Ngimpi Banyuwangi Dadi Kutha Kembang
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 26 Oktober 2021 06:46 WIB)
- Laporan
Minangka dhaerah kelenceran hang wis kesuwur, paran hang kurang ring Banyuwangi? Kurang kembang, gedigu jare warga Griya Giri Mulya (GGM) Klatak hang ahli kembang, Pak Astro Wardoyo.
Pak Astro ring RT1/RW5 GGM, sakat rong taun kepungkur didadekaken RT. Sakjege dadi RT, pensiyunan guru hang adol kembang lan bonsai iki, njuwuti bibit kembang hang maune arep diedol, ditandur ring pembatas dalan sak dawane dalan melebu nong RTne. Penyawangan hang asri, kembang mekrok nyenengaken ati lan mata wong hang nyawang sak dawane dalan lan setaun jampleng, hing perduli mangsa ketiga tah mangsa rendheng. Tambah panas, kembange tambah ndadi. Umahe hang ana ring bucu, ngadhep ngalor, ketutup kembang teka ngarep sampek melibeng ring wetan umahe.
"Kadhung bengen Suntanduri wit epoh, yara bisa ngerusak pondhasi. Kadhung kembang, sepisan nyenengaken wong hang liwat uga sing kathik ngerumat tapi bisa dideleng asile kapan bain," jare pak Astro hang uga dadi anggota Perkumpulan Penggemar Bonsai Indonesia cabang Banyuwangi. Asile bonsaine wis akeh dituku wong-wong dhaerah liya, utamane teka Bali, lan regane puluhan juta.
Iyane uga ngomong Klatak minangka dhaerah penyangga wisata Ijen, ana telu hotel bintang ring kono, saben-saben diliwati wong kelenceran hang arep munggah Ijen.
"Mesthine kabeh wilayah ring Banyuwangi, utamane ring pendhapa lan dalan-dalan hang nuju panggonan wisata, bisa ditanduri kembang-kembang hang bisa apik disawang," jare pak Astro.
Pak Astro nggawe taman ring RTne taping hing nggelem ngaboti wargane. "Isun nggawene kelawan ati seneng, hing pati kesel lan bisa nyokong wisata Banyuwangi. Tujuwane makene katon endah."
Kepinterane nandur kembang lan ngembangaken wilayahe dadi endah disokong ring lurahe, hang kerep merdhayoh ring kono. "Wesi gedhi hang dadi cekelane wit-witan iki disumbang pak lurah. Kadhung hang cilik-cilik Hun bandhani dhewek," jare pak Astro.
Iyane malah sanggup kadhung mung dijaluk diejak gesah kelendi carane nandur lan ngerumat makene Banyuwangi uga bisa kesuwur minangka kutha kembang.
"Delengen dalan nang Alas Suko, istilahe panggonan elenge semut, adoh ring desa, dalanane bisa katon apik, rijig lan nyenengaken merga ring kiwa tengene ditanduri kembang Andhong hang godhonge abang," jare pak Astro.
Mbangun wilayah hang ditanduri kembang, sampek dadi enak disawang hing perlu suwi, mung butuh waktu enem ulan, wis dadi. Sakmareke, kari ngerawati sithik-sithik.
Hang diperlokaken mung niyate pemerintah dhaerah, aju nyiyapaken bibit hang akeh. Katone Banyuwangi minangka kutha kembang wis wayahe kudu diangkati.
Umure wis 71, taping pak Astro magih telikas anggone ngerijigi kembang-kembang hang ana ring sak ubengan wilayahe. "Masiya nandur kudu ana ilmune. Hang nong umah kene bisa ngembang taping merujuke hing patiya gedhi, hing kaya hang ana ring taman kono. Kadhung hang nong taman kono, kelendi bisa gedhi lan ngembang akeh setaun jampleng. Perlakuane beda."
Ring tangane pak Astro, kembang-kembang hang nong kono, bisa tetep ngembang. Kadhung mangsa rendheng kembange rada suda merga uwite hang saya gedhi, kadhung mangsa ketiga kembange ndadi.
Kadhung umpamane dijaluki tulung ambi Pemda, iyane sanggup ngewani bantuan teknis. "Gratis pokoke arep nggawe apik, makene Banyuwangi tambah kesuwur dadi kutha wisata."
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.









