Ngawiti Normal Anyaran, Kampung Tahu Bukak Maning
Satria Pujangga (dipublikasikan pada Senin, 06 Juli 2020 08:31 WIB)
- Laporan
Sakat anane pandemi Covid-19 iki, kabeh uwong ngerasakaken dampake, hususe dampak ekonomi. Dagangan padha sepi, pegaweyan akeh hang padha perei kelebu kegiyatan-kegiyatan hang umume nekakaken uwong akeh, ya diwatesi lan malah diendhegaken. Kegiyatan hang melebu ring agenda Banyuwangi Festival taun 2020 akeh hang wurung dilaksanakaken kelebu kegiyatan pasar kuliner. Naming, ring bungase ulan Juni kepungkur, Pemerintah Kabupaten Banyuwangi wis mangkat ngelakoni mangsa “Normal Anyaran” kelawan mbukak maning sektor pariwisata. Panggonan jujugan kelenceran wis mangkat ulih idin dibukak kelebu pasar-pasar tradhisional hang ana ring desa-desa lan kutha.
Sing kelalen kegiyatan pasar kuliner Kampung Tahu. Sakat pirang-pirangane ulan kegiyatan pasar kuliner Kampung Tahu Lan Sembarang Ana diendhegaken kerana anane pandemi Virus Corona, saiki wis ulih dibukak maning. Warga Dusun Timurejo seru girange tepak ulih kabar kadhung kegiayatan Kampung Tahu wis ulih idin kanggo ngelaksanakaken kegiyatane maning. Sedurunge kegiyatan iki diangkati maning, Panitia Kampung Tahu teka nyang Kantor Desa Gitik kanggo koordinasi nyang pihak Pemerintah Desa kelendi kudune kegiyatan iki dilaksanakaken lan paran bain hang kudu disiyapaken ambi Panitia Kampung Tahu kanggo ngawiti kegiyatan ring njerone mangsa pandemi Covid-19 iki. Ring sak njerone rapat koordinasi iku, Kepala Desa Gitik nguwani arahan nyang Panitia Kampung Tahu kadhung ngelaksanakaken Kegiyatan Kampung Tahu kudu nurut anjuran teka pemerintah lan kudu ngetrapaken “Protokol Kesehatan Covid-19” temenanan.
Pasar kuliner hang manggon ring Dusun Timurejo Desa Gitik iki, dikawiti maning sakat tanggal 4 Juli 2020. Kegiyatan hang wis dadi salah sijine event ring kegiyatan Banyuwangi Festival iki mula dadi penyokong kekuwatan ekonomi warga ring Dusun Timurejo Desa Gitik. Teka kegiyatan hang dianakaken sak ulan sepisan iki, warga bisa nduweni pengasilan tambahan kanggo nyukupi kebutuhan urip.
Ana hang beda ring kegiyatan pasar kuliner Kampung Tahu ulan iki. Panitia temenanan ulihe ngetrapaken Protokol Kesehatan Covid-19. Ring dalan melebu nyang parkiran disiyapaken panggonan wisuh hang wis dijangkepi ambi sabun antiseptik. Ring lawang korine wis siyap petugas hang nyekel alat Thermal Gun kanggo ngukur suhu badan uwong hang teka lan ana petugas hang nyiyapaken Hand Sanitizer. Sing lali petugas iki ya nguwani peringatan kanggo pengunjung kadhung arep melebu kudu nganggo tongkos (masker).
Protokol kesehatan iki sing mung dietrapaken nyang pengunjung bain, uwong-uwong hang dodolan ring kegiyatan Kampung Tahu iki ya wajib miloni lan ngetrapaken Protokol Kesehatan. Wong dodolan wajib nganggo tongkos lan topong (Face Shield). Ring meja dagangane ya kudu didelehi tebeng kanggo nyegah penyebaran virus Covid-19. Ring sela-selane pedagang ya ana petugas hang keliling ngengetaken pengunjung hang sing nganggo tongkos makene kabeh padha selamete.
Ring kawitane Normal Anyaran iki, sing kabeh pedagang mbukak dagangane. Sundeleng mung separo hang milu dodolan lan dodolane ya sing akeh kaya ring mangsa normal sedurunge ana pageblug iki. Uwong magih padha kuwatir nawi sing ana pengunjung hang teka. Naming miturut Ketua Panitia, ring pembukaan ngawiti Normal Anyaran iki mula nyeja sing bukak kabeh. Mbisuk gebyare ana ring ulan Agustus, wong hang dodol wis mesthi padha mbukak kabeh kelawan rupa hang anyar lan tambah macem-macem dodolan hang bisa ditawakaken nyang pengunjunge.
Muga bain wabah iki agage gelis ilang, makene kegiayatan ekonomi masyarakat bisa balik normal maning kaya biyasahe. Pungkasan mung bisa ndongakaken muga-muga kegiyatan Kampung Tahu tambah maju lan sukses.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.










