun sedurunge. Persiyapan lan uga dana hang kudu dihemat merga akehe pegawe hang dipecat utawa diumahaken lan dipotong gajine merga Covid-19 iki. Mung lampu-lampu ring kutha lan taman bain hang magih dipasang kaya biyasahe. Kahanan hang saya nguwatiraken kanggone uwong-uwong hang biyasahe mangan bareng ring restoran tepak wayah pereiyan utawa mengeti sak keluwarga saiki kepeksa mengeti kelawan jenek nong umahe dhewek-dhewek.
Kegiyatanisun ring wayah gedigi saiki, wayah adheme hawa seru nggarai njelu ring belung merga hawane wis limalas derajat uga aturan pemerintah hang menging lungguh ring restoran lebih teka uwong keloronan bain. Ditambah majikan hang wis dikongkon perei merga corona wis tingkat papat, saiki ya balik ubed ring pawon nggaluh gelepung ambi daging iwak nggawe siomay hang bisa dirahabi anget-angetan. Nawi iku kabeh bisa dadi mampaat kanggonisun gok wis balik nyang kampung lan sing dadi pegawe migran maning.
Embuh kapan kahanan kaya gedigi iki nak pungkas, muga pandemi gancang uncal lan kabeh balik normal.
Cheung Sha Wan, 02-12-2020
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Tirto Arum
Editor: Hani Z. Noor
