Nggedhekaken Karep Literasi ring Mangsa Pandemi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 15 Maret 2021 06:46 WIB)
- Laporan



Akeh cara hang gampang kanggo nyebaraken kekarepan mbangun literasi ring mangsa pageblug iki. Salah sijine kaya hang dilakoni Komisi Nasional Pendidikan (Komnasdik) Banyuwangi, dina Sabtu 13 Maret sore.

Komnasdik nganakaken Gesah bareng lalare milenial teka pirangane wakil perguruan tinggi, kayata Untag, Poliwangi, Unair lan komunitas kanggo mbangun minat maca lalare enom.

Jare ketua Komnasdik Banyuwangi, Rina Kartika, iwuh iki kanggone munggahaken kekarepan lalare enom merujukaken minat maca. Makene pendidikan sak suwene pageblug, hing mandheg.
"Dikarepaken, iwuh iki bisa ngobong semangate kita kabeh, teka macem-macem kalangan kanggo mbangun donya literasi... mulai teka awak dhewek," jare Rina.

Mesthi bain, jare Rina, mbangun donya literasi hing mung maca, nulis taping kelendi bisane nerjemahaken situasi lan kondisi ring sak ubengane kene dhewek, aju mbangun lan ndadekaken lingkungan minangka panggonan sinau lan makarya. 

Iwuh gesah iki uga nggandheng UKM Literasi Untag Banyuwangi lan  staf Milenial Komnasdik Prop. Jatim, hang ngundang Alma Putri Dhiafira lan Achmad Fikri Fitrananda kanggo mbagi motivasi lan diskusi.

Jare Alma, maca, nulis, presentasi minangka bagiyan penting sak perlu nggawa hawa positip kanggone awak dhewek lan lingkungan. Hing maido jebeng iki kerep dadi duta Pertukaran mahasiswa lan malah nerbitaken buku.

Duta staf millenial Komnasdik, Ahmad Fikri Fitrananda ngomong pentinge mbangun donya literasi kelawan rame-rame lan mbangun merek makene bisa dadi gerakan sosial.

Muttafaqur Rohmah teka UKM Literasi Untag Banyuwangi, ngomong gok iwuh Gesah Pentinge Literasi ring Mangsa Pageblug iki dadi tanggung jawab jak akehan merga literasi iku dadi kebutuhane wong akeh.
"Dikarepaken, iwuh iki bisa dadi pecut kanggo wong kabeh sak perlu ningkataken pengetahuane merga ana peningkatan minat maca lan pengetahuan liyane."


Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor